RW05 Klatak Maju ring Lomba Proklim Nasional

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 21 Agustus 2024 09:48 WIB)
- Laporan



RW05 Desa Klatak Banyuwangi dipilih maju kanggo Lomba teka Dinas Lingkungan Hidup arupa Program Kampung Iklim (ProKlim) tahun 2024.
   RWne wis disurpei ambi Dinas Lingkungan Hidup Kabupaten lan Dinas LH wis ngewani pendhampingan kanggo RT01-05 RW05.
   "Dina Minggu tanggal 25 Agustus engkisuk arep dideleng ambi Pak Camat Kalipuro minangka tuladha kanggo wilayah liyane ring Kalipuro," jare Ketua RT01/05 Klatak Pak Astro.
  Merga warga RT01/05 seneng ambi kaendahan, dalanane katon asri merga ditanduri kembang-kembang.
   "Kebeneran kene iki ya dhemen nandur
Toga (Tanaman Obat Keluarga) pungkasane kene nggawe Taman Toga. Naming beda ambi Taman Toga liyane, kene hing mung nandur tapi kelendi bisane wit-witan mau bisa didadekaken picis," jare Pak Astro.
   Dadi seliyane kanggo tanaman obat, tamane ditanduri pisan bonsai lan wis dibuktekaken bonsaine bisa payu mulai rega sejuta sampek puluhan juta.
   Urusan Lomba kebersihan, setemene RW05 kerep diejak ambi RW sebelah. Umpamane RW 04 tepak ring Lomba Lingkungan Berseri, ngejak RW05 merga layak.
   Tau pisan tepak RW06 milu lomba Perilaku Hidup Bersih dan Sehat (PHBS) tingkat kabupaten ya diejak milu pisan. Merga tim kecamatan lan kabupaten ngerasa RW05 layak milu lan malah hang ditekani kawitan RW05.
   "Kanggo lomba Proklim se Indonesia, iki mula RW05 hang milu," jare Pak Astro.
    Sakjege dadi RT, pensiyunan guru hang adol kembang lan bonsai iki, njuwuti bibit kembang hang maune arep diedol, ditandur ring pembatas dalan sak dawane dalan melebu nong RTne. Pemandhangan hang asri, nyenengaken ati lan mata wong hang nyawang sak dawane dalan lan setaun jampleng, hing perduli mangsa ketiga tah mangsa rendheng. Tambah panas, kembange saya ndadi. Umahe hang ana ring bucu, ngadhep ngalor, ketutup kembang teka ngarep sampek melibeng ring wetan umahe.
Pak Astro hang uga dadi anggota Perkumpulan Penggemar Bonsai Indonesia cabang Banyuwangi.
   Klatak minangka dhaerah penyangga wisata Ijen, ana telu hotel bintang ring kono, saben-saben diliwati wong kelenceran hang arep munggah Ijen.
   Pak Astro nggawe taman ring RTne taping hing gelem ngaboti wargane. "Isun nggawene kelawan ati seneng, hing pati kesel lan bisa nyokong wisata Banyuwangi. Tujuwane makene katon endah."
   Mbangun wilayah hang ditanduri kembang, sampek dadi enak disawang hing perlu suwi, mung butuh waktu enem ulan, wis dadi. Sakmareke, kari ngerawati sithik-sithik.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor