Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 10 Mei 2026 06:57 WIB)
(Roncean Cerita) Conthong, bag. 4
Dianggit ring Kang Ujik
“Uwis pokoke pamit golet penggaweyan. Nalika iku Isun kaya ana hang mbisiki:-nyang Surabaya bain- abane. Bisikan atinisun ya Sun turuti. Isun nyang Surabaya tanpa jujugan alamat. Menyang wis...nunggang bis. Gadug Bungurasih subuh. Mangu-mangu sampek nganteni sembayang duha hang Rika ajari bengen ring masjid terminal. Mari gedigu, nunggang bis kota,” ceritane Munir hang sing kathik dideleng bis kota iku liwate ning dalan endiyan bain. Sampek melebu terminal Bungurasih maning. Munir ganti Bis kota. Nunggang maning keliling-keliling sampek melebu terminal Joyoboyo-Wonokromo. Ganti bis kota muter-muter maning sampek melebu terminal Bratang, ganti bis kota maning keliling-keliling sampek sing weruh nalika iku iyane uwis gadug endi maning.
“Lah….Isun mesthi lungguh ring kerosi mburi hang kenceng lompongane kerosi bis. Sikil Sun kunjuraken mengarep, boyog Sun sendhenaken ring sendhenane kerosi. Karepisun nak turu. Durung sampek merem, ana conthong digawa angin teka ngarep. Gemelindhing, mandheg sedhela aju gemelindhing maning sampek gadug ring pucuke sepatunisun. Eh, kemesar Isun…..kek delengen kek rambut tanganisun ngadeg kabeh……kek, kek…..!” abane Munir ambi nduduhaken ning Surik.
“Terus, conthong iku Rika juwut?” uruse Surik. Munir manthuk-manthuk.
“Conthong iku teka suwekan koran. Serta Sun juwut lan Sun waca, ana dhaptar lowongan pegaweyan. Isun langsung nyurut sikil. Sun balen-baleni ulihe maca. -Dibutuhkan tenaga ahli service blower kapal laut- gedigu unine. Isun masa mikir pengumuman iku taun pira. Uwis tutup apa durung. Isun langsung lungguh ring kerosi ngarep lan ngomong kadhung Isun mudhun ring alamat hang ketulis ring pengumuman kono mau,” ceritane Munir ambi nyusuti keringet hang ana ring bathuke, nganggo seputangane.
“Rika nggoleti alamate iku, ketemu?”
“Ketemu. Isun kaya ana hang nyurung-nyurung -gancang melebuwa- Emane Isun ya uwis nulis lamaran. Mung bain, aran perusahaan hang Sun tuju, durung Sun tulis. Sekala iku, Isun ngisi - kepada yang terhormate. Eh, alhamdulillah Isun langsung ngadhep pimpinane. Mari gesah-gesah suwi, takon-takon pengalaman kerja lan ndhedhes asal-usule sertipikat hang Sun lampiraken. Ya kerana Sun jawab paran anane, Isun langsung tandha-tangan perjanjian kerja. Mari ngisi berkas-berkas, Isun dikongkon istirahat sulung, bengine Isun diejak berangkat nyang NTB, njujug ring pelabuhan Lembar”.
Munir sing kongang ngabari rabine kadhung uwis ulih pegaweyan lan nalika iku aju diejak nggarap blowere kapal hang rusak. Sak kapal sing mung siji titik hang ditangani. Sedheng akehe kapal ana 5 hang ngedhok. Sak kapal mangan wektu sampek sewulan. Ring pelabuhan Lembar, sampek limang ulan. Aju ngalih ning pelabuhan Soekarno Hatta Makasar-Sulawesi. Ring kana mung sewulan. Ngalih maning ning Waengapu NTT, lawase petangulan, ngalih maning ning Gorontalo.
“Lah….ring Gorontalo iku Isun emeh setaun. Kapal hang ngedhok ana sepuluh. Ya Sun lakoni bain wis. Byek, sing wani sambat Isun, Rik. Raina bengi nyandhak pegaweyan. Istirahate ya nalika madhang lan sembayang. Mari teka Gorontalo aju nerusaken lakon nyang pelabuhan Yos Soedarso-Maluku, nerusaken ning pelabuhan Buli Maluku Utara. Ipek-ipek ning Maluku iku mung rongulan. Jare Isun aju terus mulih. Eh, bosisun diweni informasi kongkon langsung nyang Sorong Papua Barat. Ning kana telung ulan maning lan pungkasan ring pelabuhan Dapapre Papua,” jare Munir, ceritane ambi rada mberebes mili.
“Rika gok arep nangis, Nir?”
“Bayangena tah Rik! Kemanten anyar hang sedurunge nggelibag dadi-nggelibag dadi, aju misah sampek emeh telung taun, sing kathik kirim-kirim berita, kelendi nasibe rabinisun iku ya mandheg ngelus dhadha bain. Nalika uwis balik maning ning Surabaya iku, Isun buru bisa kirim surat. Ambi bos, Isun dikongkon perei sewulan. Lha….Sun sempataken mulih merene kawitan, ha,ha,ha…….!”
“Gok mara-mara gemuyu Rika, Nir?”
“Ha,ha,ha……Isun dhodhog-dhodhog lawang ambi uluk salam, byek….emak-apak-adhik-rabinisun, semaure anter lan emeh barengan. Kaget ana suwaranisun. Wangune tepak ngelumpuk lan nggesahaken Isun hang nana beritane. Serta keluwarganisun rebutan mbukakaken lawang, mandheg grek nulihi Isun sakat teka rambut endhas sampek sikil. Rada suwi buru rabinisun nyebut aranisun setengah takon – Kang Munir? Abane,” cerita munir hang uwis dikabaraken macem-macem ambi tangga. Hang jare ana tangga nyaruki Munir ngemis ring terminal Joyoboyo, ana hang ngomong maning, Munir mbecak ring pasar Wonokromo jare ana hang ketemu Munir milu bingkil ring dhaerah Genteng Kali.
“Terus, apuwa sih gok keluwarganrika kelebu uga rabinrika uwas-was ning Rika?”
“Eh Rik. Saiki iki uwis rada balik kuning maning kulitisun. Bengen katon untu-untu thok. Rai mbelanges. Arep sing gempung kelendi, sabendina ring panasan. Isun wektu iku nakokaken Rika ning apak. Jare Rika ngulang ring Madrasah Ibtida’iyah Nurul Islam Desa Kelir. Dadi Isun sing bisa ketemu Rika”.
“Munggone, Isun ana, kira-kira ya was-was pisan yoh. Iki Munir tah sapa?”
“Bisa bain gedigu, Rik. Ulih setengah ulan, Isun balik maning nyang Surabaya. Tuku umah ring perumahan kana. Yaiku wis, wong wadon aju Sun gotong merana. Kadhung ana tugas luar pulau maning, emak lan adhikisun kon ngerewangi Yani”.
“Sampek seperene, kira-kira uwis pirang puluh taun Rika megawe ring perusahaan iku, Nir?”
“Kira-kira, ana nawi selawe taunan gedigu”.
“Selawe taun iku keliling pelabuhan terus?”
“Ya using, wis. Keliling Indonesia iku kira-kira pitung taun. Selebihe sampek seperene panggonanisun iku ning ngarep dhewek. Ring tengah-tengah, ngadhepi meja papat. Ning mburine saben-saben meja iku ana mejane papat edhang. Sampek saiki iki, Isun durung paham apuwa gok tatanane meja iku kaya gedigu”.
“Iku sak ruangan?”
“Iyok!”
“Cara ring kantor bagiyan, Rika iku kepala bagian. Uwong papat ringarepe iku kepala sub bagian. Ringisor Rika. Liyane hang enem belas iku stap. Dhuwur jabatan Rika iku. Kadhung ning pemerintahan Rika masa bisa duwe derajad kaya gedigu iku, kadhung sing sarjana, kerep nguweni upeti lan tega nyikut-nyikut liyane. Sing bisa. Untung Rika. Ya ikulah…..ulihe uwong sabar, neriman lan tekun kaya Rika iki!”
“Dadi, Isun iki, kepala bagian yoh?”
“Iyok, Nir. Eh…aju kabare Selamet hang Rika tinggal ning Depok-Bogor kana iku kelendi, Nir?”
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.