Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 21 Desember 2025 06:25 WIB)

Roncean Cerita: Pancinge Kecanthol Andha (Bagiyan 3)


Ronceyan Cerita: Pancinge Kecanthol Andha (Bagiyan 3)
Ditulis ring Kang Ujik

     “Damar pawon ambi kamar-kamar coloken, Joh!” kongkone Wak Soher ning rabine ambi ngelungaken coret mau. Wak Johanah nyandhak coret aju nyoloki damar-damar.
     “Gancang Rika nanga cedhing sulung, Kang! Mari mageriban aju nggesahaken paran bain hang dicangking nyang Banjar emben iku”.
      “Hulung sedhela engkas,” saure Wak Soher ambi ngemil sawi godhog lan nguyub kopi gula aren.
    Udan ring njaba umah saya kician. Suwarane anter-anteran ambi angin. Adan magerib ring langgar nana hang gadug ning umahe Wak Soher. Hang gadug malah suwarane uwit gedhi rubuh ring kadohan. Ana uga suwarane empang hang sempal lan hang paling medeni maning, suwara gemberojoge belabur ring kalen gedhi kidul umahe Wak Soher. Watu-watu gedhi gelothakan padha keli. Segobang kecindhilen. Sampek suwengi jampleng nana uwong hang gelem metu teka umahe.   
    “Muga-muga, udan lan belabur bisa ngelabuh susah atine Sumiyatik, kintir sampek nggadug segara!” abane Wak Johanah hang diamini ambi Wak Soher.      
    Serngenge isuk kaya magih isin nyelorotaken sunare nyapani sekabehane tanduran lan perujukan ring bumi. Papah-papah kelapa magih padha sedhakep kaya godhonge kembang kucing ring galengan lan tegalan.
   Ketepak-tepak dhongkar melaku teka elor lan mandheg ring ngarepe umahe Wak Soher. Sumiyatik gancang-gancang nyuwun buntilan lan digawa ring dhongkar. Wak Soher unjal-unjal kelapa lan sawi, Wak Johanah mondhong jabil embuh  paran isine. Sumiyatik  lan Wak Johanah munggah ring dhongkar, Wak Soher nutup cendhela lan nyereg lawang aju nuntun sepidhah untane.
    Dhongkar melaku ngidul, biluk ngetan, ngeliwati dalan temurun, ledhok lan ngunggahi puthukan. Suwarno lan Suwarni wurung milu. Wak Soher ngetutaken ring mburine.  
   Wangune Guru Salehan uwis ngabari keluwargane Sumiyatik. Mulane Man Osok, Bik Sayu Sareh, Man Suleman, Bik Asemah, Sairik lan Guru Salehan padha jagongan ring ngarep umahe Man Osok. Serta kerungu suwarane kemerincinge dhongkar, Guru Salehan melayu metu nyang lurung, masthekaken kadhung hang teka iku Sumiyatik, Wak Johanah lan Wak Soher.
   “E….Sumiyatik teka…..!” abane Guru Salehan ambi setengah melung. Man Osok lan liya-liyane padha kabur mara ning Guru Salehan ambi nyeluk-nyeluk arane Sumiyatik.
   Bik Sayu Sareh sing kuwat nyangga rasa kangen. Iyane melayu nguber sampek nggadug ring dhongkar aju gonceng Wak Soher. Serta gadug ring ngarep umahe, Bik Sayu Sareh mencolot teka goncengan sepidhah untane Wak Soher lan mareki dhongkar ngadhang mudhune Sumiyatik. Aja takon gembar-gembore Bik Sayu Sareh ambi nggambel Sumiyatik hang uga geruh-geruh. Bik Asemah, emake Sairik, milu mberebes mili. Man Suleman, Guru Salehan lan Sairik ngunjali kelapa teka dhongkar  digawa ning pawon umahe Man Osok.
   Wak Soher langsung ngelebokaken sepidhahe ning pekarangane umahe adhike iku. Man Osok hang uga ngembung iluh, ngadeg ring mburine rabine, nganteni anake coplok teka gambelane rabine.   
    Serta weruh lakine ring mburine, Bik Sayu Sareh ngeculaken gambelane, Sumiyatik aju nggambel apake hang tangisan pisan.
   “Aja kapok ya Dhik Dam!” abane Wak Soher ambi ngelungaken ongkose ning Kusir hang aran lengkape Man Damiri iku.
    “Kesuwun, Man!” semaur Man Damiri ambi nyeblak bokonge jaran nganggo pucuke pecute. Dhongkar melaku edheng-edheng ngetanaken.
   Ring jero umah, udan tangis magih durung mandheg. Man Suleman, Guru Salehan, Man Osok lan Sairik padha jagongan. Ana hang ambi ududan nyemandhing kopi gula aren lan gedhang kukus.
    “Sairik, melebuwa merana! Salamana ambi Mbok Sumiyatik hang nggindhongi Sira nalika magih cilik bengen,” abane Guru Salehan. Man Osok, Wak Soher lan Man Suleman manthuk-manthuk.
   Sing kathik nyemauri, Sairik aju ngadeg lan melebu ning jerumah. Mari salaman ambi Wak Johanah aju salaman ambi Sumiyatik.
     “Iki sapa, Mak?” abane Sumiyatik ambi magih mesesegen, takon ning emake.
    “Ayo, sapa ayo….Acake engetana….Magih cilik bengen Sira gendhongi ngalor-ngidul,” abane Bik Asemah nyulungi Bik Sayu Sareh.
    “Hah?....Endane Sairik iki!” jare Sumiyatik ambi nyekel pundhake Sairik lan matane nyawang Sairik sakat teka endhas sampek sikile sampek balik nyawang peraupane Sairik ambi ndhangak.
    “Alak iyok….Iki andheng-andhenge ring pucuke alis kiwa,” jare Sumiyatik ambi nyekel andheng-andhenge Sairik, aju nggambel sak singset-singsete. Sairik gembor-gembor nangis pisan kaya magih cilik bengen.
    Wak Johanah lan Bik Asemah milu nangis maning, Bik Sayu Sareh melayu melebu ning pawon. Bik Johanah lan Bik Asemah nututi Bik Sayu Sareh. Ring jeromah kari mung Sumiyatik lan Sairik hang magih rapet peluk-pelukan.
    Sumiyatik ambi ngelirik kiwa tengen, gok kari mung keloron, pungkasane lare loro hang atine kegawa kangen iku aju lungguh ring kerosi dawa.
    “Mak…nedhi tulung pendhetena sekul, Mak!” abane Sumiyatik.
     “Iya, Beng!” semaur Bik Sayu Sareh. Sedhela, Bik Sayu Sareh njumbul teka pawon ambi nggawa sega sepiring dicukupi jangan lan endhog goreng.
     “Kangen ndulang Sairik, Mak!” abane Sumiyatik ambi magih mesesegen. Mari ngelungaken piringe, Bik Sayu Sareh balik ning pawon maning. Sumiyatik hang umure lebih tuwek pitung taun teka Sairik iku katon temenanan ulihe ndulang.
    “Kudu entek iki. Kadhung sing entek Sun ceplesi bokonge!” muyab Sumiyatik. Sairik gemuyu suwing ambi kecap-kecap. Edheng-edheng, Sumiyatik mangkat bisa gemuyu pisan. Serta sega sak piring uwis entek, Sairik diombeni banyu kendhi hang cemepak ring tengah meja.
     “Ayok memengan ring umahe kanca-kanca bengen, ayok!” jare Sumiyatik ngajak Sairik.
     “Sapa bain, Mbok? Kanca-kanca bengen uwis padha umah-umah. Lare-lare wadone padha digawa lakine dhewek-dhewek. Hang magih ana ring Banjar iki ya kari pira yoh?  Ehm…..Rumiyah…..aran aseline sapa ika yoh? Ehm….Ikin. Sadikin…..Taslim Jambul lan Rohati……Iku, Mbok!”
   “Ikin gok diceluki Rumiyah iku kelendi jalarane?”
   “Ikin iku ra SDne sak kelas ambi Isun, Mbok. Nalika dikongkon maca, gadug wacanan rumah-diunekaken rumiyah….dibecikaken sing keneng-keneng wis, Mbok. Pungkasane sampek seperene diceluki Rumiyah, ha,ha,ha…..Padha ambi Jendhul ika, Mbok. Aran asline yara Sumarno. Kerana saben ulangan pelajaran paran bain ulih nol, pungkasane diceluki No jendhul,” ceritane Sairik.
   “Kadhung gedigu, ayok memengan ning umahe kanca-kanca iku mau yok!” ejak Sumiyatik ambi ngadek teka kerosi lan nyandhak tangane Sairik hang uwis milu ngadeg.
    “Emak, Bibik….Isun ambi Sairik nak memengan ning kanca-kanca sulung!”
    “Iya wih, amening!” semaur Bik Sayu Sareh, Wak Johanah lan Bik Sumenah emeh barengan ambi padha njumbul ring lawang antarane jerumah lan pawon. Lare loro iku uga pamitan ning Wak Soher, Man Suleman, Man Osok lan Guru Salehan hang padha gesah tuwek ambi poyokan.   
     Sumiyatik lan Sairik melaku gandhengan tangan, sedhela-sedhela mandheg nyawang sungsunan ancakan sawah ring perengan. Sumiyatik ngengetaken kadhung bengen Sairik nalika magih umur rong taun diejak pelayonan ring galengan sawah perengan ambi sampek tiba-tangi, malah sampek kecebur-cebur ring kedhokane. Mulih teka sawah-sawahan perengan iku, Sumiyatik ngamplok Sairik.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor