Puwasaan, Damkar Rogojampi Ningkataken Kesiyagaane

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 06 Mei 2020 08:07 WIB)
- Laporan



Ring Ulan Pasa tahun iki Posko Damkar Dapil 2 Banyuwangi hang manggon ana ring Jl. Bolodewo eks Kecamatan Rogojampi ningkataken siyagane kanggo ngelayani masyarakat urusan kobongan. Kegiyatane iki dilakoni kelawan terus siyaga lan jaga-jaga uga terus ngecek lan meriksa kesiyapane unit mobil Damkar hang ana ring posko.

Kegiyatan masyarakat ring ulan Pasa iki mesthine tambah rame merga akeh kegiyatan hang sing adoh teka urusan geni. Mula iku unit Damkar perlu tanggap lan waspada makne sing ana kedadiyan hang sing bisa ditangani.

Ahmad Ridwan komandan Posko Damkar Rogojampi aju ngajak masyarakat tetep waspada ring tengah-tengahe kegiyatan masyarakat ring sakjerone ulan Puwasa iki. Iyane uga njaluk nyang masyarakat gage-gage kontak nyang Posko Damkar kadhung ana kedadiyan kobongan. Aja ditangani dhewek masiya kobongan iku dianggep cilik. Makene kedadeyan cilik sing bisa dadi gedhe hang akibate ndadekaken angka kerugian tambah akeh.

Posko Damkar Rogojampi hang nangani wilayah Dapil 2 ngeliputi wilayah kecamatan Rogojampi, Kecamatan Kabat, kecamatan Songgon, kecamatan Singojuruh, kecamatan Blimbingsari lan uga magih ditambah kecamatan Srono lan kecamatan Muncar ring sakjerone ulan Pasa iki magih durung ana peristiwa kobongan, gediku Ahmad Ridwan njelasaken nyang belambangan.com ring Posko Damkar Rogojampi.

Naming dudu berarti Posko Damkar iki sing ana pegaweyan. Sakliyane megawe nangani kobongan, Posko Damkar iki uga mbantu penanganan virus corona kelawan nyemprot dalan-dalan nganggo desinfektan. Saklawase ulan Pasa iki Kecamatan Rogojampi lan desa Lemahbangdewo hang wis tau dibantu nyemprot nganggo unit mobil Damkar kanggo nyegah penyebaran virus corona. Posko Damkar Rogojampi terus siyap megawe bareng ambi sapa bain hang kepingin nyemprot desinfektan kanggo ngendhekaken penyebaran virus Corona iki, Ahmad Ridwan nerusaken ajakane nyang masyarakat.

Ring pungkase cerita Komandan Posko Damkar Rogojampi iki ngajak masyarakat kanggo waspada nyang bebaya kobongan kelawan nguweni kontak hang bisa dihubungi gage. Mula iku gage dihubungi nomer-nomer iki: 1 A. Ridwan (085264613847), Agni Barata (081249022999), Yoga Rudi H (082138442237).

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf