Rong Penghargaan Pendidikan Kanggo Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 01 Juni 2026 06:12 WIB)
- Laporan



Komitmen Banyuwangi majokaken sektor pendidikan ulih apresiasi dhuwur teka pemerintah pusat. Artine pemerintah pusat mongkog seru nyang karya kereasi lare Banyuwangi hang apik ring bidang sains sampek kreatipitas seni budaya
  Menteri Pendidikan Dasar lan Menengah (Mendikdasmen) Abdul Mu’ti, ngewani rong penghargaan nyang Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani merga upayane ngembangaken pendidikan ring dhaerah.
   Rong penghargaan yaiku Apresiasi atas Komitmen Pembiasaan Anak Indonesia Hebat lan Pemda dengan Residu Data Pendidikan Paling Rendah (Validitas Paling Apik).
   Penghargaan dielungaken Mendikdasmen ring acara Malam Tasyakuran Hari Pendidikan Nasional ring Jakarta, Senin bengi 25 Mei 2026.
   Menteri Abdul Mu’ti njelasaken gok pemerintah uga terus mbangun infrastruktur budaya dienggo nguwataken pendidikan karakter. Salah sijine liwat pitung kebiyasahan Indonesia hebat, pirang-pirangane program hang ana hubungane nyang upaya ngewani penguwatan pendidikan kanggone lare TK, lan wajib sinau 13 taun kanggone lalare TK sampek tingkat SLTA.
   “Awak dhewek ngewani ruang aktualisasi hang wera kanggone lalare makene bisa ngembangaken potensine,” ujare Menteri Abdul Mu’ti.
   Jare Bupati Ipuk, penghargaan iki wujud mongkoge pemerintah pusat nyang karya kereasi lare Banyuwangi hang hebat. Prestasi hang apik ring bidang sains sampek kreatipitas seni budaya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor