Puter Kayun Ceritane Wong Dhongkaran

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 04 April 2026 06:29 WIB)
- Laporan



Adate cerita rakyat, hang urip teka omongan, mesthi bain akeh kembangane.
Kaya cerita asal-usul Watudodol, siji ana hang ngomong gok iku ceritane ana watu mepeti dalan aju didhodhol, hang sijine ngomong gok iku teka cerita ana wong adol dodol aju temublek suwi-suwi dadi watu.
Semono uga teradhisi Puter Kayun Boyolangu. Sore wis diceritakaken, gok iku carane wong Boyolangu buyut-buyute Ki Martajaya alias Ki Buyut Jaksa netepi semaya Ki Buyut Jaksa nang raja jim hang wis mbantu ndhodhol watu.
   Cerita hang sijine liya maning, nurut ceritane wong dhongkaran.
   Uwong dhongkaran seru pathenge ejeg, golet picis kanggo anak rabine. Megawe dilakoni sakat isuk sampek soren, kadhang sampek dalu tengah wengi. Sing ana wektu kumpul ambi keluwarga. Paran maning tepak puwasaan lan ngarepaken lebaran.
   Kang aran penumpang sakat isuk sampek dalu sasate hing ana mandhege. Ngulon, ngetan, ngalor, ngidul nana putuse.
   Ramen-ramene tepak lebaran kopat ngateraken lebarane mulih.
   Sak marine selametan, uwong-uwong padha ngelencer nyang pante Boom. Seru ramene kabeh uwong padha tumplek bleg. Lalare cilik sampek wong tuwek nekani Boom padha memengan ambi ndeleng ulan andhung-andhung. Iki uga kesempatane wong dhongkaran golet picis sak akeh-akehe. Sangking ramene, sak uwong duwe rong jaran. Siji dienggo ngejeg teka isuk sampek soren, hang siji dienggo ejeg sampek dalu.
   Aja takon keluwargane kelendi, ya sing bisa ngelencer kaya dene liyane. Nyaling melaku-melaku kelenceran, unjung-unjung bain mung uman pucuke.
  Para uwong dhongkaran setemene padha nggerundel, sambatan. Keluwarga liya, keluwarga wong dhongkaran hing bisa nong endi-endi merga magih megawe ngateraken penumpang.
   Pungkasane diputusi bareng-bareng, uwong-uwong dhongkaran milih dina perei ejeg, ngejak keluwargane dhewek-dhewek. Dipilih dina kaping sepuluh Sawal kerana wis ngeliwati dina rame-ramene penumpang.
   Tujuwane nyang Watudodol merga pantai Boom wis emeh saben dina diambah masiya mung ngateraken penumpang.
   Aju gadug Watudodol paran hang dilakoni? Anjrahe wong ngelencer, ya adus-adusan, kadhung elom padha mangan olah-olahan hang digawa.
   Merga adoh, hang disiyapaken hing mung panganan kanggo uwonge, naming uga dhedhek lan suket kanggo jarane.
   
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf