Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 25 Januari 2026 06:14 WIB)

Roncean Cerita: Kangkung Kang, Kemangi Dhik (pungkas))


Roncean Cerita: Kangkung Kang, Kemangi Dhik (pungkas)

Dianggit ring Kang Ujik
            
  Langit hang kaya ditempleki mendhung cemeng, ndelemok-ndelemok ring ndhuwure langit Watu Dhodhol. Mulane padhange ulan kadhang ketutup mega sahingga tanduran-tanduran ring bumi nana ayang-ayangane. Lukman kesirep. Endhase bantalan pokange Sumitri. Hawa saya adhem, Lukman katon gemigil. Embuh gemigil temenan embuh api-api supaya dikerengkeb Sumitri, nyatane Sumitri ngerengkeb Lukman sak rapet-rapete. Derijine ngelambar merana-merana sampek nyoplok epek celanane Lukman.
    Saya dalu, ombake segara saya gedhi, pecahane ombak nyiprat-nyiprat sampek gadug ring sikile Lukman lan Sumitri. Kaget, aju lunggguh bareng pecik-pecik awake dhewek-dhewek.
     “Sum. Uwis dalu, ayo mulih, engko diuwel apake. Ayo mulih wis!” ajake Lukman ambi ngedegaken Sumitri hang magih lisuh. “Saiki Isun hang ning arep!” abane Lukman. Sumitri manthuk thok. Sing kathik suwi, sepidhah udhud dijeglekaken aju digas edheng-edheng ngidulaken. Gadug pertelon arep nyang Selogiri, salipan ambi montor operasi tertib teka kepolisian lan Pol PP. Adate mula nganakaken inspeksi mendhadhak ning warung remeng-remeng lan sak dawane pesisir Watu Dhodhol.
     “Selamet…. emane kene gancang mulih…munggone sing, ditahan kene iki mau!” abane Lukman ambi gemuyu. Sumitri uga munyik, suwarane edheng, kaya uwong sing duwe daya.
      Sedawane dalan ngidulaken nana kendharaan liya hang salipan sampek gadug pertelon Sukowidi, gadug pertelon patung Basuki Rachmat terus ngidul sampek gadug perapatan Lateng biluk ngetan.
     “Eh, gok biluk ngetan?” abane Sumitri.
     “Jare umahe ning Kampung Mandar?”
     “Using. Uwis ngalih ngulon!”
     “Ngulon endi?” takone Lukman, jithoke mangkat kemesar, rambut ring tangane kerasa padha ngadeg.
     “Uwis tah wis… bilukena ngulon sepidhah udhude iki!” kongkone Sumitri setengah meksa. Lukman saya bingung.
      “Bengen asale Kampung Mandar, terus ngalih ning...?”
      “Ning kulon kana… Pengantigan!” semaure Sumitri. Lukman ngegas edheng-edheng, ngulonaken. Dalan hang diliwati sampek nana umah maning, Sumitri sing ngguthit Lukman supaya ngendhegaken sepidhah udhude. Serta gadug lurung peteng hang akeh uwit camplung lan pinggir elor ana uwit kelengkeng gedhi, Sumitri malah njaluk mandheg. Serta sepidhah udhude mandheg, Sumitri sing kathik pamit, mara-mara mudhun melaku ngidul nerabas pager jajang. Ngidulaken sampik sing katon maning.
    Lukman buru sadhar kadhung panggonane mandheg iku kelebu kuburan Bendho. Tan kocapa, Lukman ngegas sepidhah udhude ngulonaken sak anter-antere.
    “Gadug pertelon Giri mesthine ngidul Isun malah ngaloraken. Gadug Brak bingung, mandheg sedhela rasane jithok kemesar-kemesar kaya dietutaken Sumitri. Pungkasane Isun biluk ngetan gadug pertelon Sukowidi maning. Biluk ngidul, larat ngidulaken, eh sampek gadug Karangente. Gadug terminal Brawijaya iku uwis adan Subuh. Mandheg sedhela, aju ngulonaken maning sampek gadug perapatan Cungking biluk ngetan. Engetisun serta gadug ring ngarepe Stadion Diponegoro, buru bisa melebu ngalor sampek gadug pertelon kulon, biluk ngetan terus Isun sing enget wis. Enget-engete serta saiki iki ngadhepi Rika!” ceritane Lukman ambi membit-membit lan gigil-gigil.
     “Dadi Rika sore sampek bengi iku memengan ambi lare wadon hang uwis mati?” takone Salanik kuncir ambi gigil-gigil pisan.
     “Durung karuwan, Nik. Aja-aja lare hang aran Sumitri iku kebelet nguyuh, dadi sing kathik pamit aju nggolet uwit-witan hang rada peteng,” abane Dukik kesrut.
     “Woh… Lukman mau cerita, lare wadon mabengi iku mudhun aju nerajang pager. Masa kebelet nguyuh. Aja-aja sikile sing nemplek ring bumi, Luk?”
     “Endane? Sakat ketemu Isun ya sing meratekaken, sikile tememplek bumi tah using. Pokoke ana lare wadon ayu njaluk gonceng ya Sun gonceng!” abane Lukman.
    “Lha…. kedadeyan hang Rika alami mabengi iku uwis bisa nyadharaken apakrika. Hang maune lali nyekar, mau iku kontan tuku kembang kirim aju nyekar ning kuburane emakrika. Mari iku, aju pamit sembayang bedhug ning langgar kono mau. Saiki kari Rika. Kapan bisa wuduk maning aju kumpul-kumpul bareng ning langgar kaya magih lancing cilik bengen?” abane Salanik Kuncir. Dukik Kesrut manthuk-manthuk ambi kesrat-kesrut.
        “Assalaamu’alaikum…!” abane Wak Akim uluk salam. Ribut, Salanik, Dukik lan Lukman nyemauri emeh barengan. Lukman aju melencat teka kasur meluk apake aju merungsud ngambungi sikile apake ambi nangis. Wak Akim geruh-geruh, Ribut, Salanik lan Dukik uga tangisan. Serta kerungu adan Ashar, Lukman adus gedhi, Ribut, Salanik kuncir lan Dukik kesrut melaku nyang langgar. Wak Akim lan Lukman, mari dandan aju nututi nyang langgar. Mari asharan, uwong-wong iku bareng-bareng goncengan sepidhah udhud, tuku kembang kirim ning ngisore gapura pasar Banyuwangi hang pinggir kulon lan nerusaken lakon nyang pekuburan Bendho.    
     “A…. Isun kayane, mandheg ning kene iki wis. Ring ngisore uwit Camplung iki,” abane Lukman ambi ngenget-enget lan magih gigil-gigil.
     “Terus lare wadon hang Rika gonceng iku melaku nyang endi?” takone Salanik Kuncir.
     “Ngidul merana…. Sampek Isun sing katon maning merga peteng dhedhet!”
      “Kadhung gedigu, ayo wis sepidhah udhud iki dijagang ning kene, aju ngelencati pager jajang iki,” ajake Ribut.
     “Ana paran, But. Kembang kirime dioncalaken teka kene bain wis. Hang penting kirim patehah lan tahlilan ring kene kanggo ahli kubur kabeh iku,” abane Dukik Kesrut ambi gemeter lambene. Wangune Dukik keweden kadhung diejak melebu kuburan.
      “Ayo digoleti bain, bener tah lare wadon hang aran Sumitri iku uwis mati? Kadhung nana kuburane, berarti Sumitri iku kelebu bangsa alus,” abane Wak Akim.
     “Ejim, Pak?” takon Lukman.
     “Mulane ayo menjero, digoleti bain kuburane Sumitri iku. Kadhung ketemu ayo nyekar lan tahlilan ring kono!” ajake Wak Akim. Ribut, Salanik lan Dukik sing semaur tapi milu jangkahe Wak Akim hang ngelencati pager jajang. Lukman ndangak-ndangak nulihi uwit kelengkeng lan barongan jajang hang ana ring kidule kalen Dauwan. Wak Akim beresak-beresak gerumbulan suket lan uwit-uwitan wasito.
     “Eh, kaya mambu kembang kirim a yoh?” jare Ribut ambi perdang-perding.
     “Alak, ika pantese…….kuburan hang paesane ana kendhi lan ana uwit tebune!” jare Salanik kuncir ambi nduding arah kidul emeh pinggire kalen Dauwan. Uwong-wong iku aju edheng-edheng mara. Serta uwis parek ambi kuburan hang diduding Salanik mau, uwong-wong iku padha mendheg ring ubenge kuburan.
    “Alak, iya….paesan iku ana uneke, Sumitri. Lair 12 Juni 1968, wapat 5 Oktober 1987. Saiki 15 Nopember 1987. Berarti, Sumitri iki uwis  ninggal 40 dina kepungkur,” abane Ribut ambi ijir-ijir.
     “Kadhung gedigu, ayo wis tahlilan ring kene. Sekaken lare iki. Matine magih  perawan,” jare Wak Akim aju mimpin tawassul sampek ndonga. Buru bain mari maca patehah kanggo mungkasi donga, angin mara-mara ngagetaken anter lan kaya ambi nggawa suwarane lare wadon gemuyu alus. Ana godhonge poh melamuk lan temebluk pas ring puser kuburane Sumitri. Dijuwut ambi Lukman, aju kaget. Merga ring godhong iku ana uneke:   
   ”Terima!”. Lukman gemeblug maning, endhase emeh nyeludhuk paesan.
 
Banyuwangi, 2023
 
                                                
 
 
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor