Sejarah Pura Agung Blambangan Muncar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 07 Februari 2026 08:02 WIB)
- Laporan
Sejarah Pura Agung Blambangan Muncar
Pura Agung Belambangan, hang ring buku “Hubungan Pura Agung Blambangan dengan Sejarah Kerajaan Blambangan” didakwa persis ana ring tengah-tengahe situs Kerajaan Belambangan, mula bener minangka bagiyan teka peradaban Hindu Banyuwangi, naming sing bisa disebut gok iku bagiyan teka sejarah Kerajaan Belambangan.
Iki kerana sejarah anane Kerajaan Belambangan wis pedhot sakat dikuwasai VOC taun 1767/1768, sawetara iku Pura Agung Belambangan buru dikawiti ulihe mbangun kira-kira rong abad sakuwise, persise ring taun 1978-1980.
Sakmarine kedadeyan G30S/PKI, merga keseren kahanan kala iku, pungkasane akeh masarakat hang sedurunge hing patiya jelas agamane aju padha negesi agamane. Kala iku akeh hang aju ngaku Muslim, Hindu, Buddha lan liya-liyane makene sing didakwa wong PKI. Ring antarane pindhahe agama iku hang paling akeh yaiku wong hang ngaku agamane Hindu.
Akehe wong hang pindhah agama nyang agama Hindu iku nggarai PHD Kabupaten Banyuwangi seru repote ubred nganakaken penyuluhan lan pembinaan saingga perwakilan Dirjen Bimas Hindu dan Buddha propinsi Jatim kudu nganakaken kegiyatan saben bengi nyang desa-desa sak Kabupaten Banyuwangi (Mardianto, 2014: 10)
Sakuwise iku, merga umat hang jumlahe saya akeh iku mesthi bain mbutuhaken panggon ibadah hang nyukupi. Aju digoletaken panggonan mbangun pura agung hang bisa dadi panggonan ibadah bareng-bareng.
Ketepakan wong-wong Hindu Bali wis biyasah ibadah nyang situs-situs sejarah Kerajaan Belambangan kayata Umpak Sanga lan Setinggil ring Muncar. Kegiyatan umat Hindu Bali iku aju dipiloni ambi umat Hindu ring sakuterane. Teka kono rong komunitas iku ketemu lan pungkasane nduwe penemu ngedegaken Pura Agung ring situs Umpak Sanga.
Naming kerana Umpak Sanga iku situs ‘warisan cagar budaya’ aju ring 10 April 1973 pemerintah Kabupaten Banyuwangi ngewani restu kanggo ngedegaken pura, tapi sing dibangun persis ring ndhuwure situs Umpak Sanga naming ring panggonan liya ring sakuteran situs iku. Sarta wis ulih tanah hang cocog kaya hang dikarepaken, ritual ibadah ring lokasi Umpak Sanga aju dipindhah nyang tanah anyar iku ring 11 April 1975.
Tepak ndeleh watu kawitan pembangunan pager keliling dikawiti ring 15 April 1978. Angka 1978 iki minangka kanggo ngewani tandha nyang janji Sabdo Palon hang jare nak balik maning 500 taun sakuwise ambruke Majapahit taun 1478.
Nepaki mbangun Padmasana tanggal 27 Januari 1980 ditemokaken loro sumur kuna hang dikira-kira iku teka jaman Kerajaan Belambangan. Ambi panitiya pembangunan sumur iku aju dijugeri lan diuripaken maning enggo keperluan ibadah ring pura mbisukane.
(Mas Aji Ramawidi)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.