Rombongan Patrap Medura Merdhayoh ring Puri Gumuk Merang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 09 Juli 2026 07:04 WIB)
- Laporan



Jamaah holaqoh Shilatun ke Dzat Maha Suci Illahi Robbi teka Medura merdhayoh ring pusat Patrap nang Puri Gumuk Merang Kelurahan Penataban, Giri, Banyuwangi, Sabtu (4/7/26).
   Rombongan nunggang bis kapasitas 60 penumpang kelawan tujuwan kawitan jiarah nang Makam Embah Mas Mochammad Saleh Manggisan hang urip ring jamane Bupati Pringgo Kusumo.
   Embah Mas Mochammad Saleh alim ulama magih keturunan getih biru Belambangan. Ana sebagiyan jamaah uga jiarah kubur nang Makam Waliyullah Datuk Malik Ibrahim ring Kampung Arab Lateng hang adohe mung atusan meter teka Manggisan.
   Aju diterusaken sembahyang Magerib-Isak ning Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi sekalian kecaruk dulur-dulur hang manggon ring Banyuwangi. Antarane anggota Paguyuban Joko Thole, Hariyanto lan Asrawiyanto, hang kerep patrap ring mburi musholla Kali Tong pareke sumur Sritanjung saben Minggu dalu.
   Rombongan hang dipimpin Syahroni seteruse  melebu Puri Gumuk Merang ditemoni ring rabine ruwahe H. Slamet Utomo lan anake hang nomer telu Hang Bargowo.
   Bargowo utawa Mas Wowok mimpin laku patrap hang nggeteraken kanggo ngundang lan ngarep-arep bisa nyambung nang Gusti Pengeran Alloh SWT. "Alhamdulillah..Terami Ya Alloh, Ndika sukani nikmat oksigen sampek jantungkula obah, getih mili lan organ awak melampah sedaya," jare Mas Wowok nuntun kelawan alus mane lurus tauhide.
    Ritual kira-kira 33 menit dipiloni wong kabeh, sampek kabeh ngerasa lega lan girang, yaiku sakbenere tujuwan para musapir hang dianakaken saben ulan Muharram iki. Aju sakteruse wong-wong iku jiarah ring Makam H. Slamet Utomo hang sampek umur ulan Desember 2016.
   Jare Santoso salah siji wong perintis patrap nang Medura, wong-wong iku nyelengi saben minggu utawa saben ulan dienggo milu merene.
    Setemene, jare Romli, ring Medura akeh kelompok majelis patrap semebar ring Bangkalan, Sampang, Pamekasan lan Sumenep. Laku patrap dianakaken saben Minggu dalu ring umahe Ustad Syahroni ring Batang-Batang hang uga dipiloni keponakane penyair Celurit Emas KH D. Zawawi Imron lan Ustad Djunaedi alumni UNEJ.
   Jare Mas Wowok iyane kawitan sinau patrap taun 2008, milu ring macem-macem majelis holaqoh nang Temenggungan, Kepatihan, Kalipuro uga noring pondhoke Ustadz Abu Sangkan Abdulshomad hang merujukaken  Sholat Khusuk Center.
   Puri Gumuk Merang ring parek pom bengsin Gajahmada Penataban uga mbukak sinau patrap bareng kanggo wong anyaran saben Kemis dalu.
   Seliyane ring Medura, hang miloni patrap ana hang manggon ring Bali, Jakarta sampek Singapur.

(Bung Aguk Wahyu Nuryadi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.