Seblang Ulih-ulihan Ditundha Sampek Pagebluge Ilang
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 28 Mei 2020 08:45 WIB)
- Laporan
Biyasahe angger dina Senin utawa Jemuah kawitan marek lebaran, warga Olehsari utawa Ulih-ulihan Kecamatan Glagah, Banyuwangi nggelar tradhisi Seblang suwene seminggu. Tradhisi iku dianakaken sakat puluhan taun kepungkur, turun-temurun ring canggah lan putune. Naming merga ana pageblug Covid-19, tradhisi iki sawentara waktu ditundha sampek ilange pageblug.
“Pihak Desa, bareng ambi LMD, tokoh masyarakat, kepolisian, Dinas Pariwisata wis mupakat sing nganakaken upacara Seblang sulung taun iki. Akeh hang dadi pertimbangan, sak liyane matuhi maklumat Kapolri, uga kanggo nyegah nyebare virus Corona hang durung ketemu obate”, ujare Kepala Desa Olehasari, Joko Mukhlis nyang www.belambangan.com
Joko nambahi sing gampang mutusaken nundha tradhisi Seblang iki. Sak durunge iyane ngundang Masyarakat Adat hang nguri-uri tradhisi iku lan magih ana turune ambi Seblang kawitan. Temakaken masyarakat adat wis nyulungi nganakaken kumpulan ngomongaken pageblug corona lan kegiyatan Seblang. Masiya alot sak durunge, merga ana hang wangkot tetep njaluk dianakekan. Liwat musawarah mau bisa nerima.
“Isun ya sing meksa, mung nduduhaken untung rugine kadhung tetep digelar seblang ring dina hang dimupakati. Marek iku aju sun taning, kelendi magih gelem nganakaken tah kadhung kahanan gedigi. Para sepuh adat meneng, nana hang ngucap blas lan wangune iyane kabeh sadar akibate kanggo wong-wong Olehsari dhewek”, tambahe Pak Kades.
Masiya nana upacara lan arak-arakan, utawa Ider Bumi, naming aran selametan tetep dianakaken hang direncanaken sak durunge. Akehe hang milu ya diwatesi, mung 20 uwong, perwakilan teka Masyarakat Adat, Panitia lan perangkat desa. Kabeh ya kudu matuhi ambi pelanggeran protokol Covid-19.
“Kadhung protokol Covid-19 sing keneng ditawa, kudu dianut lan dilakoni. Kaya dene hang milu, para sepuh adat wadon, kudu hang wis perei nifas utawa menstruasi. Panganan hang dienggo selametan, uga sing ulih ditiliki wayah ngolah. Kegiyatan iki magih kejaga kesakralane, naming sing nyalahi protokol covid-19. Masarakat ya nana hang ambak-ambakan ngetutaken, mung 20 uwong njujuga ketemu ring Kuburane Mbah Kethut”, gedigu jelase Joko Mukhlis.
Kanggo mbebeng tekane wong njaba nyang Olehsari, pihak Desa aju ngetokaken Surat Edaran kanggo woro-woro nyang masyarakat. Surat Edaran Nomer: 470/40/429.503.03/2020 Tentang Himbauan Terkait Antisipasi Pencegahan Penyebaran Covid-19 Selama Kegiatan Adat Seblang Olihsari Berlangsung. Isine yaiku ngelarang wong njaba Olehsari teka, kabeh dalan nyang kampung ditutup. Selamaten tanggal 29 Mei 2020 tetep dianakaken ring Payung Agung, panggonan tradhisi Seblang, taping mung dipiloni 20 uwong. Sonder ana penonoton, malah warga sing ulih motrek aju diunggah nang medsos. Semono uga kanggo wartawan, uga sing ulih motrek lan ngewartakaken kegiyatan mau.
“Dadi kegiyatan adat iki mung kanggo wong njeru, utawa tokoh adat. Iku bain kudu tetep matuhi ambi protokol Covid-19, iki kabeh kanggo njaga wong akeh lan munggel nyebare virus corona mau lan kanggo kepentingane wong akeh. Isun mastekaken, wayah selamaten kanggo wong njeru iki nana hang dilanggar. Panitiya duwe tanggung jawab langsung nyang Kapolresta Banyuwangi”, jare Eko Sukarto, Ketua Panitia Adat Seblang taun 2020.
Selametan ring panggonan Seblang, utawa sak ubenge Payung Agung, minangka wujud nguri-uri adat lan kebiyasaan. Ana makuta Omprog, ana para bungkil, ana kembang durma, mbakar menyan, uga Sega Woduk lan Tumpeng. Dimulai jam siji lohor, sakdurunge asar wis pungkas.
“Intine, Adat Seblang iki duduk wurung, naming ditunda. Kadhung pemerintah wis nyabut pageblug covid-19, sak kala marek iku aju dianakaken. Kadhung marek lebaran aji, ya tetep gage digelar. Naming kadhung sampek setahun kondisine kaya gedigu, taun sak teruse kadhung wis longgar nak digelar ping pindho. Sijine minangka nebus utang taun iki”, gegigu ujar pungkase Kades Joko Mukhlis hang diiyani ambi Ketua Panitia, Eko Sukartono.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








