Program Sejuta Pohon Teka Ikawangi Jember
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 24 Desember 2021 07:20 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Jember melaku gancang milu perduli nyang lingkungan ring wilayahe.
Masiya buru ngadeg rong ulanan, Ikawangi Jember (Ikaje) wis nggelar "Program Sejuta Pohon" kelawan nandur wit ring pirangane desa ring kana dina Selasa 21 Desember sore.
"Program iki seru epektipe kanggo ngadhang debit banyu hang gemerojog teka wilayah ndhuwur nyang wilayah pendhudhuk ngingsor hang nggarahi belabur," jare Ketua Ikawangi Jember Dr. Slamet Hariyadi.
Paran maning saben wayah ring bungase taun ana bain belahi kayata gunung mbeledhos, banjir lan longsor.
"Iki kudu ana respon hang telikas (fast response) teka organisasi-organisasi sosial kanggo mbantu pemerintah. Mangkane Ikaje nggawe program gedigenan," jare kang Slamet. Ring Jember belahi longsor kedaden ring Kamal Arjasa lan banjir ring wilayah Arjasa ngingsor.
"Dadi mula tujuwan nandur wit-witan iki dienggo ngatasi potensi banjir lan longsor merga saya sithike populasi wit-witan utamane ring wilayah Jember ndhuwuran."
Program nandur wit-witan iki dipiloni sepuluh anggota Ikawangi, dibantu wong-wong desa hang ana ring limang wilayah kecamatan Arjasa yaiku Dusun Krajan, Tegalbago, Bendelan, Calok lan Gumitir.
Bibit wit-witan hang ditandur akehe 2.000 wit kelebu wit woh-wohan lan wit kayu-kayuan kayata duren, apokat, matoa, lan kayu putih (Eucalyptus). Dene bibit wit-witane dijuwut teka Balai Persemaian Permanen BPDASHL Brantas Sampean Jember.
Mengarepe, Ikawangi Jember arep niteni nong endi bain wilayah hang rawan banjir lan longsor makene bisa dianakaken program hang padha.
Ikawangi Jember uga hing mandheg mung nandur taping ngejak masarakat kanggo ngerawat lan njaga wit-witan hang ditandur makene hing ana hang ilang lan rusak.
"Ikawangi tetep milu njaga kelawan ndeleng perkembangan bantuwan wit-witan hang ditandur, kelendi merujuke lan akibate kanggo lingkungan ring kono," jare kang Slamet.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







