Sanggar Kesenian Kaping Enem ring Keerom, Papua

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 06 Desember 2021 12:43 WIB)
- Laporan



Masiya ring kadohan, kaya ring Kabupaten Keerom propinsi pucuk wetan Papua, kerentege wong Banyuwangi kanggo nguri-uri budayane hing keneng diendheg.     
   Kabupaten Keerom iki sore iku ngeresmekaken maning sanggar kesenian Jaranan hang diarani Turonggo Yakso ring Arso Pir I Distrik Arso.
"Sanggar iki sanggar kesenian hang kaping enem hang ana ring Keerom," jare kang Daryono, Sekretaris Umum DPD Ikawangi Papua. Teka pisan ring iwuh iku, kang Khoirul Anam hang dadi Ketua Harian Ikawangi Papua.
   Ring Kabupaten Keerom wis ana sanggar liyane hang nguri-uri Gandrung, Jaranan, Kuntulan, lan kesenian liyane. Gandrung teka Keerom iki ya wis milu ngeramekaken PON hang dianakaken ring Papua kapanane.
    Sanggar Jaranan iki dikarepaken nambahi sugihe macem-macem kesenian Banyuwangi hang wis ana ring kana.
"Kelawan anane sanggar kesenian anyar ring Kabupaten Keerom iki, muga-muga wong Banyuwangi nong kene saya guyub," jare kang Daryono.
   Sanggar Senitari Turonggo Yakso hang dipimpin pak Sujarno, saya nduduhaken gok gandrung lan jaranan Banyuwangi ana ring endi-endi, tambah kang Daryono.
   Ring iwuh iku DPD Ikawangi ngewani sokongane kelawan ngelungaken bantuwan sithik kanggo nduduhaken wigatine nong sanggar-sanggar kesenian.
   Puluhan ewu wong Banyuwangi hang ngumbara golet penguripan ring Papua teka Sorong ring kulon sampek Merauke ring pucuk wetan kidul. Hing maido, Ikawangi akeh semebar ana hang ring Biak Numfor, kutha Jayapura, kabupaten Jayapura, Keerom, Manokwari, Merauke, Mimika, Nabire,  Sarmi, lan Sorong. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor