Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 05 Juli 2026 07:28 WIB)
(Roncean Cerita) Tobate Miyabi - bagiyan 1
Dianggit ring Lirix Al Harir
Thulik ulih undangan ring Licin teka kancane nalika ngaji ring Kik Madun. Kerana adoh Thulik gelem disusul nganggo montor hang apik. Ring ngarep, supir didhampingi kancane, Thulik lungguh dhewek ring mburi.
Ring kulone Sasak Perot ana pangklang sepur hang ketepakan nutup kerana ana sepur arep liwat. Montor mandheg, Thulik mbukak kaca cendhela montor, ana lare wadon ayu kelambine ya sopan lengen dawa, uga eroke sampek nutupi sikil, rambute sak pundhak disemir kuning, eseme nggawe wong lanang padha kesengsem.
“Kakang, gelem nggawa lsun tah? Isun digawa ring endi bain gelem kok, aja kuwatir Kang, murah kok bayaranisun,” abane lare iku ngerum-rum Thulik.
Sing kakehan cangkem Thulik hang wis paham sapa lare wadon iki aju mbukak lawange montor, ”Mayo melebuwa Sun ajak ring suwarga.”
Lare iku atine seru girange, nyangka empane wis ulih iwak, dadi kari narike. Lawang ditutup Thulik jak loron ambi lare wadon iku.
“Aranrika sapa Dhik?” Thulik mbukak omongan.
Lare iku njawab,” Aranisun Miyabi Kang.”
Thulik ya rada muyab, "Byek arane kari apik ya, Miyabi kaya wong Jepang, pantesan wonge ayu.”
Atine Miyabi kemesar rungu omonge Thulik, ”Ah Rika iki Kang bisa bain, Miyabi iku Kang artine Mekarisun wayah bengi. Hehehehe. Aranrika sapa Kang?”
Thulik mung mesem, naming hang nyauri wong hang ring sebelahe supir, "Hahaha.. Rika sing kenal ring Kakang iki Mbok? Wong gagah ngganteng, ciri has rambute dawa lan nganggo udheng.”
Miyabi nyawang Thulik aju menceleng ngenget-ngenget sapa wong iki. Raine Miyabi dadi semu abang kerana isin serta enget sapa wong hang ring sandhinge iki,” Ya Alloh sepurane Kang lsun nggudha Rika, cumpune Rika iki Kang Thulik anake Kyai Zarqoni. Isun mudhun ring kene bain Kang, sepurane”
Thulik ngakak, ”Hahaha, yara Rika mau wis ngomong gelem diajak ring endi bain, sepurane lsun arep pengajian, dadi Rika ya kudu milu.”
Miyabi tambah isin lan bingung, "Emong Kang, lsun isin, lsun iki mung romot, dadi kembang dalanan, mekare mung sak bengian, isuk alum dadi tontonan, sing ana hang ngelirik sing ana hang ngutik, sing ana hang usik, sing bisa umik sing bisa munyik, awak lemes ati ngenes sukma angles, ring ngarep Pengeran apatah magih pantes?”
Thulik munyik, "Hemm, aja rantas aja tatas, Pengeran Maha Welas, mareka hang akas lan telikas, iman hang ceceran ayo digagas, aja waswas mayo mentas, mumpung magih waras lan bergas, sukma raga mayo dibilas, pantes utawa using iku urusane Hang Maha Awas”.
Miyabi ngembung iluh, sing kuwat nyegah rasa getun ring atine, "Astaghfirullah, ring sawah matun pari, getunisun sing mari-mari, apuwa lsun ngelakoni kaya gedigi, hang penting enak saiki, sing dipikir dina mburi, adol awak nuruti napsu lan iri. Bungah mung sewengi isuk mangan ati. Dhuh Gusti napa hang kudu Kula lampahi?”.
Miyabi mbesesegen, iluhe disusuti nganggo setangan, "Kang Thulik, lsun sing pantes milu ring pengajian, masa teka ring pengajian lsun sing nganggo kudhung?”
Thulik gemuyu,”Hahaha, masa repot, engko mandheg ring pasar Licin tuku kudhung. Kang supir, mandheg pasar Licin ya, tuku kudhung.”
Supir njawab, ”Siyap, Insya Allah.”
Gadug pasar Licin montore melaku edheng-edheng iras nggolet toko hang adol kudhung. Montor mandheg pas ring ngarepe toko hang adol kudhung, Thulik metu teka montor aju melebu ring toko iku. Sing suwi Thulik metu maning nggawa kudhung, aju bain Thulik melebu montor lan nyerahaken kudhunge ring Miyabi. Sing kathik sungkan Miyabi aju nganggo kudhung iku, subhanallah, rupane Miyabi uwah dadi tambah ayu nganggo kudhung iku. Lakune montor diterusaken ring panggon pengajian hang wis sing adoh teka pasar. Ring kulone pasar meliguk ngiwa, wis katon rame panggone pengajian.
Weruh ana montor teka wong-wong hang lungguh padha ngadeg nyambut tekane Thulik. Miyabi lan Thulik metu teka montor, pengawal hang wis siyap sakat mau aju ngawal Thulik digawa ring kursi ngarep. Panitiya wadon nggawa Miyabi ring panggone wong-wong wadon lungguh. Wong-wong wadon padha rebutan salaman ring Miyabi.
Miyabi rungu akeh uwong hang padha ngomong, ”Masya Allah, Bu Nyai kari ayu.”
Ambi ngempet rasa isin ring lakune dhewek Miyabi mbatin, "Ya Alloh, nembe marek tiyang sae mawon kula diajeni, diregani, lan dimulyakaken tiyang-tiyang niki, mungga Kula dados tiyang sae, kepundi mulyakula miturut Panjenengan. Astaghfirullahal ‘adhim, sepuntenen sedanten dosankula Ya Allah.”
Dhonge Thulik wis teka, pengajian aju dimulai, pembukaan, sambutan-sambutan, lan gilirane Thulik ceramah ring pengajian iku. Ring tengah-tengah ceramahe Thulik ngomong, "Dulur-dulur, mati iku barang goib naming pasthi, goib kerana tekane kapan sing ngarti, pasthi kabeh uwong bakale niliki, mumpung magih ana umur mayo sangune melebu kubur diebeki, mumpung nyawa magih ring raga ayo laku apik diakehi. Sapa-sapane uwong hang mati sing nggawa apike amal kaya-kaya uwong ngambah segara tanpa kapal. Hang laku ala gancang tobata, hang rumangsa wis apik gancang padha sukura. Aja rumangsa pinter naming pintera rumangsa, rumangsa kawulane Pengeran hang magih akeh dosa, uwong apik iku sing luput teka mangsa hang kepungkur, aja lali, uwong ala magih duwe mangsa ngarep kanggo tobat naming mung sedhela. Aja nyamah wong laku elek, aja ngina wong laku ala, nawi-nawi mbesuk ulih sepurane Gusti Alloh. Aja dumeh dadi wong apik, kepeleset sithik sapa arep tilik. Ana apike iku teka Hang Kuwasa, ana kurange merga budhuhisun hang magih kudu akeh sinau ring donya. Sepurane hang akeh Sun pungkasi nganggo sair gendhing Using ‘Amit-amit kula njaluk dititeni. Kadhung luput ageng alit sepurane. Njaluk tulung kekurangane apikena. Wong kang nganggit kepinterane durung sempurna.’ Wallohul muwaffiq ilaa aqwamith thoriq wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh,” aju Thulik maca donga nutup pengajian.
Pengajian wis mari, wong-wong hang hadir padha mulih, Thulik lan panitiya madhang bareng ring umahe ketua panitiya. Semono uga Miyabi hang dianggep Bu Nyai diajak madhang ambi panitiya wadon. Mari madhang sak durunge mulih, wong-wong wadon njaluk donga ring Miyabi hang disangka Bu Nyai.
Salah sijine panitiya wadon ngomong ring Miyabi, "Bu Nyai, Kita sedaya nedi dongane mugi selamet donya aherat.”
Miyabi kaget lan bingung, wis pirang-pirang taun sing tau ngelakoni sembayang, paran maning donga. Miyabi mikir donga paran hang arep diwaca, untunge Miyabi iling donga sapu jagat, "Robbana aatinaa fiddunya hasanah, wafil aakhiroti hasanah, waqinaa adzaaban naar.”
Bangete ndonga iku Miyabi kaya didudut-dudut atine, nangis getun ring lakune sak lawase iki, kaya ulih hidayah Miyabi nerusaken dongane ambi nangis, ”Ya Alloh Gusti, dosankula sedaya dhedhegan ngebeki langit lan bumi, naming welas lan sepuntenNdika mboten wonten hang nandhingi, mula Kula sedaya nyuwun sepuntene sedaya lepat. Selamet donya aherat, kabul sedaya hajat. Aamin yaa robbal’aalamiin.”
Wong-wong wadon hang amin, padha ngembung iluh ngerungokaken dongane Miyabi hang ambi nangis kelayung-layung. Miyabi pamitan mulih, wong-wong wadon padha salaman ngambung tangane Miyabi ambi padha nguweni amplop lan sing lali digawani berkat.
Miyabi aju melebu ring montor, jebule Thulik wis ana ring jerone, aju montore melaku mulih. Ring dalan Miyabi wis sing bisa nahan tangise, atine sing karuwan weruh wong-wong ngeregani lyane hang dikira Bu Nyai.
“Ya Alloh, Kang Thulik, lsun sing nyangka Gusti Alloh nutupi lakunisun hang ala, embuh kelendi dadine kadhung wong-wong mau weruh sapa saktemene lsun hang kothor iki. Sing kira Isun diregani kaya iku, dikongkon donga lan mulih disangoni. Isun isin ring Gusti Alloh, lsun getun ambi paran hang sunlakoni sak lawase iki. Dosanisun sak pirang-pirang, taping welase Pengeran sing kurang-kurang. Isun wirang, ketang-ketang kadhung gejeglang, umek muter nggawe dosa sak jerone kalang. Apatah magih ana dalan padhang hang gancang bisa Sun ambah marek ring Pengeran Hang Mahawenang?” Miyabi nggetuni awake dhewek.
“Dalan wera padhang magih dienthang, aja sumelang, rahmate Pengeran jembar jememblang kanggo uwong hang gelem tobat gancang. Sing ana aran kasep tobat, mayo mangkat, ati hang dhedhel agage dijerumat, lerena ulihe maksiyat, njenggirat njingkat tobat lan tirakat mumpung awak durung turu ring ngisor welangat. Muga ulih rahmat lan berkat donya lan aherat. Tobat magih diterima sakjerone nyawa durung pisah ambi raga,” Thulik nguweni nasehat ring Miyabi.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.