Revitalisasi Basa Using Magih Ana Taun Ngarep

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 12 November 2025 07:51 WIB)
- Laporan



Revitalisasi Basa Using Magih Ana Taun Ngarep

Ketua Panitia Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) Okta Vidiyanti negesaken gok Basa Using tetep dadi salah siji basa ring Jawa Timur hang direvitalisasi.
   "Jare Ibu Kepala (Balai Bahasa Jawa Timur), merga kabupatene mung siji, Using hing ana musuhe dadi tetep arep dijugeri. Taun ngarep tetep diterusaken (programe)," jare Okta.
   Sedurunge ana kabar gok Revitalisasi Bahasa Daerah iki programe mung telung taun. Ring Banyuwangi dikawiti taun 2023, dadi mesthine taun 2025 iki taun hang pungkasan.
  Ring acara Lomba FTBI hang digelar rong dina sedurunge Selebrasi tanggal 8 Nopember, dipiloni 311 peserta teka Sumenep, Pamekasan, Sampang, Bangkalan, Situbondo, Bondowoso kanggo basa Medura lan Kabupaten Sidoarjo Kabupaten Gresik lan Kota Surabaya kanggo basa Jawa.
   Dene basa Using, Lombane nganakaken dhewek arupa Festival Literasi Using tanggal 1 Nopember kepungkur.
   Ana pitung mata Lomba yaiku Nulis Aksara, Nulis Cerita Cendhek, Maca Gurit, Nembang, Pidhato, Ndongeng, Ngewer. Merga ana tingkat SD lan SMP ana 14 lare hang juwara Literasi Using iki hang milu Selebrasi ring Surabaya.
   Pemenang lombane ana 42 kanggo basa Jawa, 84 kanggo basa Medura lan
14 kanggo basa Using.
   Lalare hang menang ring tingkat propinsi iki sakteruse arep diundang ring selebrasi tingkat nasional.
"FTBI digelar kanggo ngurangi pelayune musnahe basa lokal lan uga merujukaken rasa mongkog lare-lare enom nang basane dhewek. Hang uga penting yaiku kerjasama ambi pemerintah dhaerah," jare Kepala BBJT Puji Retno Hardiningtyas.
   Setemene sedurunge Badan Bahasa nggelar Revitalisasi Basa Using, Banyuwangi wis nyulungi kelawan nggelar Festival Literasi Using taun 2021. Mula sakat 2023, lombane diselarasaken ambi programe Badan Bahasa. Mangkane Banyuwangi ana tambahan dhewek seliyane pitung mata lomba iku yaiku Memengan Sandhiwara.
   Dene Dora Amalia, Kepala Pusat Pengembangan dan Perlindungan Bahasa dan Sastra, Badan Bahasa, ngarep-arep lalare hing mandheg ulihe nganggo basa dhaerah sakuwise ulih piyala taping pating ajeg nganggo basa dhaerah nang keluwargane lan kancane. Utamane lalare iki bisa selabar nang kanca-kancane paran hang dirasakaken nong kene makene saya akeh lalare hang gelem milu acara iki mbisuke.


   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : KePoto: Tengen, Kepala BBJT Puji Retno Hardiningtyas lan Ketua Panitiya FTBI Okta Vidiyanti

Editor: Hani Z. Noor