Santhet, Suwuk lan Kelenik Banyuwangi (Bagiyan 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 03 Oktober 2025 06:50 WIB)
- Opini
-4195.jpg)
Santhet, Suwuk, Kelenik Banyuwangi (Bagiyan 3)
Ditulis ring Eko Budi Setianto
Jare Pak Hasan Ali antarane taun 1947-1948 tepak iyane magih milu lan kumpul wong tuweke nong Kelurahan Boyolangu, Kecamatan Giri, ana tanggane hang tingkahe kaya wong edan merga keneng ajian Jaran Goyang.
"Ya kaya wong edan ika wis. Nangis ambi gendhingan (nggandhang). Mangkane, buru-buru Isun mula sing percaya. Tapi nyatane Isun ya ndeleng dhewek kelendi tingkah polahe uwong keneng ajian Jaran Goyang," jare Pak Hasan nyeritakaken pengalamane.
Nong desa-desa kang dadi "kanthong" kelompok masarakat Using, seperene iki nyatane ya magih kerep ana unen-unen hang artine sipate ngancam. Umpamane: "Dhung wani nyamah, ukurane nyuwun gumbal..." gedigu abane.
Kanggone wong njaban, unen-unen hang gedigu iku mula nggawe wedi. Kadine ajaa kathik heran lan kaget wong-wong njaban nganggep Banyuwangi (wong Using) iku lebih kesuwur lan sing bisa dipisah ambi hang arane mistik, kelenik lan sepiturute.
Kedadeyan kasus Santhet kepungkur, wangune, saya nguwataken anggepane wong dhaerah liya dhung wong Using iku mula kenthel ambi hang aran sihir utawa ilmu-ilmu mistik liyane.
Ale kanggone ilmu-ilmu jahat utawa kelenik kang tujuwane nggawe cilaka wong liya, ring Banyuwangi disebut ilmu sihir, anane sing mung nong masarakat Using. Buktine nong negara manca kaya Jepang, Amerika Serikat negara gedhe hang wis maju magih ana hang aran sihir, kelawan aran liya hang disebut voodoo, utawa ilmu sihir hang dienggo nyilakani wong.
Ring Indonesia ya akeh pisan dhaerah-dhaerah hang kesuwur rakyate dhemen nganggo ilmu kelenik. Sakliyane sihir, malah bisa dienggo kaya ilmu kesaktian ring tontonan umpamane tari Sanghyang ring Bali hang penarine ngadeg ring pundhake wong lan kejimen, utawa tontonan ring dhaerah Banten hang disebut Debus, uga nganggo ilmu-ilmu kelenik.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.