Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 01 Maret 2026 07:38 WIB)

(Roncean Cerita) Sepatu ring Paesan - bag 3



Dianggit ring Kang Ujik

    “Bengi iki nggenjreng ring endi?” takone Yumarsini.
    “Boyolangu!” semaure Wanto ambi nyetel kitare. Saben wayahe ngamen, Yumarsini mesthi nyusul Wanto sulung nganggo sepidhah udhud duwene dhewek. Sing kathik gesah maning, lare loro iku pamit ring  emake Wanto, Bik Siti.  Yumarsini aju njeglegaken sepidhah udhud. Wanto gonceng ambi meluk kitare.  Edheng-edheng lare loro iku mau ninggalaken Wirodayan lan eseme Bik Siti.    “Dhuh….pira-pira….. anakisun duwe kanca wadon,” batin Bik Siti.
   Sedawane dalan hang diliwati, matane Yumarsini lirak-lirik kiwa lan tengen, nawi-nawi kecaruk kancane sekolah. Serta gadug perapatan kawitan Boyolangu, sepidhah dijaglang ring pareke sadheng. Rodha mburi dirante lan digembok ring sadheng.
     “Ngulon sulung, gadug perapatan kulon ika biluk ngidul, engko pungkas ring kene maning,” jare Wanto nata laku. Saben ana lawang umah mbokak, Wanto nggenjreng. Kadhang buru muni uwis dielungi picis. Hang nerima Yumarsini. Sak galur dalan kampung Kerajan Desa Boyolangu iku, sak gendhing uwis cukup. Merga nana uwong hang sampek tutug gendhing siji aju ngelungaken picise. Paling dawa nggendhing sak bait. Gadug perapatan tengah, Wanto lan Yumarsini biluk ngidul melebu kampung Kopat. Pantese bain, masarakat Kopatan iku padha dhemen gendhing Using. Ring bilukan kawitan, Wanto ditanggap sampek pirang-pirangane gendhing. Salah sijine gendhing hang didhemeni uwong yaiku -Karine Cerita- :”….Iki karine cerita….gawe nyesek ambekan ring dhadha….mergane apak akeh rabine, emakisun embuh hang nomer pira….Isun wis tau kemisinen….enake dhemenan nemu alangan…kudune mandheg…ring tengah dalan…merga jare magih sak perwalian….Isun iki kudu kelendi….arep dhemenan maning sing wani….kuwatir wis kadhung sun rabi….sing weruha magih apak siji…..sedheng emakisun sing ngerti…. Maru-marune manggon ring endi…aja-aja mak uwyek marune….aja-aja mak enom ya marune….dhuh….kelendi…..kelendi….isun iki…aju……..”
   Akeh uwong hang njaluk syaire. Pungkasane uwong-wong hang mubeng ndeleng iku ana hang ngalahi njuwut kertas lan pulpen. Mari dicathet, uwong-wong iku belajar gendhinge ambi ketheng-ketheng.
    “Sulung tah…..sair iki ulih ning endi Rika, Kang?” takon Kang Munir ambi gemuyu ketheng sampek watuk-watuk.
    “Eh, Kang  Munir kadhung takon kari lucu ak yoh….!” saut Bik Tin hang nalika enom duwe pengalaman dimaru lakine.
    “Byek…. Hang duwe lakon sing terima dulur….!” poyok Bik Wanah.
    “Eh….aja mung njaluk gendhing, ayo teblukena jampelane….ayo kene….teblukena….!”abane Man Yas ambi nyoplok kethune, diwalik aju ider  ning uwong-wong hang nggerombol iku.
   “Rika sing ndeleh pisan?” takon Sajidik.
   “Wuih, ya kudu dulur…….!” Semaure Man Yas ambi geroh-geroh ring sak celanane. Embuh pira hang dilebokaken ring kethu iku, sing kathik diitung. Serta kira-kira uwis nggadug jam wolu bengi iku, Wanto lan Yumarsini pamit nerusaken lakon. Ngetan, gadug bilukan wetan aju biluk ngalor sampek gadug sepidhahe hang dijaglang ring sadheng mau.
    “Ayo terus mulih wis!” ejak Wanto.
   “Wis jam pira sih iki, Wan?”
   “Emeh jam sanga wis yah. Kok….rungokena tah….suwarane uwong nyetel TVRI. Ana tengere emeh acara Dunia dalam Berita……!” abane Wanto ambi ndeleh deriji tangane ring mburine kupinge dhewek. Yumarsini manthuk-manthuk.
    “Adate Sira sampek jam pira sih, Wan?”  
   “Ya wayah mene iki wis…Kadhung malem Minggu ning Rogojampi, sampek dalu. Ning kana akeh warung mbokak mari magerib sampek subuh”.
  “Kadhung merana isun milu!”
  “Gampang wis….Saiki ayo mulih!”
   “Picise sing diitung?”
  “Kelumpukena sulung. Nawi kongang, engko itungen ring kos-kosanrika!”
  “Rika percaya ning Isun?”
  “Rika sing keneng dipercaya tah? Isun yakin Rika amanah, jujur lan sing munapek,” abane Wanto tandhes. Kerungu ucapane Wanto hang kaya gedigu iku, Yumarsini temungkul ambi ngethem picis hang diwadhahi capil ring dhadhane.     
    “Sepurane nawi rika tersinggung!” sambunge Wanto. Yumarsini dhileg-dhileg.
    “Selawase kancaan ambi Rika, Isun ulih akeh pelajaran. Atinisun hang wangkod dadi neriman, watekisun hang kaku dadi komel, isun wis bisa gemuyu ngadhepi urip iki. Bengen rumangsa melid, saiki isun kudu loman ning sapa bain. Gelem ngeregani lan ngurmati uwong liya. Gelem nerima penemune uwong liya. Isun bisa nambahi sukur sak akeh-akehe nalika Isun lan Rika memengan ambi kanca-kanca SLB. Sukur Isun didadekaken menusa hang sempurna, bisa nulih sekabehane kelire donya. Mung siji hang durung sun gape,” abane Yumarsini ambi nyekel lengene Wanto.
    “Paran iku Yum?” takon Wanto ambi nggulung rante hang uwis dicoplok teka sadheng.
    “Mbesuk-mbesuk Rika ngerti dhewek….Ayo wis mulih….!” 
    Wanto sing kongang takon maning, Yumarsini uwis njeglegaken sepidhah udhude, keloronan ninggalaken cerita ring Boyolangu. “Iya… Uwong-wong Boyolangu iku mau, nana hang kenal ambi isun lan Wanto. Guyone kaya uwis kenal taunan. Akrab. Sedheng isun sak keluwarga hang bengen akeh wektune  kumpul sak umah, sing pati akeh gesahe. Paran maning guyon!” batine Yumarsini.  Beda maning ambi hang dibatin Wanto:” Paran hang durung digape Yumarsini yoh….? Aja-aja Yumarsini kepingin mangan bareng ambi isun !”
     “Yum…Golet warung. Isun elom!”
     “Ayo wis…Isun ya elom….Ning perapatan Cungking bain yah!”
    “Karepe wis…..!”
    Yumarsini ngendhegaken sepedhah udhude ring warung lalapan. Ambi nganteni dilayani, Wanto gendhingan, ngibur uwong-wong hang padha mangan sega lalapan: “….Aja pila-pilu ning uwong hang eluk-eluk lumbu….angin ngalor milu ngalor angin ngidul milu ngidul…sing duwe pathokan….sing duwe pelanggeran……Aja bombang-bombong  ning uwong hang kembang terong….gelem nerima nguwani emong, gelem nguwani ngomong-ngomong ring ngarepe uwong….ring ngarepe uwong….amening rika amening…ning uwong hang ngembang kucing…ditawani miring-miring weruh rasa njaluk maning dibelani muring…..dibelani muring……Kang Mahpud menyang Kalipura….nganggo seruwal kelire kuning….nawi luput njaluk sepura….liya dina ketemu maning…….”.
      Kerungu gendhinge Wanto uwong-wong padha dhemen. Mulane, serta mari madhang sega lalapan, Wanto lan Yumarsini sing ulih mbayar ambi hang dodolan. Yumarsini ulih pelajaran maning. Paran-paran kadhung dilakoni kelawan ihlas, insyaalloh ulih balesan teka ihlase uwong liya hang kadhung diijir-ijir, malah lebih akeh ulihe.
      “Wan….Isun eterna ning kos-kosan sulung. Sepidhah udhud iku engko gawanen. Engkesok isun milu latihan Pramuka. Susulen!”
    “Iya wis…Maning uwis dalu….Rika sepidhah udhudan dhewek kelendi?” semaure Wanto ambi njeglegaken sepidhah udhud, Yumarsini gonceng ambi nyekelaken kitare Wanto. Edheng-edheng sepidhah udhud melaku ngulon, nembus hawa dalu ring dalan Mojopanggung hang remeng-remeng. Kerana ngeliwati dalan jeglongan, Yumarsini kaget lan meluk bangkekane Wanto. Wanto hang kagetan lan rada latah iku melung:”Iya maaaaak……!” Yumarsini kaget pisan aju gemuyu bareng sak anter-antere. Dalan sepi. Umah kiwa-tengene dalan uwis padha tutupan. Watu Buncul dikemuli hawa adhem, Yumarsini edheng-edheng mudhun teka goncengan aju melebu ring kos-kosane. Wanto sing kathik mandheg sulung, aju gerit lan edheng-edheng ngegas sepidhah udhud ambi meluk kitare. Ngetanaken.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.