Safari Duta Baca Indonesia Gadug ring Kutha Banyuwangi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 09 Februari 2022 07:35 WIB)
- Laporan
Gol A Gong, penganggit lan pegiyat literasi hang uga Duta Baca Indonesia ngelakoni Safari Literasi ring Kabupaten Banyuwangi, Senin-Selasa (7-8/2/2022). Ring kegiyatan iku, sastrawan hang duwe aran aseli Heri Hendrayana Harris iki nggelar dialog lan latihan nulis bareng ambi guru, pelajar, mahasiswa, lan komunitas pegiyat literasi Banyuwangi.
Safari Literasi Duta Baca Indonesia iki arupa kegiyatan hang dianakaken Perpustakaan Nasional Ring saklawase telung ulan keliling kutha ring Indonesia iki. Dikawiti ana ring ulan Januari-April 2022 nekani puluhan kutha ring Indonesia. Banyuwangi salah sijine kutha hang kepilih bisa ditekani kudune dadi kesempatan hang sing ulih digampangaken. Mula iku manggon ana ring Aula Dinas Pendidikan Banyuwangi Jl. Agus Salim No 50 dianakaken kegiyatan workshop lan pelatihan nulis hang langsung ditekani Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani.
Kegiyatan hang dianakaken Perpustakaan Pusat Nasional iki uga dibarengi ambi komunitas Iqra Semesta Jawa Timur hang milu nekakaken Yusron Aminulloh hang milu nguweni materi pelatihan nulis ana ring kana. Yusran Aminullah hang ngaku bisa seneng uripe merga bisa nulis buku iki nguweni motivasi nyang peserta kadhung nulis iku uga bisa nggawe urip mulya hang wis kaya dilakoni Yusron Aminulloh hang saiki wis bisa dadi pengusaha hang duwe karyawan akehe 300 uwong iki.
Sakliyane Gol A Gong lan Yusron Aminulloh ana uga Teguh W. Utomo hang uga penganggit buku lan trainer MEP. Teguh W. Utomo nguweni materi nyang peserta pelatihan iki babakan kelendi carane nulis buku makene sing mogok. Nyatane kabeh narasumber ana ring pelatihan iki bisa nggawe seneng atine peserta serta modherator nyatakaken arep nggawe buku antologi teka tulisan hang dikumpulaken teka peserta. Sing daman-daman buku iku arep diterbitaken kelawan ISBN lan terbit nasional merga diterbitaken penerbit Iqra Semesta.
Drs. Zen Kostolani, M. Si hang dadi Kepala Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Banyuwangi iki uga bisa seneng mergane bisa nekaken para guru lan pegiyat literasi ambi para Duta Baca Indonesia hang ketepakan bisa mampir ring Banyuwangi saklawase ngelakoni Safari Duta Baca Indonesia iki. Mula iki Zen Kostolani ngajak nyang para peserta supaya milu pelatiyan temenanan anggone milu kegiyatan merga iki kesempatan hang sing ana tunggale maning ring Banyuwangi iki.
Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani nyatakaken milu seneng Banyuwangi bisa kepilih dadi salah sijine panggonan lokasi pelaksanaan Safari Literasi Nasional 2022. Bu Ipuk nambahi ucapan terima hang gedhi nyang Perpustakaan Nasional hang wis nggelar kegiyatan iki ring Banyuwangi .
Safari arupa workshop lan pelatihan dipungkasi ring jam wayah bedhug 12.00. Sakmarine pelatihan peserta bisa poto-potoan bareng ambi tim Safari Duta Baca Indonesia iki. Mbok Uut salah sijine peserta pelatihan uga milu girang merga pelatiyan iki bisa ana asile. Ibarate main tembung iku ana gol-e. Dadi sing mung abang-abang lambe kelawan anane buku hang ditulis bareng peserta pelatihan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Antariksawan Jusuf






