Resepsi Unik Ring Mangsa Pandemi Covid-19

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 18 Agustus 2020 08:31 WIB)
- Laporan



Melebu ring mangsa new normal yaiku mangsa masarakat kudu bisa urip kaya normal biyasahe naming nganggo protokol kesehatan covid-19. Ring mangsa iki uga diarani mangsa transisi yaiku mangsa peralihan antarane mangsa PSBB nyang mangsa normal biyasah, mestine magih akeh masyarakat hang kudu ngelakoni hajatan hang sing bisa diendheg anggone kepingin ngelakoni urip normal, kayadene hajat pengantenan iki.

Pemerintah Daerah Banyuwangi liwat Satgas Gugus Covid-19 wis nggawe aturan hang pancen lan mugen kaya dene protokol kesehatan penanganan pencegahan penyebaran covid-19 iki. Iki kabeh mestine kanggo keselametane Warga masyarakat Banyuwangi makene sing dadi klaster anyar penyebaran covid-19. Mula iku kumpulan hang ngelebihi wates akehe kudu dicegah, pengantenan, ritual adat, sunatan lan hajat liyane  ulih dianakaken naming sing ulih ana kumpulan lan gerombolan uwong akeh. Kadhung kepaksa dianakaken kudu netepi protokol kesehatan pencegahan penyebaran covid-19 hang pancen temenan, kayadene pengantenane Vicky Hendry Kurniawan ambi Hermisa Ade Aprila hang nganggo konsep drive thru (montore liwat).

pengantene vicky 13.08.20

Drive thru iki hang koleman sakdurunge ulih ulem-ulem teka kiriman whatspp hang wis diendoni barcode ring ulem-uleme. Barcode engko discaning ambi tukang terima-tamune sakdurunge montor utawa sepidhah udhude melaku melebu nyang kuwadhe. Panganan lan ombenan wis dicepakaken nong kothakan hang diuwakaken mari barcode discanning. Mari ngelungaken amplopane montor utawa sepidhah udhud sakteruse melaku nyang panggonan kuwadhe. Hang koleman kudu nganggo masker lan mung ulih nbukak kaca cendhelane bain.

Pengantene nong kuwadhe nganteni ambi mertuwa lan wong tuweke nganteni nong kuwadhe ambi nganggo topong  (face shield) lan mung bisa manthuk-manthuk ambi munyik nyawang nyang hang koleman ngucapaken salam teka njero montor.

pengantene vichy Hendri

Pengantenan hang kaya gedigi iki anggone ring Banyuwangi pancen magih durung anjrah beda ambi hang ana ring kutha-kutha gedhe liyane. Naming anggone pengantenan iki kudune bisa dadi  conto wong-wong hang arep ngelakoni hajatan penganten utawa sunatan, iki temenan anggone netepi standar protokol kesehatan pencegahan penyebaran covid-19.

Mesthi bain panggonane kudu dipilih panggonan hang bisa munyeng makne montor lan sepidhah udhud sing macet kadhung hang koleman tekane bareng. Naming iku kabeh bisa diatur teka waktu utawane jam hang ana ring ulum-ulem makene tekane hang koleman sing bareng-bareng.

Vicky Hendri Kurniawan hang salah sijine videographer lan sinematographer Banyuwangi hang wis kesuwur iki nyatane wis mikiraken temenan nyang standar protokol kesehatan kanggo pencegahan penyebaran virus covid-19 iki. Akeh netizen hang ana ring Facebook lan Instagram kaju nyang resepsi pernikahane uwong hang wis koncar-kancire menang lomba videography lan sinematographi tingkat nasional iki.

saksine bupati

Sakdurunge Vicky uga wis nganakaken akad nikahe manggon ana ring Hall ring Hotel Aston salah sijine hotel kesuwur ring Banyuwangi hang disakseni dhewek Bupati Banyuwang A. Azwar Anas. Akad nikahe hang disiaraken langsung ana ring facebook, sampek repotan iki ditulis wis ana 1300 tayangan hang nonton. Muga samawa Vicky Hendri Kurniawan lan Hermisa Ade Aprila muga uga bisa terus tambah gedhe semangate mbangun videography lan sinematography Banyuwang iki. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf