Sejarah Hindu-Budha ring Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 10 Februari 2026 07:26 WIB)
- Opini



SEJARAH HINDU-BUDHA RING BANYUWANGI
 M. Hidayat Aji Ramawidi
 
Ater-ater
Banyuwangi minangka salah siji kabupaten ‘hang dadi ahli waris’ wilayah Kerajaan Belambangan. Kerajaan iku dhewek seperene dianggep minangka dhaerah basis kerajaan hindu hang pungkasan ring tanah Jawa. Masiya gedigu ring bucu wetan pulo Jawa iki setemene uga wis suwi nampa agama-agama liya, kayata Buddha, Islam, Katolik lan liya-liyane.
   Agama Hindu dikira-kira teka hang kawitan nong bucu wetan pulo Jawa digawa ambi Maha Rshi Markandya ring abad VIII, aju ditututi agama Buddha. Islam nggadug ring abad XV kelawan tokoh hang kesuwur yaiku Syaikh Maulana Ishaq.   
   Karesian nggadug ring abad XV kelawan tokohe Bujangga Manik. Katolik nggadug ring abad XVI (taun 1579) kelawan tokohe Benardino Ferrari SJ. Dene hang pungkasan Kong Hu Chu kelawan tokohe Tan Hu Cin Jin ring abad XVIII.
   Naming ring tulisan iki, penulis bakal fokus mbeliyaki bab Hindu-Buddha ring Belambangan lan Banyuwangi ring antarane wektu sakat abad XV sampek XVIII.
 
1.    SEJARAH HINDU RING PUCUK WETAN JAWA

  Tekane Hindu ring Jawa Pucuk Wetan
Mula wis anjerah diweruhi wong umum gok bukti peradaban pra-sejarah ring Banyuwangi akeh ditemokaken ring Kecamatan Glenmore, Kalibaru, Pesanggaran lan Wongsorejo. Naming bukti ‘sejarah paling kuna’ miturut penulis seperene ana ring Dusun Sumberejo, Desa Jambewangi, Kecamatan Sempu. Ring kana ditemokaken watu tulis hang miturut perkiraan sementara digawe ring abad I Masehi.
    Miturut filolog Ageng Gumelar, aksara ring watu hang saiki wis ‘diamanaken’ ring Pura Ngesti Dharma Jambewangi iku ketulis angka 2 lan 1 ring basa Kawi. Merga iku njumbul penemu hang ngira-ira gok iku nduduhaken angka taun 21 Saka utawa 99 Masehi (Ageng: 02-07-2022).
     Seteruse ring abad VIII ana nggadug ring bucu wetan pulo Jawa iki, Maha Rshi teka Asram Markandya ring India. Miturut sejarawan Samsubur, kawitan iyane teka nyang Gunung Merbabu, naming kerana ring kana Hindu wis mapan aju dikongkon ring Raja Sanjaya teka Kerajaan Mdang I Bhumi Mataram supaya nyebaraken ngetan ring sakuterane Gunung Raung (Hardi Rawang) lan ring sakubengane Gunung Agung (Tolangkir) Bali. (Samsubur, 2021: 129). Mulane sing keliru gok ring kecamatan Glenmore lan Kalibaru akeh ditemokaken tapak tilase hinduisme kuna kayata Candi Agung Gumuk Kancil lan Candi Gubuk ring Gumuk Payung.
    Saiki kemuncak Candi Gubuk ring Gumuk Payung disimpen ring Pura Bukit Amerta Blokagung, Karangdoro. Dene pirangane bagiyan candi liyane kaya Lingga lan liya-liyane disimpen ring Pura Sandya Dharma lan ring umahe pak Supoyo Jambewangi.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor