Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 16 November 2025 05:42 WIB)
Roncean Cerita: Gendhing Kembang Cicir (Bagiyan 7)
Roncean Cerita: Gendhing Kembang Cicir (Bagiyan 6)
Ditulis ring Kang Ujik
Sesi sosialisasi uwis mari, seteruse Tejo lan Mariyamah dituntun keliling bale desa. Aja takon uwong hang motrek. Wangune Kades Wilin uga ngundang wartawan koran, reporter radhiyo lan reporter TVRI. Kadhung hang diwawancarai mesthi dudu Tejo lan Mariyamah, naming pengurus tukang paes kemanten kabupaten. Mung bain, hang njumbul ring koran lan TVRI, gambare Tejo lan Mariyamah hang dadi kemanten-kemantenan nganggo busana Mupus Beraen Belambangan.
Senin isuk koran harian kota gadug ring tangane pelanggan. Uwong tuweke kancane sekolah mesthi bain akeh hang langganan koran harian kota. Guru-guru lan sekolahane Tejo uga Mariyamah ya langganan koran iku. Aja takon royake kabar. Ana hang gawe-gawe omong: “Kurang seminggu ujian lulusan. Kari sing kanti ak yuh uwong tuweke Tejo ambi Mariyamah iku!”
“Byek, kemanten kebul-kebul...!”
“Sing kathik bulan madu tah wis...?”
“Kari sing ana selabar ak yuh….!”
“Sing undang-undang. Wedi dipangan jajane tah?”
Uwis macem-macem poyokan kanca-kanca sekolahe hang diterima Tejo lan Mariyamah. Masiya tah uwis serta diwaca sampek pungkas berita ring Koran iku, Tejo ambi Mariyamah mung kemanten-kemantenan ring bale desa.
Para guru sekolahe, kecaruk Tejo lan Mariyamah mung mesam-mesem thok.
“Kadhung diterusaken ya sing paran-paran. Cocog!” poyok Kang Tamyis, tukang kebun sekolahan. Naming uwong hang sak kampung ambi Tejo lan Mariyamah ya sing ubrek, merga ngerti kadhung pengurus karang taruna iku dienggo peraktek conto.
Hang repot, berita TVRI njumbul pisan dina Selasa malem Rebo. Sak Indonesia, hang pas ndeleng Dunia Dalam Berita ya weruh ana kemanten-kemantenan ning Banyuwangi lan uga ndeleng gambare merga disuting. Apake Mariyamah, Man Karim, hang megawe pabrik ring Surabaya kerungu selenthingan kadhung anake dadi kemanten. Kerana sing weruh beritane dhewek teka koran lan tipi, Man Karim kepikiran.
Ngedhepi tipi, beritane ya sing njumbul maning. Golet Koran dina Senin, uwis kerepotan. Serta uwis setengah ulan, sing nyeja Man Karim mangan sega pecel bungkuse godhong dilapisi Koran. Lha….ring suwekan Koran iku ana gambare anake, Mariyamah, didandani kemanten lungguh ring kuwadhe ambi lare lanang hang uga didandani kemanten. Man Karim katon bingung. Suwekan koran kono mau dilepit aju diesaki. Pikirane kudu-kudu ngamuk ning Bik Asanuk, rabine. “Ngawinaken anak sing kathik rembugan ambi lakine”, gerundenge Man Karim.
Dina Sabtu soren Man Karim gacar-gacar numpak bis mulih nyang Banyuwangi. Gadug terminal Brawijaya Karangente Banyuwangi durung subuh. Magih ana suwarane kiroah ring corong-corong menara langgar lan masjid.
Man Karim kudu nganteni padhang merga nana kendharaan hang ditunggangi kanggo mulih ring umahe. Iyane melebu ring langgar terminal nganteni wayah subuh aju sembayang. Mari subuhan milu wirid sampek kesirep-sirep. Kerana langgar terminal, hang sembayang ya para musapir. Ana uwong kesirep digeningaken. Nana urusan. Paran maning sing kenal. Man Karim keturon ring langgar terminal.
Iring-iringan limang bis liwat ring ngarepe terminal Brawijaya. Tejo lan Mariyamah ana ring salah sijine bis iku. Aran lare magih umur welasan tuwek, siji lan sijine padha golet guyu dhewek-dhewek.
“Dulur….Isun lan Rika iki ngawal Tejo bulan madu….Ha,ha,ha…..!” abane Herman ambi ngakak. Kanca-kancane hang uwis lali ambi masalah kabar kemanten-kemantenan, kala iku enget maning.
“Nawi jerangkong Herman iku wis…. ngongkab-ongkab barang hang uwis kependhem yah,” tempal Saleh pithet.
“Dadi kemanten hang diomongaken. Wong welase kanca loro iku magih ring awang-awang. Dikemuli mega kesaput angin,” abane sasterawan sekolahan, Jamani Kesrut hang sakat kelas siji mula ngerek-ngereki Mariyamah.
“Eh dulur…..timbangane poyokan, cangkem kesel dhewek, kelendi kadhung Tejo dikongkon gendhingan ambi kitaran. Kelendi?” pancinge Ambalik penthet. Kanca-kanca sak bis padha sepakat. Tejo ambi peringas-peringis ngadeg teka kerosi aju melaku ring iringane sopir bis ambi nggawa kitar.
“Eh dulur, ring kitare Tejo iku ana potreke sapa dulur?” poyok Seruni Kribo hang sakat kelas siji bengen mula ngincer naming sing bisa mbedhil atine Tejo. “Potreke artis kampung!” semaur Mariyamah aju gemuyu bareng ambi kanca-kanca wadon liyane.
“Eh, iyok….engko mari Tejo nyanyi, Mariyamah kudu nyanyi pisan!” jare Hariyani tokjing.
“Siap boss!” saut Mariyamah. Tejo arep mangkat gendhingan: ”Dulur, gendhing iki, saire Sun tulis nalika Isun milu Pekan Seni Pelajar sak Jawa Timur ring Sidoarjo. Gendhinge Sun garap bareng ambi…. Mariyamah setaun kepungkur. Judhule – "Kembang ring Jero Kaca". Muga kabeh cemeng kopine!” abane Tejo.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.