Rerijig Makam Bupati-Bupati Banyuwangi 1782-1789

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 20 Desember 2025 08:08 WIB)
- Laporan



Rerijig Makam Bupati-Bupati Banyuwangi 1782-1789

Makam Bupati Bupati Banyuwangi hang panggonane ana ring kulone Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi wis Katon rijig lan mernahaken.
   Kerana lingkungane ketata apik. Tamane ndhemenaken lan makam inti kaya makame Kanjeng Raden Tumenggung Pringgo Kusumo Bupati kaping lima Banyuwangi taun 1867-1881.
   Para Bupati hang ana ring komplek makam iku yaiku Mas Thalib kelawan gelar Kanjeng Raden Tumenggung Wiroguno II hang dadi Bupati ring taun 1782-1818. Bupati Banyuwangi hang kaping telu yaiku Kanjeng Raden Tumenggung Suronegoro taun 1818-1832, Bupati kaping papat, Kanjeng Raden Tumenggung Wiryodanu Adiningrat taun 1832-1867. Bupati hang kaping enem yaiku Aryo Sugondo kuburane ana ring Pasuruan. Bupati kaping Pitu yaiku KRT Astro Kusumo taun 1888-1889. Ana siji maning Bupati hang kaping 25 yaiku Kang Ir. H.Samsul Hadi hang ngabdi tahun 2000-2005. Kok bisa Kang Samsul dikubur ring kompleks kuburane Bupati-Bupati," ujare juru sereg Kang Sukur, merga keluwarga Mas Alit hang njaluk. "Kang Samsul iku magih ana pertalian keturunan ambi Mas Alit," abane mungkasi gesah ambi belambangan.com, Sabtu, 20/12.
   Rijig-rijig makam Iki kelebu salah sijine agendha kegiyatan Hari Lahir Masjid Agung Baiturrahman (MAB) Banyuwangi hang kaping 252 taun 2025.
   Pembina Yayasan MAB, Iwan Azis Siswanto nyampekaken kadhung rijig-rijig mula agendha tahunan MAB.
    "Paran perlune? Supaya ahlul masajid tetep enget kadhung bengen antarane pemerintah ambi masjid keliwat rakete. Merga panggonan ibadah kaya dene masjid iku salah siji bagiyan hang kudu diurus pemerintah," abane.
   Uwong-wong hang milu rijig-rijig yaiku teka unsur pelaksana kegiatan MAB yaiku Remas, Pemuda MAB, Takmir, Karyawan, Ustad-Ustadah TPQ Baiturrahman lan jamaah MAB.
   Sak marine rijig-rijig kabeh hang teka aju nyekar lan ditutup kelawan tahlilan ring area makam.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor