PR Gedhi Hang Durung Kelaksan ring Ikawangi Pusat
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 20 Oktober 2025 07:01 WIB)
- Laporan
PR Gedhi Hang Durung Kelaksan Ring Ikawangi Pusat
PR gedhi Ikawangi Pusat hang durung kelaksan yaiku ngedegaken Forum Komunikasi dan Silaturahmi Ikawangi Nusantara, jare Ketua Umum Ikawangi periode 2022-2025 Mayjen (Purn) Rusdi Maksum.
Tepak iyane ngewacakaken Laporan Pertanggungjawaban ring sidang pleno Munas Terbatas Ikawangi Pusat Jakarta dina Minggu (19/10/25), Pak Rusdi salah siji tugas iyane sore hang durung kewujud yaiku ngedegaken jaringan Ikawangi sak nusantara. Rencana iki uga ngelibataken bupati dhongkol Pak Abdullah Azwar Anas lan menteri Pariwisata dhongkol Arif Yahya, naming seperene durung melaku.
Ring Munas Terbatas Kaping 6 hang diamgelar ring Resto Ikan Bakar Banyuwangi Rawamangun Jakarta iku, merga mung ana siji calon hang ndaptar dadi ketua umum, kelawan aklamasi sidang pleno ngelungguhaken Pak Rusdi madeg dadi Ketua Umum hang kaping pindho.
Sidang pleno hang dipimpin sesepuh Pak Hafandi Noer, sekretaris ngerangkep anggota Kang Suryanto lan anggota Kang Ansorik hang uga Ketua Korwil Depok hing kariya sara namtoaken merga calone mung siji.
Sedurunge demisioner, Pak Rusdi wis ngewacakaken Laporan Pertanggung jawaban nang pengurus Ikawangi, pembina lan penasihat antarane yaiku Pak Sutarjianto lan Pak Bambang Sugiyono (ketua umum telung periode sedurunge Pak Rusdi) lan korwil hang duwe suwara.
Seliyane pengurus Pusat, ana wakil teka koordinator wilayah (korwil) Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bekasi, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Kapursuci (Karawang, Purwakarta, Subang, Cikampek), Cisera (Cilegon, Serang), lan uga Kelompok Masarakat (pokmas) yaiku Magenta (masarakat Genteng dan sekitarnya), Gowes Ikawangi, Prajurit Blambangan. Setemene ana pisan pokmas Ikabaru (Ikatan Warga Kalibaru) lan Arisan Pesanggaran hang hing kesebut.
Dene Ikawangi hang wis ulih SK teka Ikawangi Pusat kayata Ikawangi Banggai, Teluk Bintuni ring Papua, Jember, lan liyane hing diejak munas mangkane diarani Munas Terbatas. Naming merga hang teka ana 14 anggota teka 20 hang kecathet, sidange dianggep sah.
Pak Rusdi uga nengeri gok regenerasi ring Ikawangi bakal dadi salah siji masalah hang arep dibecikaken. Hing mung nong ring pemilihan ketua umum, nanging uga ngejak lalare enom makene aktip milu Ikawangi. Kayata, ngejak anak-anake wong Ikawangi kelairan kutha liya kanggo milu nguripi Ikawangi.
Ana usulan masalah aran teka Pak Hafandi Noer, yaiku kadhung Ikawangi Pusat Jakarta iki wis bisa diterima, mesthine arane hing nganggo maning embel-embel Jakarta, dadi cukup Ikawangi Pusat.
Muga-muga masalah hang durung kelaksan ring periode saiki iku bisa digape ring periode telung taun mengarep iki, jare Pak Rusdi.
Sedurunge Munas Terbatas iku digelar, ana upacara cilik nugel tumpeng kanggo mengeti dina dadine Ikawangi Pusat hang kaping 53. ikawangi Pusat lair tanggal 16 September 1972. Merga tanggal 16 September sore hing ana perayaan, dadi tumpengane diselipaken ring Mumad. Tugelan pucuke tumpeng dielungaken nang Pak Hafandi hang aju ngewakaken nang Pak Tarji lan pungkasan diterimakaken nang Pak Bambang Sugiyono.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


