Revitalisasi Basa Using Dipasrahaken Nyang Pemda

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 31 Januari 2026 08:27 WIB)
- Laporan



Revitalisasi Basa Using Dpasrahaken Nyang Pemda

Kepala Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT), Dr. Puji Retno Hardiningtyas. dina Jemuwah (30/1) negesaken program Revitalisasi Bahasa Daerah (RBD) kanggo basa Using taun iki wis dipasrahaken nang pemerintah daerah.
   Maksude, program hang wis melaku telung taun iki ring taun 2025 kelebu hang pungkasan teka BBJT, naming magih ana program Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) ptopinsi lan Pengimbasan hang digelar setaun sepisan hang bisa dipiloni lalare Banyuwangi.
   Ibu Retno sore njelentrehaken programe nyang tim Dinas Pendidikan Banyuwangi hang dipimpin PLT Dinas Pendidikan Dr. Alfian ring aula Dinas Pendidikan Banyuwangi.
   Dr. Oktavia Vidiyanti, teka BBJT, nang belambangan.com ngomong gok RBD hang dipasrahaken pemerintah taun iki seliyane basa Using uga basa Medura kanggo petang kabupaten ring pulo Medura yaiku Sumenep, Pamekasan, Sampang lan Bangkalan.
   "Masiya hing ana RBD kanggo pulo Medura lan Banyuwangi, tapi magih ana Pengimbasan lan FTBI propinsi," jare Bu Okta.
  Pemerintah daerah ring kene yaiku Dinas Pendidikan sanggup nggelar bimtek guru master hang magih dipantau ambi BBJT, jare Okta hang asale teka Banyuwangi.
   RBD ring Banyuwangi lan pulo Medura wis dilaksanakaken sakat 2023-2025.
   Dene sakat taun sore RBDne dipiloni Kabupaten Sidoarjo Kabupaten Gresik lan Kota Surabaya kanggo basa Jawa lan Situbondo, Bondowoso lan taun 2026 tambah Pasuruan lan Kabupaten Pasuruan.
   Ring Banyuwangi, pemdane setemene wis nggelar Festival Literasi Using sakat 2021 seperene.
    Ring festival iku ana pitung mata Lomba yaiku Nulis Aksara, Nulis Cerita Cendhek, Maca Gurit, Nembang, Pidhato, Ndongeng, Ngewer. Hang dadi juwara ring Literasi Using iki milu Selebrasi FTBI ring Surabaya.
   FTBI digelar kanggo ngurangi pelayune musnahe basa lokal lan uga merujukaken rasa mongkog lare-lare enom nang basane dhewek.
   Nurut cathetane Ibu Retno jumlah guru hang milu RBD basa Using akehe ana 60 (taun 2023), 100 (2024) lan 51 (2025).
  Dene murid hang milu pengimbasan ana 772 lare (2023), 4011 (2024) lan 4545 (2025).
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.