Sak Peninggale Gandrung Supinah, Kelendi Nasibe Gandrung Terob?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 27 Desember 2021 09:45 WIB)
- Laporan
Banyuwangi kelangan maning salah siji maestro keseniane yaiku Gandrung Supinah, lan sekaligus njumbulaken pitakonan lawas kelendi nasibe gandrung terob mengarepe.
Gandrung Supinah sampek umur dina Minggu 26 Desember 2021. "Mbok Supinah salah sijine gandrung Banyuwangi hang ajeg berkesenian, ngurip-uripi lan ngabdi nang kesenian tradhisional Banyuwangi. Iyane wis dadi gandrung sakat taun 1978an," jare Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) Hasan Basri nyang belambangan.com.
Mariku, mbok Supinah dadi grup intine gandrung Pemda sampek milu nyang endi-endi kayata Amerika Serikat, Cina, Jerman, Korea Utara, lan Singapura.
"Sampek pungkasan uripe, mbok Supinah magih aktip ring Sanggar Sayu Sarinah hing mung dienggo iyane dhewek tapi uga ndhidhik lare-lare enom njuged gandrung lan ngurip-uripi kesenian tradhisional liyane," jare kang Hasan hang kerep diceluk Kang Son iki.
Sanggar Sayu Sarinah ana ring wetane genjote tari ritual Seblang Olehsari, naming sakat iyane kadheman wis hing mampu ngurip-uripi sanggare. Larane wis lawas, seger kadheman, seger maning, kadheman maning. Sampek ambi Dinas Pariwisata tau digawa nyang Situbondo sakperlu mertamba alternatip merga ring dokter lan rumah sakit wis ping kaping-kaping melebu metu. "Penyakite komplikasi tapi jaya wonge iku. Wonge semangat kadhung disambangi kanca-kancane, munyik sing tau sambat nyang larane," jare Kang Son.
Nubengi kanca-kancane kayata gandrung Temu, gandrung Sunasih, lan gandrung Dartik wis merana. "Artine wonge iku diterima sapa bain. Wonge geromyoh. Isun dhemen seniman gandrung senior iku padha guyub hang kadheman, kari welas."
Sak peninggale gandrung Supinah, kelendi nasibe gandrung terob (gandrung hang ditanggap ring pentas wong hang duwe hajat)?
Kelendi carane supaya masarakat magih gelem nguri-uri? Perlutah dibantu kanggo nguwati, utawa ngelairaken/njumbulaken bentuk gandrung anyar, umpamane.
Bab minuman keras hang nggawe eleke aran gandrung terob ya wis nyacak dibecikaken. "Kapanane wis sosialisasi...ngumpulaken seniman gandrung lan janger, makene berkesenian hang memenuhi etika umum. Kadhung kepingin gandrung/janger diterima ring masarakat ya kudu berubah. Polae norma kesopanan, etika iku mesthi uwah. Bengen pantes, saiki kurang pantes. Kadhung gandrung (terob) hing berubah bisa ditinggal ring masarakat."
Jare Kang Son mula saiki kesenian gandrung wis nemokaken panggonan anyar arupa: Tari Gandrung hang ngepop. "Apakah nanti gandrung terob terus hadir bersama penari-penari gandrung hang ngepop iku, enake kelendi ayo dikawal bareng mengarepe."
"Awak dhewek kelangan seru ambi ninggale mbok Supinah. Muga-muga kesenian gandrung hang dadi ikon-e pariwisata Banyuwangi iku tetep lestari, tetep bisa diuri-uri lan didhemeni lare-lare enom lan mbok Supinah dadi inspirasi sapa bain hang ngewelasi kesenian dhewek lan muga iyane bisa dienget-enget ambi generasi sak teruse."
Seniman panjak enom Banyuwangi teka Kemiren Haidi (Edi) Bing, ngerasa kelangan seru nang ninggale mbok Supinah. "Banyuwangi wis kelangan aset, kelangan emas hang wis nggaungaken arane Banyuwangi ning Indonesia uga negara manca," jare kang Edi hang nduwe sanggar Uni Using.
Mbok Supinah siji-sijine gandrung hang bisa ndhobrak kesenian gandrung lan angklung Banyuwangi nyang kelas hang lebih dhuwur, jare kang Edi.
"Ruwahe bisa diterima ring macem-macem kalangan. Ruwahe iku uga gandrung hang wanen nggawe kolaborasi ambi seniman liyane kayata jazz malah uga rock kontemporer ambi Sawung Jabo. Ruwahe dadi sasak musik Banyuwangi kanggo ngewerakaken seriwine."
Kang Edi ngerasa ruwahe siji-sijine gandrung hang ndhuwe suwara has, melankolis. "Salah siji hang fenomenal tepak nggawakaken tembang Impen-impenen ring filme Garin Nugroho Cinta Dalam Sepotong Roti."
Ketua Sanggar Sayuwiwit Aliyan, kang Julaidik ngomong gok ruwahe iku nerimaan, disiplin, nyedulur. "Pokoke ruwahe iku apikan."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kredit Poto: Taufik Saleh; Ilham Panji Blambangan
Editor: Hani Z. Noor






