Produksi Jajan Mudhun Seru ring Mangsa Covid-19
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 21 Mei 2020 11:24 WIB)
- Laporan
Usaha jajanan hang kelebu UMKM (Usaha Mikro, Kecil dan Menengah) ring desa Lemahbangdewo taun iki sing padha ambi tahun-tahun sakdurunge. Anane pandemi Covid-19 taun iki usaha jajanan umahan hang wis sakat bengen dilakoni masyarakat desa Mabang iki produksine mudhun.
UMKM (Usaha Mikro Kecil dan Menengah) ring mangsa ngarepaken lebaran taun iki produksine mudhun sampek 50%. Iki hang dirasakaken Kandar salah sijine UMKM jajanan umahan hang manggon ana ring dusun Mabang Krajan lingkungan Mabang Lor. Kandar nggawe jajan opak gulung utawa wirokok iki. Iyane wis ngira kadhung pesenan jajan lebaran arep mudhun mergane masyarakat sing kariya mbutuhaken akeh jajan merga ana PSBB (Pembatasan Sosial Berskala Besar) hang magih ana ring lebaran iki.
Jare Kandar hang meroduksi merek “Dua Kelapa”, lebaran taun sore iyane entek gelepung sampek 1,2 ton saklawase ulan puwasa. Saiki wis mudhun 40-60%, kari mung 600-800 Kg bain gelepunge.
Kelendi maning lebaran tahun iki pancen sing padha ambi lebaran-lebaran sakdurunge. Muga-muga bain Virus Corona iki gancang uwal teka Indonesia iki makene balik maning wong dodolan jajan iki rame maning, gediku Kandar nerusaken keterangane.
Mudhune pesenan jajan lebaran tahun iki uga dinyatakaken Faizal juragane UMKM jajan umahan merek "Anisa”. “Anisa” hang gawe jajan kelemben utawa bolu tape iki bengen-bengen sampek nambahi pegawene dhung mangkat wayah ngarepaken lebaran. “Anisa” hang duwe pegawe akehe 40 uwong iki ring tahun-tahun sakdurunge bisa nambah pegawe njaban sampek 60 uwong. Iku bain magih ana hang lembur 40 wong. Saiki pesenan magih lancar masiya akeh sudane, naming sing ana pegawe hang ngelembur ring tahun iki. Gediku jare Faizal hang duwe UMKM ring pinggir dalan nyang Lugjag iki.
Alhamdulillah magih lancar pesenan jajanan lebaran ring tahun iki. Untunge bain magih ulih munggah rega teka tahun sore.
UMKM jajanan umahan “Aulia” ngakoni pancen bener akehe pesenan jajan mudhun sampek 40% naming magih lancar lan UMKM bisa terus megawe kanggo nguripi ekonomi ring desa, gediku jare Andi salah sijine juragan jajan, hang nyekel “Aulia” nyukupi keterangane kanca-kanca UMKM jajanan umahan ring desa Lemahbangdewo.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Desa
Editor: Antariksawan Jusuf







