Ruwede Iwuh Kemanten Mangsa Pageblug

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 21 Juli 2020 07:44 WIB)
- Laporan



Kelendi ruwede pikirane wong tuwek hang arep ngelungguhaken anak wadone nang kuwade tepak ana pageblug digi?
"Kudu nduwe ijin teka kelurahan, kecamatan, polsek. Taping tepak ngurus diuncalaken merana merene," jare maestro lukis Banyuwangi Kang Supriyadi nang belambangan.com.
"Umpamane hing diwani ijin, karepisun pokoke wis nikahan. Marek iku arep dibubaraken ya karepe wih," jare Kang Yadi hang ngawinaken anak wadone nomer loro Ayu Budi Triastiti nyang lare lanang teka Jember Fachrizal Abdi Setya dina Minggu sore.
Sampek wektune kurang seminggu, ana hang ngewarahi nganggo jasane wedding organizer (WO). Aju WOne hang ngurus sekabehane, buru perijinane beres. Marek iku soben-soben (undangan) buru dikirim liwat WA.

"Masiya tah wis bisa, pungkasane kudu ngewatesi hang diundang. Akeh kanca hang hing diundang," jare Kang Yadi.
Durung maning, liyane panitiya WO hang disiyapaken keluwarga, ana pisan hang teka Satpol PP lan panitiya hang njaga Protokol Covid-19.
Prosese nggarahi ngelu. Simulasi dianakaken ping kaping-kaping teka Gugus Tugas lan Kecamatan. Sak njerone simulasi, akeh WO, kanca-kancane vendor liyane hang teka sak perlu ndeleng lan sinau carane kemantenan ring sak njerone pageblug. Merga iki dadi percontohan kang sepisan kanggo kemantenan hang ana nong njaba ruangan (outdoor).
"Setres pisan ndeleng akehe prosedur, hang standar ya diukur panase awak, nganggo masker, kudu ana hand sanitizer, njaga jarak antarane wong hang merdhayoh. Malah sikile ya milu disemprot."
"Tepak acara poto, kadhung hing patiya kenal hing ulih potrek. Hang potrek bareng hing ulih munggah genjot. Malah Isun arep selfie nganggo hape njaluk tulung nong wong liya bain hing ulih," jare Kang Yadi.
Wong hang merdhayoh ya diwatesi wektune, 30 menit. Marek njuwut sega kothakan aju mulih.
Paran perintahe Gugus Tugas lan Kecamatan, ya dilakoni bain merga sisteme gedigu, masiya kurang meriyah timbang upacara perkawinan hang biyasahe, jare Kang Yadi.
"Wedine kaya hang kedadeyan ring desa-desa akeh hang digerebeg merga hing gelem miloni aturan teka Gugus Tugas."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf