Pileme Lare Banyuwangi Cerita Ruwede Maneka Budaya Indonesia
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 07 Oktober 2025 08:12 WIB)
- Laporan

Pileme Lare Banyuwangi Cerita Ruwede Maneka Budaya Indonesia
Kelendi nggawa cerita ruwede beda budaya ring Indonesia? Ceritane ana lare lanang Jawa teka Yogyakarta keluwarga Prawiro arane Fajar Prawiro (diperanaken ring Bhisma Mulia, aktor asal Semarang) dhemenan ambi Rahma Mineli lare wadon asal Padang Pariaman keluwarga Mineli (diperanaken ring Maizura aktris asal Makassar). Budaya Jawa hang nggawa aran keluwarga teka garis bapak (matrilinial) kecaruk Minang hang nggawa aran keluwarga teka garis emak (matrilinial).
Cerita budaya Jawa lan Minang ring pilem Menuju Pelaminan (The Road to Marriage) hang dadi sutradara lare Purwoharjo Banyuwangi yaiku Kang Yuda Kurniawan.
"Perbedaan ring Indonesia dudu barang hang kudu diwedeni taping minangka peroses hang kudu dilakoni. Paran maning iki ngomongaken Indonesia kang urip teka maneka suku lan budaya dhewek-dhewek," jare Kang Yuda tepak Gala Premiere ring biskop CGV Grand Indonesia tanggal 6 Oktober.
Carane nyeritakaken pileme lancar lan penonton hing kerasa ana adegan hang mesthi kudu diliwati. Hang nggawe girang, sak dawane pilem iki nganggo basa Jawa lan basa Minang.
Masiya gedigu, Yuda kepingin pileme iki nduweni hawa orisinal hing mung Jawa hang ngomonge sukur digawe-gawe medhok ilat Jawa. Ahire pilihane nang aktor aktris Yogya hang nyokong dadi keluwargane Fajar, dene hang teka Padang Yuda ngejak dosen teater teka Institut Seni Indonesia (ISI Padangpanjang) dienggo ngisi aktris keluwargane Rahma. Maizura dhewek kudu sinau logat Pariaman tepak ngomong nang emak bapake.
Aja maning beda budaya, seduluran bain, antarane anange Fajar, bapake, uwake lan pamane bain bisa dadi bengkerengan hang seperono disidhem, kewetu tepak karaktere ngadhepi masalah hang padha sak suwine melaku teka Yogya nang Pariaman emeh 2000 kilometer.
"Iki pilem perjalanan (road movie), saben ngeliwati kutha kudu mandheg, dadi sutinge ya mandheg-mandheg ring saben kutha hang diliwati."
Suwine suting mung 21 dina taun 2024 taping akeh-akehe adegan disokong ambi teknologi hang diduweni PFN (Pusat Film Negara hang dadi produser pileme) yaiku XR (extended reality).
"Acake engko tepak ndeleng pileme, weruh tah bedane gok iku syuting ring lapangan temenan tah ring studhiyo XR," jare kang Yuda.
Kebeneran tanggal 6 Oktober sore iku PFN genep 80 taun, dadi dirayakaken pisan kelawan nugel tumpeng hang pucuk gunungane diserahaken nyang Yessy Gusman aktris lawas hang saiki dadi komisarise PFN.
Iki uga tetenger kanggo PFN anyar mengarepe minangka "fasilitator dan perusahaan yang terus menjahit cerita Indonesia" jare pidhatone Direktur Utama PFN hang anyar Ifan Fajarsyah hang bengen vokalise band Seventeen.
"Maneka warna budaya iku minangka kekuwatan perfileman Indonesia."
Pilem Menuju Pelaminan (The Road to Marriage) iki arep diangkati diputer ring biskop nasional sakat tanggal 16 Oktober 25, kelebu ring jaringan biskop NSC ring kutha Banyuwangi lan ring Genteng.
Yuda Kurniawan produser lan sutradarane iki hang ngedegaken Rekam Films. Iyane wis nggelibet ring industri pilem lan tipi sakat 2007.
Pilem-pileme akeh hang wis diputer ring pestipal pilem sak donya lan ulih penghargaan kayata Piala Citra FFI 2018, Piala Maya 2019, Piala Maya 2023, Gary L. Hayes Balinale 2023 lan NETPAC Award (Network for the promotion of Asia Pasific Cinema) yaiku penghargaan hang dielungaken nyang Sutradara Asia hang ngewani kontribusi penting kanggone gerakan sinema Asia baru.
Pilem-pileme antarane: Masih Ada Asa (2015), Balada Bala Sinema (2017), Nyanyian Akar Rumput (2018), Roda-Roda Nada (2022) lan Harmoni (2024).
Magih dianteni kapan Kang Yuda iki nggawe pilem hang ngangkat budaya Banyuwangi nganggo basa Using.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.