Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 14 Desember 2025 06:35 WIB)

Ronceyan Cerita: Pancinge Kecanthol Andha (Bagiyan 2)


Ronceyan Cerita: Pancinge Kecanthol Andha (Bagiyan 2)
Ditulis ring Kang Ujik

    “Acake liya dina nak Sun edhengi ngajak mulih nyang Banjar”.
    “Lah….Kang, kadhung wangune Sumiyatik kono mau gelem Rika ejak mulih ning Banjar, sedina sedurunge Isun kabarana. Emeh saben dina Isun yara ana ring pasar Licin. Ngateraken gula aren ring langganan,” jare Guru Salehan.
    “Aju, Sairik kelendi?” takone Wak Soher.
   “Isun hang ngatur engko wis!” semaure Guru Salehan aju ngadeg padha ngadege, salaman lan padha-padha ninggalaken wakap.
   “Bakuke gawanen kabeh wis!” abane Wak Soher ambi  ngonthel sepidhah untane. 
   “Kesuwun, Kang!” jare Guru Salehan ambi nyandhak sepedhah untane lan nggelundhung ngetan.
    Desa Segobang lan Desa Banjar setemene mung tanggaan, naming dipisahaken ambi kalen gedhi. Segobang ambi Banjar kelebu desa hang magih akeh kebonan kelapane, magih akeh uwit durene, uwit manggis, kebonan gedhang lan macem-macem uwit hang gedhi-gedhi. Dalane munggah-mudhun lan malah-malah ana dalan hang kudu medhot kalen. Mulane kadhung liwat dalan iku kudu bisa ngeropyok. Kadhung uwis teka samarwulu, angine mangkat ngaput-aput sekabehane godhong uwit-witan. Abane cenggeret anter-anteran ambi suwarane kodhok ring persawahan lan pinggirane kalen. Saya bengi, kabeh desa kelebu uga Segobang, peteng dhedhet kerana setrum listrik durung bisa melebu ning desa-desa. Mulane sekira jam wolu bengi nana damar gantung hang murub. Jam-jam semono uwis digebes.
    Masiya umahe Wak Soher uwis petengan kaya liyane, naming Sumiyatik gelibegan sing bisa turu kaya dulur-dulur misane. Saben ana suwarane gelothakan ring pawon, iyane mberejak aju lungguh ambi  nyekeli dhadhane. Ambekane kempis-kempis kaya mari melayu ring dalan munggah. Tau uga sampek mudhun teka pelanca aju melebu ning elongan, kerana kaya kerungu ana suwarane uwong ngongsrong aju kongos-kongos teka jaba kamare. Saben bengi iyane sing tanek ulihe turu. Tambah-tambah, mangane sing pati seregep. Emane saben dina dhemen candhak-candhak. Kadhung isuk nyaponi latar lan jerumah, umbah-umbah lan nulungi Wak Johanah ning pawon. Soren siram-siram latar lan nyirami tanduran ring pekarangan elor umahe Wak Soher. Naming kepikirane sing keneng ditutupi. Awake nggering-nggeringaken lan kadhang ambi watuk-watuk.
     “Sum….lungguha kene sulung,” jare Wak Johanah hang uwis lungguh ring pelanca ngarep umah.
     “Enggeh, Wyak!” semaure Sumiyatik ambi ndeleh sapu kerek ring iringane lungguh.
     “Uwis mangan soren iki mau?” takone Wak Johanah.
    “Uwis, Wak!”
    “Sum, sepurane. Sun sawang-sawang Sira gok saya gering iku kelendi, sih? Uwak iki isin kadhung ana keponakan nggering-geringaken kaya Sira. Kadhung apak-emakira sambang merene, kelendi? Engko dikira Uwak iki sing bisa ngerumat keponakan. Apa Sira kepeksa tah milu Uwak ning kene? Utawa sing cocog ulihe Uwak ngeladeni?”
   “Using, Wak. Uwak keloron uwis lebih teka cukup ulihe ngerumatisun. Mangan sing kurang-kurang. Mung bain, saben bengi Isun sing bisa turu. Kaya magih ana suwara-suwara hang ngganggu,” ceritane Sumiyatik.
    “Kadhung bengi sing bisa turu, ngeraina kongangena ngaso. Kanggo nempuhi kurang turune wayah bengi. Amit ya Sum, aja tersinggung, aja rumangsa Sun usir. Using. Isun sing duwe niyat ngongkon Sira mulih ning Banjar, sing. Uwak seneng ana Sira ning kene. Keneng-kenenga selawase Sira ning kene bain. Mung bain, apa Sira sing kangen Banjar, tah?”
     “Kangen, Wak. Kangen Emak lan Apak. Arep ngomong sing wani, Wak. Kuwatir Uwak tersinggung. Serehne Uwak ngomong kaya kono mau, ya ayo wis, kapan menyang Banjar?”
   “Emben bain wis yah! Uwak nak nyepak-nyepakaken gawan sulung,” jare Wak Johanah. Enak-enake Wak Johanah lan Sumiyatik gesah, Wak Soher teka ambi nengguluk sawi. Wangune buru mbedhol, sawine magih akeh lemahe.
    “Kari temenanan gesahe? Sun sawang teka kadohan kaya gesah tuwek ak yuh,” jare Wak Soher ambi ngedhunaken sawine ring ceracaban lawang ngarep.
    “Eh, iki mau omong kelamong. Isun ambi Sumiyatik, emben nak nyang Banjar. Isun kangen adhik-adhik lan keponakan liyane, Sumiyatik jare ya kangen emak-apake,” saur Wak Johanah.
    “Yeh. Dadi emben padha menyang. Isun ya kudu milu pisan. Suwarno ambi Suwarni makene jaga umah kene bain,” jare Wak Soher.
     "Ya diejak pisan bain, Wyak. Isun makene ana rewange gesah!” abane Sumiyatik hang omongane  uwis katon renyah. Wak Johanah lan Wak Soher rada kaget naming disengidakaken. Wangune Sumiyatik uwis rada ngelalekaken kelendi nelangsane milu ruwahe lakine bengen hang gampang mara tangan. Sithik-sithik ngaplok, sithik-sithik nandhuk lan sing jarang Sumiyatik disampadi nganggo gegerane sapu keduk kaya lare cilik.   
  “Alhamdulillaah…..!” abane Wak Soher sing kerasa ambi ngusap-usap endhase dhewek.
   “Iku sawi godhogen sulung wis!” jare Wak Soher embuh ning sapa. Sekala iku Wak Johanah lan Sumiyatik gancang tandang. Sumiyatik kencet-kencet sawi, Wak Johanah urub-urub pawon nganggo belarak lan bongkok hang saben dinane dijereng ring pager pekarangane. Wak Soher metu maning nggawa sepidhah untane.
     “Arep nyang endi, Rika Kang?” takone Wak Johanah.
     “Iki arep nyang pasar Licin sulung. Ana rundhingan bako ambi Dhik Guru Salehan!”
    “Iki kopine sing diuyup sulung? Selak adhem, ngebas engko tah,” abane Wak Johanah. Lakine sing kathik semaur, njagang sepidhah aju lungguh ring pelanca lan nguyup kopine. Sak centhong luntrik ijo-putih dientekaken.
    “Entek wis…Isun nak melaku!” abane Wak Soher pamitan ning rabine.
    "Uwake melaku sulung, Sum!” abane Wak Soher nalikane ngeliwati Sumiyatik hang kencet-kencet sawi ring uwangan bucu ngarep pelataran umahe.
    “O, Iya Wyak. Selamet!” saure Sumiyatik ambi ndongakaken.
     “Sum…..wis marek? Banyune uwis gemulak!” abane Wak Johanan rada melung.
     “Uwis, Wak. Iki, pungkasan wis. Kari mbilasi,” semaur Sumiyatik ambi nguwadhahi sawi hang uwis dikenceti, nganggo irig,  aju gancang melaku nyang cedhing lan mbilasi sawi-sawine.  
      Ngeraina iku langit Segobang ilang birune. Papah-papah kelapa membat mayun dikiwas-kiwas angin. Manuk-manuk dheluk milu manyun-manyun temingkring ring papahe kelapa ambi kaya kabar-kabar ring sekabehane tanduran, kadhung sedhela engkas udane cicir. Suwarane geludhug kaya tong hang uwis nana aspale, gemelundhung. Soren iku Segobang saya mbesengut, gunung Ijen ring kulone uwis ketutup pedhut. Cemeng. Uwong melaku katon kepungun-pungun. Kaya gupuh. Wak Soher ngonthel sepidhah untane uga ambi keposong-posong. Kancing kelambine nana hang dipasang. Celanane dipingkis sampek emeh gadug dhengkule.
    “Joh….!” celuk Wak Soher ning rabine. Bik Johanah semaur ambi njumbul teka lawang umahe.
     “Ye, teka, Kang?”
     “Iku gula aren gawanen menjero!” abane Wak Soher. Bik Johanah aju gancang njuwut gula aren hang dibungkus nganggo upih jambe teka goncengan sepidhah untane. “Digawani Guru Salehan mau,” sambung Wak Soher ambi njagang sepidhah untane ring ngarepe cendhela ruji kayu.
    “Sumiyatik gok nana kelebete?” takon Wak Soher.
   “Ika ngaji ring kamar sembayangan!”
   “Alhamdulillaah…..Muga aju gancang ngelalekaken paran hang uwis kelakon!” abane Wak Soher ambi kepet-kepet nganggo kethune. Bik Johanah gancang-gancang nggawekaken wedang kopi gula aren. Suwarane banyu udan uber-uberan teka kadohan, digawa angin, kician sampek nggadug gemberojog ngelejeki sekabehane lemah Segobang. Wak Soher nutup lawang lan cendhela umahe, merga banyu udan sampek akeh hang cicir ring pelawangane. Anak-anake Wak johanah hang aran Suwarno-Suwarni sing bisa mulih teka selepane H. Sudir ring Desa Keluncing kulone Segobang. H. Sudir iku adhik landhese Wak Johanah.
     “Coret ring bentur kene sore, Rika singkrihaken tah?” takone Wak Soher ning rabine hang magih ana ring pawon.
     “Alak iya, lali. Mau Sun enggo urub-urub!” abane Wak Johanah hang aju njumbul teka pawon, ngethem coret lan nggawa sak baki sawi godhog. Coret dicandhak Wak Soher aju dienggo nyolok damar hang gemantung ring ndhuwure meja marmer bunder.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor