Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 28 Desember 2025 05:55 WIB)

Roncean Cerita: Pancinge Kecanthol Andha (pungkas)


Ronceyan Cerita: Pancinge Kecanthol Andha (pungkas)
Ditulis ring Kang Ujik

     “Kadhung saiki ya sing kuwat wis, Sira hang kudu ngamplok Isun!” jare Sumiyatik ambi mencolot ring boyoke Sairik. Keloronan gemuyu bareng, Sairik ambi ngamplok Sumiyatik melaku maning sampek kira-kira selawe meteran gedigu, iyane mandheg ambi ngongkon Sumiyatik mudhun. Sumiyatik apus-apus kesirep ambi ndeleh pipine ring gulune Sairik.
    “Mbok, Isun kesel, mudhuna!”
    “Emong! Sira bengen dikongkon mudhun teka amplokanisun sing gelem sampek ambi nangis kepiyer!”
    “Iya bengen Isun magih umur rongtaunan, Mbok. Saiki Rika uwis umur pira sih?”
    “Telung puluh lima. Apuwa? Isin ngamplok emboke?”
    “Ya using, Mbok. Boyog sing kuwat!”
    “Ye….jare Isun kerana wedi kecaruk sir-sirane yah!”
    “Sir-siran iku kaya kelendi sih, Mbok? Sampek seperene Isun sing tau dhemenan. Mung bain, nawi ketemon masarakat merga Isun mbantu-mbantu megawe ring kantor desa. Sing enak dhewek!”
    “Iya wis….Isun mudhun….Pokoke liya dina Isun gendhongen!” abane Sumiyatik ambi merungsud mudhun teka boyoke Sairik aju langsung meluk lengene Sairik. “Ayok ning umahe Rumiyah!” sambung Sumiyatik. Sairik nyawang matane Sumiyatik hang sing gelem kethip, ambi manthuk. Sumiyatik munyik sampek untu gingsule katon. Wangune Sairik dirambati rasa welas ning Sumiyatik. Sedheng Sumiyatik katone ya kaya rumangsa magih umur pitulas taun. Keloronan sing gelem pethal, tangane tuntunan lan Sumiyatik merekes singset deriji tangane Sairik, Sairik mbales merekes.
    Serta gadug latar umahe Ikin aliyas Rumiyah, lawang umahe gembokan. Cendhelane uga tutupan rapet. Sumiyatik lan Sairik mandheg greg ring ngarepe lawang pager. Lare loro iku nerusaken lakon nyambangi kanca-kancane. Naming mung umahe Rohati hang njemblang lawange. Sairik cerita ning Sumiyatik kadhung Rohati iku umah-umah ambi Taslim jambul.
    “Ya enak kadhung gedigu, wis. Sak umah langsung ketemu kanca loro,” abane Sumiyatik. 
   “Muga-muga Taslim ana ring umahe!” dongane Sairik diamini Sumiyatik ambi njangkah ning ngarepe lawang.
“Assalaamu’alaikum!” salame Sumiyatik sampek ping pindho dibarengi Sairik.
“Walaikumussalaam…..!” semaur Rohati teka pawon, aju njumbul lan katon tenger-tenger. Serta uwis parek njerit ambi nyebut arane Sumiyatik. Rohati lan Sumiyatik rangkul-rangkulan kangen.
    “Taslim ning endi Roh?” takone Sairik ambi mbarengi melebu ring jerumah lan lungguh ring kerosi dhayoh.
     “Kang Taslim makani lele ring tambak mburi, kok! Makene Isun bain hang nyeluk,” jare Rohati ambi gupuh nyepak-nyepakaken suguhan.
     “Geningena wis, Isun bain hang merana!” abane Sairik ambi njangkah memburi.
     “Aju gancang balika maning merene! Sun indelaken wedang kopi gula aren yah!” jare Rohati ambi njawil dhengkule Sumiyatik. Serta ring bale kari keloronan, Rohati lan Sumiyatik hang uwis sing ketemu limalas taunan iku gentian ulihe cerita nasibe dhewek-dhewek. Sumiyatik aju takon masalah Sairik, kelendi selawase ditinggal umah-umah. Rohati cerita paran anane, kadhung Sairik iku sakat lulus SD disekolahaken ning kutha ambi keluwargane sampek nggadug lulus SMA.
    “Kira-kira umur rongpuluh taunan gedigu, teka maning ring Banjar kene. Iyane dijaluk ambi Kades supaya gelem ngerewangi megawe ring bale desa sampek seperene iki. Saiki kira-kira ya uwis ulih wolungtaunan gedigu,” ceritane Rohati. Sumiyatik meringis kaya magih ngenget-enget nalikane iyane nunggang dhongkar ambi calone lan keluwargane nyang KUA Kecamatan Glagah. Sairik nalika iku emeh lulus SD milu ngateraken pisan ning KUA.
    “Terus, iki sepurane sulung ya Mbok. Rika aja ngersula. Lakinrika ika apuwa sih gok sampek kalap gedigu, Mbok?” takon Rohati ambi ngongkon Sumiyatik nyamil sawud sawi ketan. Sumiyatik rada suwi ulihe nyemauri. Merga iyane magih durung lali nalikane ditandangi lakine, dikeleser sakat teka jerumah sampek ring lurung kampung Watu Buncul ambi nundhung-nundhung. Kedadeyan hang gedigu iku sing mung sepisan pindho. Ping kaping-kaping. Tau uga dipecuti kaya jaran sampek awake mbiler kabeh. Lakine iku emeh sabendina mendem ombenan, dhemen tuku nomer buntut lan dhemen adol-adol barang. Sampek-sampek hang aran donya ulihe dum-duman warisan entek diedol. Serta wis entek, ngurek-urek warisane kakange lan bagiyane emboke. Sumiyatik tau ngengetaken supaya aja ngurek-urek donyane dulure maning. Man Wir mencak-mencak, lan ngawas-awas arep mbacuk Sumiyatik nganggo budhing. Nalikane Man Wir ngesah budhing ring buritane umah, Sumiyatik ngedhengi mbokak lawang ngarep, sing sandhalan, nyuwun buntilan melaku nginclig ngulonaken. Serta uwis gadug adoh teka umahe, iyane ngetepeng sak kuwat-kuwate. Pantese bain, ngeweruhi rabine sing ana ring jero umah, penganggone hang ring jero lemarine uwis nana, Man Wir ngamuk-ngamuk. Kerana Sumiyatik bengen-bengene tau ngawas-awas arep lapur pulisi, dadi sing anane rabine iku ndadekaken atine Man Wir keweden, aja-aja rabine dina iku lapur pulisi. Dadi, sedalan-dalan ketemu sapa bain dibacuk sampek mati. Lare cilik, lancing-perawan, uwong tuwek-tuwek dadi sasarane budhinge Man Wir. Kala semono Banyuwangi ungkreg, muyek lan jaga-jagaan. Merga jare Man Wir iku bisa melecut lan njumbul ring endi bain. Masarakat bisa mangan-ngombe lan bisa turu tanek nalika ana kabar Man Wir kendhat.
     “Gedigu, Roh. Ceritane!” abane Sumiyatik ambi ngembung iluh, naming sing sampek nangis kosah-kosah.
     “Sampek seperene, kedadeyan iku ana telung taunan gedigu?” takon Rohati.
    “Emeh. Selawase iku, Isun sengidan ring Segobang!”
    “Ring umahe Wak Soher?” takon Rohati maning. Sumiyatik manthuk ambi muluk sawud sawi ketan hang dikelocori com-coman gula aren. “Aju bisa runtang-runtung maning ambi Sairik iku, kelendi mau?”
    “Isuk mau, teka Segobang nunggang dhongkar. Serta gadug ngarep umah, ana lare lanang gok milu nulung-nulungi ngunjali kelapa teka dhongkar melebu pawone umah. Serta rada suwi ulihisun gesah ambi Emak, Wak Johanah lan Bik Asemah, lare lanang iku njumbul teka bale. Serta Isun takon ning Emak, sing weruha lare lanang iku Sairik hang nalikane bengen magih cilik Sun momong. Sun gendhong ya Sun amplok ngalor-ngidul. Isun kaget. Bengen magih cilik sing pati nggantheng. Serta uwis gedhi, nggawe kemesud atinisun, yah. Nggantheng kaya bintang pilem kok!” ceritane Sumiyatik.
   “Sairik iku sing tau sir-siran. Isun iki wis hang weruh sedinane. Kadhung Minggu mbantu apake ring sawah. Senen sampek Kemis mbantu-mbantu ring bale desa. Dadi juru ketik. Jemuwah sakat Subuh uwis ana ring masjid, nulungi rijig-rijig kanggo nyepakaken jemuwahan. Dina Sabetu kaya saiki iki sanja ring dulur-dulure. Kadhang ambi nyangking sawi sak kisa, kadhang nggawa udud,  kadhang ya tau nggawa gula pasir kaya uwong wadon kadhung nyambang dulure iwuh ika. Isun ambi Kang Taslim tau ndhedhes-apuwa sih sira sing gelem umah-umah iku?- Semaure kari entheng. "Dhoooh….Sapa arep….Maningane, kadhung umah-umah Isun sing bisa sanja dulur-dulur. Kadhung ana lare wadon hang gelem Sun ejak sanja, ya Sun nikahi- abane,” ceritane Rohati. Sumiyatik manthuk-manthuk ambi gemuyu suwing. Rohati mahami munyike Sumiyatik.
    “Miya….Isun tau kerungu kabar, ana embah-embah nikah maning ambi lare lanang hang umure magih nembelas taun. Gok bisa yuh?” abane Rohati setengah mbombong atine Sumiyatik. “Paran maning kacek mung pitung taun, seru pantese,’’ batine Sumiyatik ngedhem-ngedhemi awake dhewek. Rohati setengah nyengidakaken unyike ambi ngore rambute hang dawa ring raine dhewek. Sumiyatik katon metenggengen. Uwong wadon loro iku dikagetaken suwarane Sairik melung-melung ring tambak lele latar mburi umahe Rohati. Sumiyatik kelunjuk lan mberejag aju melayu mara ring panggonane Sairik hang nyekeli jempolan tangane.
   “Apuwa iku? Apuwa?” takone Sumiyatik ambi gacar-gacar nyincing eroke nyander ring Sairik. Taslim bingung golet anake uwit gedhang, arep dikethok lan pulute kanggo mampetaken getih hang metu teka jempol tangane Sairik.
    “Keneng paran iku mau, Rik?” takone Rohati. Taslim semaur teka kadohan :”dipathil lele!”
    “Masa alaah….!” Abane Rohati. Sumiyatik langsung ngemut jempol tangane Sairik hang metu getihe. Disedhot-sedhot getihe aju diidokaken.
     “Lele hang ring timba iku gawanen ning pawon Roh!” melunge Taslim. Rohati sing kathik semaur langsung nyangking timba hang kebek isi lele. Taslim teka maning ambi nggawa kethokan anake uwit gedhang, aju ditemplekaken ring jempolan tangane Sairik hang tatu.
    “Endi kene, Sun cekeli!” jaluke Sumiyatik ambi nyandhak tangane Sairik lan kethokan anake uwit gedhang hang ditemplekaken kono mau. Uwong loro iku melaku edheng-edheng melebu pawon umahe Taslim. Taslim dhileg-dhileg, nyawang lakune kancane iku.
                             * * *
“Ehm……….gedigu….? Kadhung uwis jodho, ketemu elek-elekan ya dadi yoh?” abane Sarbinik ambi meringis-meringis.
“Sakat kedadeyan iku, Sairik ambi Sumiyatik saya akrab, pungkasane keluwargane sepakat nikahaken. Umah-umah ulih setaun, ana pilihan kepala desa Banjar. Uwong-wong ngajokaken Sairik kanggo salah sijine calon. Lha…nalika pilihan, Sairik menang adoh. Pungkasane sampek seperene Sairik dadi Kades Banjar,” ceritane Sapronik.  
“Dadi, uwong loro iku pancinge kecanthol andha?”
“Paran maksude?” teges Sapronik.
“Lancinge kecanthol randha!” semaur Sarbinik.
“Kadhung gedigu, ayo wis nyang umahe Kades Sairik.  Angger jam-jam semene iki, adate angkul-angkul ring ndhuwur pondhok panggung. Aja lali nggawa ragate kinangan. Kades Sairik iku kadhung nulung uwong lara, sing gelem nerima upah. Naming, hang mari ditambani kudu sedhekah ring lare yatim utawa pakir-miskin. Kadhung sing ana, dikongkon sedhekah ning masjid”.
“Kari muliya atine Kades Sairik iku yoh? Kadhung gedigu, ayo wis beruwat merana!” abane Sarbinik ambi gacar-gacar nyepakaken ragat kinangan.
    Soren iku, garis-garis sorot serngenge uwis sing panas maning. Lare cilik-cilik sak pantha-pantha padha pinuju langgar pinggir sawah. Pitik-pitik uwis ipek-ipek ring panggonan pethingkringane. Sarbinik ambi Sapronik, goncengan sepidhah unta menyang umahe Kades Sairik. 
 
 
Banyuwangi, 2024    
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor