Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 09 November 2025 06:23 WIB)

(Roncean Cerita) Gendhing Kembang Cicir (5)


Roncean Cerita: Gendhing Kembang Cicir (Bagiyan 5)                                                     
Dirulis ring Kang Ujik


  “Rapat gedigi iki, Kang. Wenuuuak…..sing pati akeh gedobose, akeh guyone, aju madhang bareng!” abane Osok belang, Ketua RT 3 Rw 03.
    “Cocog. Isun sepakat ambi Rika. Naming sarate Kang Sarbinik Ketua Rt 4 iku kudu milu rapat terus, uwonge juwariyan kadhung ngomong. Belakaan!” saute Samiran ambi kesrut-kesrut. Wangune bacote rada pileg.
    Kaya gedigu iku adate Kades Wilin kadhung mimpin rapat warga. Antarane rapate ambi mangan-mangane, suwiyan mangan-mangane. Paran maning campur ambi golongane emak-emak. Kemeriyek. Tejo, Mariyamah lan pengurus Karang Taruna liyane mung bisa ngerungokaken gesah-gesah muyabe uwong tuwek-tuwek. Ana uwong gemuyu milu gemuyu, ana uwong ngakak milu cekakakan.
   “Kelendi, entek kabeh wis dodolane?” takon Kades Wilin, suwarane rada anter.
   “Garus, garuuus…!” semaure Giron, salah sijine hang adol enyen.
   “Jajan jajane kadhung durung entek, diberkat bain. Kanggo hang mbukakaken lawang!” abane Bu Wilin ambi gemuyu ketheng. Bu Wilin mula dhemen mangan jak akehan ambi poyokan.
    Serta uwis padha mbontot,  kabeh hang adol uwis dibayari ambi Kades Wilin lan rabine, uwong-wong aju pamit mulih.
   Kampung panggonane Tejo, masiya sing parek kutha naming uwis rame. Akeh umah gedhong. Lare cilik-cilik memengan gong-gongan, jek-jekan, selodor lan liya-liyane, bengi iku magih rame ring lurung-lurung kampung. Kerana angine uwis mangkat kerasa adhem, lare-lare iku padha leren memengan lan mulih nyang umahe dhewek-dhewek. Tejo ngawal Mariyamah mulih sampek gadug umahe.
   “Isun ana PR yah…..durung nggarap!” abane Mariyamah.
    “PR Bahasa Indonesia?” takone Tejo. Mariyamah manthuk. “Bukune juwuten, Sun garapaken engko,” jare Tejo.
   “Aja wis!”
   “Gelem tah using?” takone Tejo.   
    Mariyamah gemuyu aju gancang melebu umahe njuwut buku tulis lan buku pelajaran Bahasa Indonesia.
    “Endi kene!” jaluke Tejo. Mariyamah ngelungaken bukune ambi setengah muyab sampek Tejo nyandhak tangane, buru bukune dieculaken. “Mulih ya!” pamite Tejo.
    “Iya, ati-ati!” semaure Mariyamah ambi nyawang lakune Tejo hang saya adoh aju biluk ring pertelon. Mariyamah melebu umahe. Teka njaba katon damar njero umahe Mariyamah dipateni.
    Damar pejagan bucu kampung wangune uwis ana hang nguripi. Malem Sabtu iku hang jaga golongane Jarimik, Muklis, Apandik, Suher lan adate ana lare-lare enom-noman hang ngerewangi jaga kampung. Saben bengi bakar-bakaran sawi, sabrang kadhang ya nggodhog gedhang saba mateng. Aja takon kopi jahene. Saben bengi mula dijamin ambi Tuan Ali. Jatahe sak ketel luntrik. Saben jam siji, uwong-wong iku keliling separo. Hang separo maning njaga gerdhune. Engko jam telu ngarepaken subuh, gentenan keliling. Ana suwarane tarhim, uwong-wong padha munggah ring langgar hang parek ambi pejagan. Sekirane rantag, padha mulih ning umahe dhewek-dhewek.
    Pitik-pitik katon padha selamberan ring pager-pager latar ambi kukuruyuk. Ana uga pitik jago hang nguber-uber pitik babon. Uwong-wong hang buru tangi pating terungsung nyang sumber kalen. Ring saben sumberan iku ana langgar cilik. Uwong-wong nyebut  langgar wakap.
     Sabtu isuk iku, Mariyamah meruput lompong-lompongan kampung, ngampiri Tejo melaku sekolah bareng. Mariyamah kuwatir,  kerana nggarapaken PR, nawi bain sampek bengi aju kebabas tangine. Nyatane, Tejo tetep bisa tangi subuh masiya turune jam suwelas utawa jam rolas bengi. Kerana apake, saben jam telu mesthi ngelilir aju tangi, cepak-cepak ngimami subuhan ring masjid desa. Tejo ngimami emake ring umahe dhewek.
   “Sing ngantuk?” takone Mariyamah ambi rasa welas.
   “Kadhung nuruti ngantuk ya sing tangi. Kudu dilawan. Meraja tuman. Perkara engko mulih sekolah ngantuk, mari bedhugan bisa turu,” semaure tejo ambi nganggo sepatu. Saben Sabtu, kelase Tejo wayahe olahraga. Dadi sekolahe nganggo seragam terining. Sing kaya dina liyane, saben sabtu Tejo berangkat sekolah ambi jogging. Gelem sing gelem, Mariyamah ya kudu rada gancang jangkahe. Masiya ambekane rada kempis-kempis.
    Mariyamah terus ngimbangi Tejo. Kira-kira kurang rong puluh meter gadug lawang pager sekolahan, Tejo mandheg jogging.
     “Kelasisun engko ana promosi perguruan tinggi. Kadhung sampek jam telu ashar kelendi?” abane Mariyamah.
     “Isun engko pungkas jam pelajaran aju ning musolah sekolahan. Mari solat bedhug turu. Embuh jam pira-piraa Rika mari, Isun  engko gugahen!” semaure Tejo ngelegakaken atine Mariyamah. Merga, Jazuli,  kancane sak kelas, sore nawani kadhung iyane gelem nggonceng Mariyamah mulih. Naming Mariyamah milih melaku bareng Tejo. Ngiras-irus njaga atine Tejo.
  “Iya wis kadhung gedigu. Cocog. Setuju!” semaure Mariyamah aju gancang melaku nyang kelase. Tejo mari ndeleh tas ring bangkune, aju gancang melayu nyang lapangan sekolahan, kumpul ambi kanca-kancane sak kelas.
                             *  *  *
     Mery malah nyoplok sepatune aju lungguh tempoh ambi semendhe ring tangane kerosi ukir kuwadhe. Gendhing "Hang Sun Angen" durung pungkas. Mery nyawang Iqbal hang nyanyi iku kaya nyawang padegane Tejo.
“...kepingin ati…nyawang Rika…kepingin ati…selawase dhampingana...Kepingin ati ya rasane….kepingin ati….bareng Rika selawase….keloronan….bebarengan…..Sun lan Rika sesandhingan….”
    Mery meringis-meringis ambi milu ngemati gendhing Hang Sun Angen.
                           * * *
     Dina Minggu isuk, bale desa uwis akeh uwong padha teka. Panganan ring meja uwis cemepak, sekehe uwoh-wohan uga uwis dicepakaken. Pengurus tukang paes kabupaten ya uwis padha nguweni penjelasan masalah pepaes kemanten Using. Ana hang nyampekaken masalah busana kemanten Using Mupus Beraen Belambangan. Ana hang bagiyan ndandani lan maesi Tejo. Ana uga hang ndandani Mariyamah . Tejo hang ngganthenge pas-pasan dadi katon mencorong lan nggantheng, Mariyamah hang mula sisik melike desa, saya mencorong. Bik Asanuk sampek sing tenger ning anake dhewek. Semono uga Bik Indun, emake Tejo, sing nyangka anake bisa dadi gagah lan nggantheng.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor