Relawan Banyuwangi Gadug ring Aceh Tamiang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 11 Desember 2025 05:43 WIB)
- Laporan



Relawan Banyuwangi Gadug ring Aceh

Tepak buru gadug, salah siji relawan hang melaku nang Aceh Tamiang, Kang Taufiq Bachamis, teka Banyuwangi, hing bisa ngomong paran-paran ndeleng panggonan hang marek keneng antem banyu belaburan.
   Taufiq, hang lebih dikenal kelawan aran Pak Cik, teka ring Aceh Tamiang lan nyekseni sengsarane wong-wong hang keneng musibah.
   "Kuthane kaya kutha mati," jare Pak Cik.
   Hing maido, merga 262.000 uwonge ngungsi akeh-akehe nong kabupaten tangga yaiku Langsa. Bengen Langsa iki dadi sak kabupaten sedurunge Tamiang misah dadi kabupaten dhewek.
   Mung 36.838 wong hang hing milu ngungsi. Ana 57 wong hang matek lan 23 hang magih ilang durung ketemu.
   Pak Cik dadi anggota tim relawan teka LAZNAS Al Irsyad bareng rong relawan liyane yaiku Samsul Bahri lan Rizki teka Purwokerto.
    Tanggal 8 Desember kepungkur tim iki melaku teka Jakarta dieculaken ring Ketua Umum PP Al Irsyad Al Islamiyyah, Prof. Dr. Faisol Nasar Bin Madi, M.A. Uga disekseni Ustadz Munif Hilabi minangka Dewan Pengawas Syariah LAZNAS Al Irsyad, Ustadz Tohir Bawazir, Ustadz Zaid Talib Alhaddadi minangka Wakil Direktur LAZNAS Al Irsyad.
   Para relawan iki nggawa bantuwan kanggo wong-wong hang dadi kurban banyu belabur hang nyeret kayu gelondhongan gedhi-gedhi.
   "Akeh hang ngungsi, aju mulih ngedegaken tendha-tendha ring pecake umahe," jare Pak Cik.
   Ring sambutane, Pak Faisol ngarepaken tim relawan iki hing mung ngelungaken bantuwan darurat, naming uga bisa nggawe program recovery hang ngewani manpaat kanggo wong-wong iku makene bisa gancang jenggirat tangi maning lan nguripi awake dhewek.
   Tim relawan teka Al Irsyad nggawa picis, obat-obatan, pembangkit listrik tenaga serngenge, penganggo njero wong wadon, sembako, genset BBG, genset BBM, mesin pemurni banyu, recovery sumur cincin lan sumur bor.
   "Ring kene kerja sama ambi pirangane relawan teka lembaga liyane kayata kerjasama kesehatan ambi Alzis Al Washliyah, Ustadz Derry Sulaiman lan komunikasi ambi relawan teka pirangane panggonan ring Sumbar, Sumut lan Aceh."
    Kadhung wong Banyuwangi kepingin milu urun nyumbang liwat Al Irsyad bisa ngubungi WA +628128556598 lan rekening donasi Bank Syariah Indonesia 888-0-444-008 atas nama Lasnaz Kemanusiaan Al Irsyad Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor