Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 19 Oktober 2025 08:12 WIB)
(Roncean Cerita) Gendhing Kembang Cicir (2)
(Roncean Cerita) Gending Kembang Cicir (2)
Mariyamah keturon. Endhase nindhihi buku tulise. Bik Asanuk, emake, njumbul ring lawang kamare. Weruh anake kesirep, Bik Asanuk edheng-edheng narik buku hang ditindhihi endhase Mariyamah aju diwaca. Mari maca Bik Asanuk dhileg-dhileg ambi ngelus-elus rambute anake. ”Isun wis ngerti sakat bengen….Sira keloron iku dhemenan. Naming nyatane Sira keloron durung wani ngomong gok padha-padha dhemene…!” batine Bik Asanuk aju ngetap buku tulise kono mau ring iringane endhase Mariyamah
“Mar….Mariyamah….ngalih, Beng….kadhung turu mapana hang enak apuwa yoh…..!” gugah Bik Asanuk ambi nyekel pundhake Mariyamah hang sing kathik semaur aju ngadeg ambi merem. Bik Asanuk nuntun Mariyamah sampek gadug kasure. Mariyamah nggelethak sak teblug-tebluge. Mari ngemuli anake, Bik Asanuk mateni damar kamar aju metu teka kamare anake.
Bengi iku langit kaya milu ngerasakaken atine Mariyamah hang magih gelantongan ring angen-angene. Edheng-edheng udan nelesi latar. Masiya sing kician, naming ngerecek sampek rantag.
“Assalaamu’alaikum…..!” ucap Tejo ambi ndhodhog lawang umahe Mariyamah.
“Waalaikumussalaam…..!” abane Bik Asanuk nyemauri teka jero umahe ambi mbukakaken lawang. “Eh, Tejo….Ayo melebuwa sulung. Antenana sedhela yah. Mari buru mari sarapan, magih sikatan. Sira wis sarapan, tah?” takon Bik Asanuk.
“Mboten biyasa sarapan,Bik!” semaur Tejo. Bik Asanuk melebu pawon abane ambi ngomongi anake kadhung Tejo uwis nganteni. Tejo lungguh ring kerosi matahari. Matane pencilakan kaya sing tau weruh ambi jeroan-umahe Mariyamah. Rada suwi Mariyamah njumbul teka lawang tengah ambi nyelempang tas kapuranta.
“Mak…Kang Tejo pamit….!” Abane Mariyamah ambi rada melung. Emake nyemauri teka pawon: “Iya wis….muga selamet….ati-ati ya!” Mariyamah lan Tejo semaur emeh barengan :”Enggih…!”
Serta gadug lurung kampung, Tejo nggojlogi Mariyamah. “Isun mau nulihi potrekrikra nalika magih cilik!”
“Ning nggir endi tah?” takon Mariyamah ngetes Tejo.
“Ring bucu ndhuwure mesin jait……”
"Ye…iku….he,he… kari isin isun..”
“Byek….kari korep…ning pipine kaya ana pecake umbele hang uwis garing a yoh!”
“Ha,ha,ha…..magih cilik bengen….ponges……! abane Mariyamah ambi naboki lengene Tejo.
“Naming serta uwis SMA, katon merusuh a yoh!” poyok Tejo. Mariyamah sing semaur naming gemuyu dhemen ambi nemplekaken pipine ring lengene Tejo. Lare loro iku melaku gandhengan tangan sampek gadug sekolahane. Maklum sekolahane sing pati adoh teka kampunge. Kadhung melakune sakat jam 06.00 Wib, gaduge jam 06.15 Wib. Dadi magih ana wektu 45 menit kanggo rijig-rijig kelas. Serta gadug sekolahane, Mariyamah ambi Tejo misah merga beda kelas. Sing weruha, kanca-kanca sak kelase Tejo uwis ana ring jero kelas kabeh. Pelajaran Bahasa Indonesia uwis mangkat.
“Assalaamualaikum….!” Ucap Tejo nalika gadug lawang kelase. Bu Atun, Guru Bahasa Indonesia nyemauri ambi njureng. Kanca-kancane nyemauri ambi suwara anter.
“Kenapa terlambat?”
“Sekarang kan baru jam 06.20 wib !”
“Kata siapa? Lihat tuh jam dinding kelas!”
“Alak….gok beda iki!” abane Tejo rada getun lan kaget. Kancan-kancane katon tegang.
“Sudah….kamu tidak boleh masuk kelas dan sekarang juga kamu menghadap Pak Kethut guru Bimbingan dan Konseling!” perintah Bu Atun ambi mendelik.
“Wadhuh….sing tau-tauwa isun gedigi iki. Ana paran indane?” batin Tejo.
“Eh, kok ngelamun? Cepat sana!”
“Iya, Buk…siap!” abane Tejo ambi gancang mara ring ruang BK. Kira-kira limang menit Tejo ninggalaken kelase, Bu Atun lan kanca-kancane Tejo gemuyu ketheng.
“Sudah, saya tinggal ke ruang guru dulu. Kurang ajar kalian ini!” jare Bu Atun ambi binggalaken kelase. Kancan-kancane Tejo katon iwuh nata meja lan kerosine. Hang sabendinane adhep-adhepan ambi guru, dina iku digawe bunder lan ring tengah-tengah ana siji meja hang uwis didelehi jajan tar ana tulisane “Met Ultah ke-17 Kang Tejoku”. Serta uwis temata, kanca-kancane Tejo sak kelas padha mentu teka kelase. Sengidan ring taman kelas. Tejo njumbul ambi dikawal Pak Kethut lan Bu Atun.
“Mulai dari garis keramik ini sampai di depan pintu kelasmu, kamu harus berjalan jongkok!” perintah Pak Kethut. Bu Atun nyengidakaken unyike ambi melengos nulih ring murid-muride hang sengidan ring taman kelas.
“Siap, Pak….!” Semaure Tejo ambi mendheg lan melaku kaya kulkeyong. Serta gadug ngarepe lawang kelas hang njemblang, kanca-kancane bareng njumbul teka taman kelas ambi nyanyi: “Selamat ulang tahun……..selamat ulang tahun….selamat ulang tahun……Kang Tejoku…….!”
Tejo kaget setengah getun. Merga iyane lali kadhung tanggal 29 September iku tanggal lan ulan kelahirane. Sekala iku sak kancaan salaman ambi peluk-pelukan.
“Potong kuenya….potong kuenya….potong kuenya sekarang juga….sekarang juga….sekarang juga…..!” abane kanca-kanca sak kelase. Tejo nyemprong urube lilin hang dipasang ring tengah-tengah jajan tar aju diiris-iris. Kawitan Tejo ngelungaken sak iris jajan ning Bu Atun, ning Pak Kethut lan sak iris maning digawa mentu ambi Tejo. Kancan-kancane padha bingung. Serta dietutaken, Tejo mara ning kelase Mariyamah lan ngelungaken sak iris jajan ning Mariyamah hang nalika nerima ambi nangis lan nyalami Tejo. Pantese bain kadhung sing sungkan, Mariyamah meluk rapet-rapet ning Tejo.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)