Seblang Bakungan, Hing Ulih Ana Penonton Taun Iki

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 13 Agustus 2020 05:51 WIB)
- Laporan



Apuwa ring mangsa pageblug gedigi, magih tetep ana ritual adat Seblang Bakungan?
"Kudu dienget-enget, sakat embah buyut awak dhewek bengen nganakaken ritual Seblang iki salah siji tujuwane...ya nggolet selamete warga, hususe masarakat Bakungan, teka pageblug," gedigu jare Ketua Adat Desa Bakungan Hari Puwoko nang belambangan.com.
Kelawan ngantongi idin teka Gugus Tugas Tiga Pilar Desa Kecamatan Glagah, ritual Seblang Bakungan hang saben taun digelar sakuwise Idul Adha, paca dianakaken dina Minggu sore nganggo Protokol Kesehatan lan hang anyar: hing ulih ana penonton!
Kelendi wong-wong kadhung arep ndeleng upacarane?
"Panitiya wis ngumumaken wong-wong hing ulih nggerombol ndeleng ring panggonan Seblang," jare Hari. Taping panitiya kelawan ngersaya bareng ambi Osing channel, ndadekaken masarakat magih tetep bisa nyekseni ritual adat Seblang liwat tipi lan streaming ana ring youtube, jare Hari.
Hang ana ring panggonan kono mung panjak, seblang, pengudang loro, panitiya petugas adat teka kelurahan lan media.

Masiya hing ana penonton, protokol kesehatan tetep dilakoni ambi panitiya, kabeh nganggo tongkos (masker) lan topong (face shield).
Panitiya sampek nutup dalan kanggo mastekaken sing ana wong hang arep ndeleng ritual iku.
Kadhung Seblang Ulih-Ulihan dianakaken marek Idul Fitri, wayah raina lan penarine lare perawan, Seblang Bakungan dianakaken marek Idul Adha, wayah bengi, lan penarine wong tuwek hang wis menopause. Karo-karone ngelakoni tari ritual kelawan kejimen.
Taun iki penari Seblang Bakungan aran Supani hang umure wis ndhuwure 60 taun.
Ritual adat Seblang ring Ulih-Ulihan lan Bakungan digelar minangka acara bersih desa.
Ana pirangane ritual kelebu Seblang Ulih-Ulihan, upacara tradhisional lan tontonan profan ring sak njerone Banyuwangi Festival hang wurung dianakaken merga anane pageblug Covid-19 ring taun iki, taping Seblang Bakungan emane magih ana.

Poto: panitiya

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara