Sawah Abang lan Alas Larangan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 25 Desember 2025 07:30 WIB)
- Opini



Sawah Abang lan Alas Larangan
Ditulis ring Kang Usik


Taun 1960 tumeka taun 1970an warga kampung Using ring sak ubengane Sawah Abang angkere Alas Larangan Cempaka Putih ambi Sawah Abang noring Dukuh, kecamatan Glagah.
  Mergane tegal lan sawahe magih selungeb lan kayune uwite kang gedhi-gedhi magih akeh. Semangsa taun 1970an wong tani tandurane akeh hang hing asil panen kerana diserang ama wereng utawa kersek. Merga wong tani akeh kebutuhane kanggo nyambung uripe uwite kayune kang gedhi-gedhi ring tegal kebonane ya uga kang ring pinggirane sawah wong tani ya akeh padha diedoli.
Para wong tani sing perduli wis nyang uwite kayune kang disekolahaken lan ambi diangkeraken ring embah lan buyute.
   Para wong tani mikire kang penting anak lan rabine bisa mangan cukup merga petang taun lawase ama wereng kersek nggagalaken asile wong tani sak Banyuwangi.
   Dadine Alas Larangan Cempaka Putih ambi Sawah Abang saikine mung kari ceritane omongane wong-wong tuwek bengen.
   Ceritane wong-wong tuwek iku saiki dadi mitos lan disugesti ambi lare nom-noman ring kampung sekitare Sawah Abang.   
   Mitose Sawah Abang, kapan bain megawe ring Sawah Abang aja sampik nganggo penganggo kang kelire abang. Lan aja sampik nandur pari abang (padi beras merah) kadhung dilanggar mesthi gagal panen.
    Merga wis nyacak, nandur pari abang ring taun 2025 iki ya temenan gagal panen lan uwong mohal iku saiki lara-laranen rada angel gok golet tamba.
   Alas Larangan Cempaka Putih mitose kapan wayah bedhug-bedhug iku ana suwarane tabuhan gedhi. Lan sewayah-wayah kadhung ana bojog wernane wulune putih, negarane bakale ana gara-gara. Buru-buru ana wong tandur pari ring Sawah Abang dikatoni bojog putih ring Sawah Abang, kebeneran ana ring Aceh Sumatra kedadeyan belabur gedhi.
   Adat weluri kang turun temurun, keyakinan warga Dukuh Talunjeruk Desa Glagah kadhung ring Alas Larangan Cempaka Putih iku macan putihe metu pertandhane uwong kang dituwekaken ring Dukuh bakale dibutuhaken ring penggedene kutha Banyuwangi.
   Nalikane tanggal 22 Nopember 2025 ring Dukuh, ana wong arep duwe gawe, ngantenaken anake, waktu tanggal ring ndhuwur iku wayahe mari asar ngangsu banyu sumber Penguripan kang lokasine ring Alas Larangan kang tujuwane kapan duwe gawe makene akeh dhayohe. Merga sumber banyu penguripan iku wis dipercaya sakrale mulane warga Dukuh Talunjeruk serang percayane kadhung awake kadheman utawa warang diombeni banyu sumber Penguripan iki pasti ulih dedalane seger awake.
   Mulane warga Dukuh Talunjeruk Desa Glagah duwe karep paran bain sing wani ninggalaken ngangsu nyang sumber banyu Penguripan kang ana ring Alas Larangan Cempaka Putih.
   Wong kang ngangsu iku ana ring waktu mari Asar, serta mulih kok jare ditemoni macan putih ditunggangi bojog putih.
   Pertandha paran?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor