Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 08 Februari 2026 07:17 WIB)
(Roncean Cerita) Sepatu Ring Paesan - bag 1
(Rocean Cerita) Sepatu ring Paesan - bag 1
Dianggit ring Kang Ujik
Wanto lare patheng milu kegiatan sosial kemasyarakatan liwat kepramukaan. Nalika lulus teka Sekolah Menengah Perintis Pembangunan (SMPP) langsung dicandhak pemerintah didadekaken ajudane Bupati. Kerana prestasi kerjane apik, sing sampek 10 taun ngabdi, iyane aju diangkat dadi PNS. Kantore sak kandhang ambi pendhapa kabupaten. Buru bain iyane teka tugas ngajudani bupati ning acara apel kesadaran Nasional, kancane hang aran Ali ngabari kadhung Wanto isuk mau ana hang nilpun.
“Hang nilpun mau arane sapa, Li?”
“Suwarane wadon. Alus….mung bain isun lali takon arane!”
“Ana kabar paran?”
“Apake, dr. Hamam, ninggal subuh mau!”
“Alaaaak….Yumarsini! Kancanisun sekolah ring SMPP. Umahe ring Srono!”
“Ah….bener, bener….iyane mau nyebut Srono…..!”
“Li. Isun kudu merana saiki. Nawi engko bedhug utawa asar ana acara, tulung Ipung tugasena kon ngajudani Bapak ya Li!”
“Wan, nggawaa mobil dinas bain, makne cepet gadug!”
“Emong Li. Iki urusan pribadi. Makene wis, isun nunggang bis umum bain!”
“Byek, kasep engko tah!”
“Makene wis!” semaure Wanto ambi gancang mentu teka kantor, gancang melaku ngadhang Lin hang jurusan terminal Brawijaya, ring halte Sritanjung.
Suwi nganteni Lin liwat, Wanto enget rupane Yumarsini hang rambute ngandhan sampek gadug bokonge. Rada bajang. Bacote mancung, matane wera melok-melok, lambene tipis. Kadhung ngomong suwarane mula alus, edheng lan akeh unyike. Pokoke kadhung diajak gesah mari-mari ndhemenaken.
“Minal,minal,minal……!” abane kernet ambi ngucap jurusan terminal naming disingkat dadi minal. Lin pas mandheg ring ngarepe Wanto hang aju melebu ring ngarep, lungguh ring iringane supir. Lin sing melaku-melaku kerana magih kudu nganteni penumpang liyane. Kernete malah mudhun teka Lin, tuku es ambi ududan.
“Minal,minal,mina...Jaya, jaya, jaya…ya terus berangkat, ayo terus berangkat…..minal, minal, minal….jaya, jaya, jaya……!” melung kernet ambi ngacung-acungaken tangan hang ring derijine ana udude. Wanto bingung, ungang-ungang memburi nawi ana Lin hang sak jurusan naming uwis ebek penumpange.
“Sedhela engkas, melaku Pak!” abane supir ngomong ning Wanto. Supir paham kadhung Wanto bingung. “Ndul, jendhul…..ayo berangkat….!” ejakesupir. "
"Sulung Bleh….sedhela engkas!” semaur kernet hang celukane jendhul iku. Paran hang diangen kernet lan supir keturutan. Ana rombongan arep menyang Jember. Rombongan lanang-wadon hang akehe rolas uwong iku munggah kabeh ning Lin. Macel. Lin aju berangkat. “Tariiiiiik…..!” abane kernet ambi nariki picis ongkose ning penumpang. Sing kathik mandheg-mandheg, Lin langsung melebu terminal Brawijaya.
Rombongan hang buru mudhun teka Lin kelebu uga Wanto langsung munggah bis hang uwis arep melaku nyang Jember. Arane kendharaan penumpang umum, ring dalan-dalan ya mandheg ngunggahaken penumpang uga ngedhunaken penumpang ring Rogojampi, Mangir, Wonosobo lan Wanto mudhun ring ngarepe Kantor Camat Srono. Umahe Yumarsini magih kudu melaku ngeliwati gang-gang ring perkampungan mburine Kantor Camat Srono. Wanto njujug ring umahe Yumarsini. Naming ring umahe uwis katon sing pati ana uwong. Naming pendhera kematian magih ubah-ubah edheng disapa angin. Kerosi-kerosi magih jejer ringisore terob.
“Milu takon, mayite uwis digawa nyang kuburan?” takon Wanto ning uwong lanang hang singkrih ring ngisore terob kematian.
“Uwis. Mau wis. Paling marek iki hang ngubur padha teka!” semaure uwong hang diceluki Gandar iku ambi kancane singkrih.
“Kuburane ring arah endi?”
“Iki rika ngulon…. sampek gadug ring dalan kampung rada wera. Aju biluka nengen. Kira-kira setengah kilo, rika biluk ngiwa. Ana barongane jajang jejer-jejer ring pinggirane kalen, ya iku wis kuburane,” jare Gandar nerangaken. Wanto manthuk-manthuk masiya durung tau weruh panggonane.
“Kesuwun, kang!” abane Wanto ambi aju pamit.
“Padha-padha, Kang!” semaur Gandar.
Wanto melakune rada gancang. Serta gadug dalan kampung rada wera, Wanto salipan ambi uwong-wong hang uwis padha mulih teka kuburan. Naming Wanto tetep melaku temungkul sampek gadug bilukan ngiwa. Buru bain biluk, ana montor cemeng gedhi buru melaku ninggalaken pekuburan. Wanto langsung bain melebu pekuburan, nggoleti kuburan anyar hang magih teles banyu kembange. Kerana Srono mau isuk nawi bain udan deres, dadi lemah ring pekuburan iku magih akeh hang lejek. Mbelethok. Wanto ngothak sepatune aju dideleh ring iringane paesan sikil. Sedurunge kirim donga, Wanto ngeratakaken lemah kuburan hang ana ring paesan endhas. Buru bain arep tawassul, ana suwarane montor ngerim, mandheg ring ngarepe lawang pekuburan. Wanto ungang-ungang ring arahe montor mandheg iku.
“Alaaaak…..Yumarsini….!” batin Wanto, aju melayu sengidan ring barongane jajang pinggir kalen.
“Adhuh….sepatu lali nyangking….!” Jare Wanto sing kerasa ngomong dhewek. Yumarsini mandheg grek ring iringane paesan sikil apake. Wanto nahan ambekan ambi ngincengi teka sela-selane uwit jajang.
Yumarsini mendheg aju kaya tulis-tulis nganggo derijine ring kuburane apake. Gedigu thok, aju ngalih ninggalaken kuburan maning. Serta montor melaku maning, Wanto ngantarakaken, nawi mara-mara montor hang ditunggangi Yumarsini teka maning. Serta dirasa aman, Wanto njumbul maning teka walike barongan jajang. Melakune kaya uwong mari ngising ring kalen, ambi mecik-mecikaken epek-celanane. Sedurunge mendheg, Wanto maca tulisan ring lemah kuburane dr.Hamam: ”Isun ngerti!” unine tulisan hang digawe Yumarsini mau. Wanto nganggreng.
”Iya, Yum. Isun sungkan ketemu rika. Isin ketemu lakinrika, dr. Patiwena pilihan apakrika!” batin Wanto ambi mendheg lan tulis-tulis ring ngisore tulisan Yumarsini mau: ”Isun uga ngerumangsani!” unine.
Mari nulis gedigu iku, Wanto enget nalika ngamen ring kos-kosan Watu Buncul kulone sekolahan, salah-sijine lare wadon hang kos arane Yumarsini. Yumarsini iku hang ngadeg ring lawang kamar kos ambi nulihi Wanto sakat genjrengan kawitan. Wanto mangkat gendhingan: “…..awe-awe……nunggang dhongkar…..ya sun iling…kaya wis tau kenal….mesam-mesem….kari penyar….rasane awak kemesar….sun enget-enget….tapi sing enget….nongendi isun tau kenal wong iki….sun geredho kok mbesengut….rasane ati kemesud….
Kanca nabok ngengetaken….apuwa sira kari nyerengkal…tulih-tuliha tah nggeredho…alak emas….iku emak kuwalonira kang anyar…Dhuh….keneng balak…awakisun….arep methit kekiwan….pokale Bapak doyan rabi…awak sampek nemu wirang…..”
Jalaran Wanto nggawa gendhing “Methit Kekiwan” iku, Yumarsini hang gemuyu lali njaluk wul koncar-kancir.
“Uwis Yum, nawi gagem pengamen iku!” cegah Watik, kanca sak kosane.
“Sing paran-paran, Mbok. Hang penting ra sumbut!” semaur Wanto.
“Aja kuwatir…..taping engkisuk bain yah dibaleni maning,” abane Yumarsini ambi ngelungaken picis.
“Kesuwun,Mbok…..!” jare Wanto ambi mungkur sedhot. Serta melaku gadug dalan gedhi, Wanto lungguh ring pinggirane buk ambi ngenget-enget:”Kaya tau weruh isun ning lare wadon iku mau. Alak iyok…..kanca sak sekolahan, lare anyar hang asale sekolah ring Jember. Kerana apake hang jare dokter iku dielih dinese, teka Jember ning Banyuwangi kidulan, iyane katut ngalih pisan. Tapi kok malah milih sekolah ning Banyuwangi yoh….SMA ning Rogojampi ya ana. SPG ning Pandan ya ana, malah lebih parek. Taping, hah….dadi mikiri uwong liya. Nasibe dhewek nana uwong hang mikiri yah!” batin Wanto hang aju nerusaken lakon ngamen teka warung siji ning warung liyane.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.