Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 18 Januari 2026 07:26 WIB)

Roncean Cerita: Kangkung Kang, Kemangi Dhik (Bagiyan 3)


Roncean Cerita: Kangkung Kang, Kemangi Dhik (Bagiyan 3)
Dianggit ring Kang Ujik

   Ring Studio 1, Mas Sam Iriyanto lan Pak S. Bagio uga gesah. Antarane setudhiyo ketutup kaca. Masiya katon naming kadhung padha-padha ngomong, suwarane sing bisa tembus.
     “Iku, penggemar anyar tah Ir?” takon Pak Suk, celukane Pak S. Bagio, ning Mas Sam Iriyanto.
      “Embuh Pak Suk. Wangune kaya lare anyar. Naming kadhung nyawang janggute kaya penggemar hang nganggo aran Dewi Malam Pak Suk. Kabare jare aju dirabi tentara, terus leren dadi penggemar. Aja-aja iku anake Pak Suk!” abane Mas Sam Iriyanto.
   “Endane, Ir? Perasanisun, Dewi malam iku kaya buru bain leren. Masa uwis duwe anak semono gedhine. Apa adhike endane?” jare Pak S. Bagio.
     “Rika kari kepikiran seru nyang Dewi malam Pak Suk. Duwe nostalgia tah ambi rika?”
     “Using...bacote kaya rabinisun. Ceret bara wis…!” abane Pak S. Bagio. Mas Sam Iriyanto sing nyemauri maning merga pas nyolok udud ring ruwang tamu, jabane Studio 1. Mari adan magerib, Lukman lan Sumitri pamit.
      “Umanana karine, Luk. Masiya kudu kored-kored sing paran-paran wis,” abane Mas Sam Iriyanto ambi moyoki Lukman. “Guyon Luk. Aja digawe ati. Ya!” sambung Mas Sam Iriyanto. Lukman gemuyu ketheng.
      “Umahe ning endi, Beng?” takon Pak S. Bagio.
     “Meriki Kampung Mandar!” semaure Sumitri renyah kaya kacang goreng dikeremes.
     “Mangga Mas Ir, Pak Suk. Wangsul pun!” abane Lukman ambi ngangkat tangane. Buru metu teka lawang RKPD, Sumitri njaluk nyang pesisir Boom. Lukman sing kathik semaur, aju njeglekaken sepedhah udhude lan ngegas mubengi lapangan taman belambangan aju nyang pesisir Boom hang nalika iku mula pas padhang ulan. Lukman lan Sumitri lungguh ring  pasir pesisir ambi nyawang ulan gedhi kaya tememplek ring langit selane gunung ring Bali. Kelire kuning rada ngabang. Ombak segara disentor ulan mula kinclang-kinclong kaya kaca disentor sentolop. Mari-mari ndhemenaken.
      Saya dalu, lare enom-noman sak pasang-sak pasang padha teka aju nggolet panggonan dhewek-dhewek. Ana hang nyemuntel ring watu cengkeh, ana hang nyemuntel ring ngisore uwit widuri ana uga hang sendhen ning uwit widara. Akeh uwong naming nana suwarane. Kabeh gesahe padha bisik-bisik.
    Ning panggonan hang rada peteng iku, Lukman takon apa Sumitri iku uwis duwe calon? Sumitri cerita ambi gemeter kadhung awake setemene uwis emeh laki rabi ambi bakale. Uwong tuweke uwis padha setujune, Sumitri ambi calone uga uwis padha dhemene. Naming nalika calone layar, sampek pirang-pirangane taun nana kabar. Ana hang ngabaraken jare calone diantem lesus, ana maning kabar jare kecanthol ning NTT, umah-umah ring kana. Kerana kabar sing jelas, kegawa kepikiran Sumitri aju lara. Dadi kembange pelanca.
     “Kadhung rika kelendi ceritane, Kang?”  Lukman nyemauri kelawan cerita hang digawe-gawe. Iyane ngomong jare sing tau duwe sir-siran. Sing pati serawung ambi lare wadon ya sing tau metu keledrekan. Umpama cerita iku dirungokaken kancane hang ning kampunge, mesthi diguyu-guyu. Lukman ngaku sakat cilik uripe sara. Urip keloron ambi apake, merga emake ninggal nalikane iyane magih sekolah SMP. Ana Lukman cerita, Sumitri meneng, pungkasane Lukman meneng pisan.
   Keloronan kaya ngerungokaken suwarane ombak uber-uberan, gancang-gancangan gadug pesisir. 
  “Kang, jare mau soren, kemangi. Saiki uwis bengi!” tagih Sumitri. Lukman meneng nyawang raine Sumitri hang mandeng matane Lukman.
      Gebyar-gebyor abane ombak pecah ring pasir pesisir. Ana hang ngantem-ngantem tumpukan watu tangkis.
     Sak liyane lare nom-noman hang teka ring pesisir, ana uga keluwarga-keluwarga hang teka padha nggawa kelasa, radhiyo lan panganan. Ambi ngerungokaken radhiyo, uwong-wong iku nyawang bundere ulan tanggal limalas jawa. Ana uga hang nyandhak panganan. Lare cilik-cilik pelayonan ring lapangan pasir, panggonane lare-lare poli lan tembung kadhung dina Minggu isuk lan soren. Saya dalu, saya akeh hang teka memengan ning Boom.
      “Ayo wis ngalih!” jare Sumitri ambi mecikaken kancing kelambine.
      “Ayo, golet warung sega sulung. Isun elom!” semaur Lukman ambi ngadeg mecikaken celanane.
      “Kadhung ning kene nana warung. Kana kok….isun weruh……regane murah rasane enak!” jare Sumitri ambi nggandheng tangane Lukman melaku bareng nyang sepedhah udhude.
       “Endi isun hang ning ngarep!” jare Sumitri. Lukman sing kathik semaur ambi nguwakaken kontake. Sumitri mangkat njeglekaken sepedhah udhud aju ngegas edheng-edheng. Lukman gonceng ambi meluk wetenge Sumitri. Lukman kaya setengah kesirep nemplekaken pipine ning boyoke Sumitri hang sing nganggo rangkepan. Sumitri nyetir sepedhah udhude mubeng-mubeng kutha aju ngaloraken.
    Lukman sing sadhar. Naming hang dirasa kaya ana suwarane uwong cekikikan ngguyu iyane sak dalan-dalan. Sadhare nalika sepedhah udhud mandheg ring ngarepe warung sega Ketapang. Pareke lawang pelabuhan Ketapang.
   “Ayo melebu. Iki warung langgananisun!” ejak Sumitri ambi nggandheng tangane Lukman hang magih bingung. Uwong loro iku ya kaya uwong belanja liyane. Mangane teleb, ombenane teh anget. Mari mangan, ngangsur sedhela ring warung iku. Sumitri hang mbayari mangan kono mau. Kerasa sega uwis mudhun, Sumitri ngajak sepidhah udhudan maning. Lukman uwis sing bisa ngomong maning. Embuh kerana ngantuk, apa merga pitakonan atine durung bisa kejawab? Sumitri iki sapa sih? Mau soren durung kenal uwis wani gonceng isun kaya uwis kenal suwi. Aju sing gelem dieteraken mulih malah njaluk memengan ring pesisir Boom. Sumitri nggonceng Lukman maning melaku ngalor. Kendharaan liyane magih durung pati akeh. Paran maning sedawane dalan magih durung pati akeh umah lan damar sadheng magih jarang.
   Gadug kidule Watu Dhodhol, sepidhah udhud dibilukaken ngetan. Lukman mudhun ngadeg ngadhep ngetan ambi walangkerik. Ulan saya acum kelire, naming saya padhang sorote. Sepedhah udhud dijagang ring ngisore uwit waru, Lukman lan Sumitri lungguh-lungguhan maning. Sing kaya ring pesisir Boom, ring Watu Dhodhol sing pati ana uwong liya.  

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf