Porseni Jenjang SD Kabupaten Banyuwangi ring Benculuk

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 18 November 2025 07:35 WIB)
- Laporan



Porseni Jenjang SD sak Kabupaten Banyuwangi dianakaken ring Aula Korwilkersatdik Kec. Cluring lan SDN 5 Benculuk. Porseni hang nganakaken cabang-cabang antarane bain: Lomba Story Telling, Lomba Cipta Baca Puisi, Lomba Gambar Bercerita, Lomba Tetembangan, lan Lomba Tari Tradisi sakliyane lomba-lomba ring cabang olahraga iki dianakaken pas tanggal 17 Nopember 2025.

Lomba hang digelar setaun sepisan iki dikarepaken dadi wadah anyar kanggo nguwataken maning bakat lan kreatipitase lare-lare sakliyane Lomba-lomba hang wis ana kayadene Lomba Literasi Using, Lomba FLS3N lan lomba-lomba ana ring Pekan Seni Pelajar.

Masiya lomba iki sing berjenjang utawa sing ana terusane maning sakmarine juwara kabupaten naming iki bisa dadi papan panggonan kanggo ngesah talentane lare-lare nuju lomba-lomba hang berjenjang liyane maning.

Kasi Peningkatan Mutu dan Pendidikan Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi, Erpandi  S.Pd. nyatakaken ana ring panggonan lomba nggambar, kegiyatan iki ring taun ngarep dianakaken maning. Porseni ring taun ngarep dikarepaken maning arep dianakaken kelawan workshop sulung kanggo guru-guru Pembina sakdurunge lomba dianakaken. Workshop utawa Bimtek hang dianakaken iku makne bisa nguweni persepsi lan madakaken jangkah. Saksinge guru-guru pembina nang sekolaan makne kabeh duwe pondasi hang jejeg anggone ngelatih muride sakdurunge lomba dianakaken. Guru-guru pembina hang langsung adhep-adhepan ambi muride makne duwe wawasan lan keterampilan hang unggul utamane ring cabang-cabang anyar kayadene Lomba Story Telling, Lomba Cipta Baca Puisi, Lomba Gambar Bercerita, Lomba Tetembangan, lan Lomba Tari Tradisi

Ring Upacara penutupane hang manggon ana ring Benculuk peserta uga langsung nerima sertipikat, hadhiyah lan piala. Iki dhaptare pemenang Porseni Jenjang SD cabang-cabang kesenian;

No

Kejuaraan

Cabang Lomba

Nama

Asal Sekolah

1

Juara 1

Story Telling

Erina Kanaya Putri

SDN 1 Rogojampi

2

Juara 2

 

Javier Saivani Qaissalam

SDN 1 Ketapang

3

Juara 3

 

Stacy Keanna Sugiarto

SD Bloom Gambiran

4

Harapan 1

 

Anora Hanifa Nirmala

SDN 1 Licin

5

Harapan 2

 

Giovano Widayanto

SDN 1 Bangorejo

 

No

Kejuaraan

Cabang Lomba

Nama

Asal Sekolah

1

Juara 1

Cipta Baca Puisi

Yukio Affan Arsalan

SDN 1 Bajulmati

2

Juara 2

 

Yasmin Kurota A’yunni

SDN 3 Macanputih

3

Juara 3

 

RR. Qyara Arkana P.B

SDN Klatak

4

Harapan 1

 

Mikaila Zahra Maharani

SDN 3 Taman Agung

5

Harapan 2

 

Muhamad Fathan A.M

SD Muhammadiyah 17 Kalipait

 

No

Kejuaraan

Cabang Lomba

Nama

Asal Sekolah

1

Juara 1

Gambar Bercerita

I Dewa Ayu Meira Maheswari

SDN 4 Penganjuran

2

Juara 2

 

Diajeng Ayu Prameswari

SDN 3 Watukebo

3

Juara 3

 

M. Prince Damian  G

SDN 1 Alasmalang

4

Harapan 1

 

Kyeana Setyo L

SDN 1 Bangorejo

5

Harapan 2

 

Narendra Wisnu Argani

SDN 5 Bulurejo

 

No

Kejuaraan

Cabang Lomba

Nama

Asal Sekolah

1

Juara 1

Tetembangan

Lovela Maysa

SDN 1 Kalibaru Wetan

2

Juara 2

 

Muhamad Akmal Waashif

SDN Kepatihan

3

Juara 3

 

Silva Maulidya

SDN 2 Gladag Rogojampi

4

Harapan 1

 

Muhamad Rizky

SDN 1 Rejosari Glagah

5

Harapan 2

 

Sinta Aura Kasih

SDN 1 Bomo Blimbingsari

 

No

Kejuaraan

Cabang Lomba

Nama

Asal Sekolah

1

Juara 1

Tari Tradisi

Raya Monica Budi

SDN 1 Lemahbangdewo

2

Juara 2

 

Gusti Ayu Felingga

SDN 1 Kumendung Muncar

3

Juara 3

 

Avika Vilencia

SDN 3 Songgon

4

Harapan 1

 

Roro Agista Vayla

SDN 1 Licin

5

Harapan 2

 

Alenza Byanka Santoso

SDN 1 Kaliploso Cluring

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf