Rihlah Romadon ring Festival Al Banjari
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 09 Maret 2026 07:15 WIB)
- Laporan
Kanggo ngeliri kegiyatan ring jerone ulan puwasa Ramadhan, Pengurus Sub Rayon Ikatan antri Salafiyah Syaif’iyyah Sukorejo (IKSASS) Banyuwangi Tengah Putri nganakaken Festival Al-Banjari “Rihlah Ramadhan Santri 1447H”.
Acara hang diangkati dina Minggu (8/3) ring latar kidul menara Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi iku dipiloni 25 peserta teka wilayah Banyuwangi Tengah. Teka selawe peserta iku ana hang lanang thok, ana wadon thok, ana uga hang campuran. Saben peserta kudu nyukupi anggotane sepuluh santri hang umume uwis umur-umur remaja.
Pendampinge panitiya, Ustadz Amin njelasaken, Rihlah iku maknane lakon hang diperuput kanggo golet ilmu. Paran kaitane ambi Festival Al-Banjari iku?
“Dikarepaken kelawan anane festival, kanca-kanca santri bisa petan-petan kelemahan lan kekurangane dhewek-dhewek. Ngakoni kelebihane kelompok peserta liyane. Sing wangkod-wangkodan, pokoke golongane dhewek hang paling apik lan mesthi menange. Iku arane karepe dhewek lan sing nyilepi maknane rihlah kono mau”, abane salah sijine mubalig Banyuwangi asal Kec. Giri iku.
Salah siji anggota Dewan Juri, Nabil, nyampekaken, peserta duwe kelemahan lan kelebihan. Taping rata-rata uwis apik kabeh. “Mung bain, kadhang ana bagian –Hadi- yaiku hang tukang nggawa, keceklik suwarane. Nalikane latihan nawi bain kuwat kanggo nggape nadha dhuwur. Naming nyatane, wektu tampil napase sing ditata, suwarane sing nggadug kanggo nadha dhuwur, ” abane anake salah sijine Imam Rawatib Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, Ustadz H. Juwaini iku.
Pungkasane, sak marine engkel-engkelan antarane anggota Dewan Juri, njumbulaken peserta hang dianggep dadi juwarane. Yaiku:
1. Shympony of Soul
2. Soleho Premium
3. Iktimatul Qamar
Lan The Best Jingle: Farisul Fursan
Sekretaris Yayasan Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi, H.Abdullah Fauzi makili kabeh pengurus nyampekaken kesuwun ning penyelenggara hang gelem nganggoni latar Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi kanggo kegiatan positip. "Sun karepaken, taun taun ngarep bisa dianakaken maning ring kene," abane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.