Seleksi Olimpiade Siswa Nasional

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 01 Maret 2022 09:25 WIB)
- Laporan



Ater-ater: Banyuwangi nganakaken seleksi Olimpiade Siswa Nasional. Kelendi ruwede wong tuwek lan gurune? Pengawas SD kecamatan Banyuwangi mbok Nani Asiany M nulisaken laporane.

Isuk- isuk dina Sabtu sore tanggal 26 Pebruari 2022 nong latar mburi SDN Model akeh murid, guru, lan wali murid kang padha ngumpul nyaksekaken acara pembukaan seleksi Komite Olimpiade Siswa Nasional (KOSN). Seleksi kang dikawiti upacara pembukaan iku kelaksan kanti tertib. Masiya sing kabeh cabang olahraga dianakaken nong acara KOSN iki merga magih ana semebare virus covid-19, taping sing ngurangi gereget lan antusiase kabeh kang teka nong kono sampek acarane melaku lancar.

Pak Asnan, S.PJOK minangka Ketua PORSENI SD Kecamatan Banyuwangi sekaliyan dadi ketuwa panitiya njelasaken kadhung kegiyatan seleksi KOSN tingkat kecamatan iki kanggo nyeleksi para calon jawara olahraga lan kang bisa dadi juwara siji arep dipilokaken engko ning tingkat kabupaten minangka wakil kecamatan Banyuwangi,  rencanane arep dianakaken ring ulan ngarep yaiku tanggal 22 Maret 2022

Upacara kang dibuka ambi Bu Dra. Mardiana  Koordinator Wilayah Kerja Satuan Pendidikan (Korwilker satdik) kecamatan Banyuwangi iku melaku meriah lan tertib, lan sing lali kabeh kang hadir tetep ambi nganggo topong (masker). Pesertane ana kang magih nganggo kelambi olahraga (jaket trining) taping ana pisan kang wis nganggo kelambi pencak silat lan karate. Panitiyane kang teka guru-guru olahraga kecamatan Banyuwangi uga katon kompak padha nganggo kaos seragam sak perlu nangani seleksi KOSN iki. Sakmarine upacara guru- guru iku padha ngumpul, yel-yel aju ngalih nong tugase dhewek-dhewek.

Cabang olahraga kang dipilokaken ning seleksi KOSN iki mung limang cabang yaiku kids atletik, karate, pencak silat, bulutangkis, lan renang. Petang cabang cukup dianakaken ring SDN Model. Mula SDN Model iku pasilitas olahragane wis lengkap dadi peserta sing perlu adoh metu teka lapangan olahragane. Kejaba kang seleksi cabang olahraga renang hang dianakaken nong kolam renang GOR Tawangalun.

Kids Atletik, salah siji cabang kang dilombakaken antarane: frog jump utawa lompat katak, slalom tecs, lan turbo. Kanggo cabang olahraga iki mula kang paling paporit. Pesertane meh kabeh sekolah ngirim atlite. Mangkane masiya mung ana telu sub cabang olahragane, lare-lare (atlit) ambi lungguh-lungguhan sabar nganteni, antri diceluk kadhung wis wayahe tampil.

Beda ambi cabang olahraga pencak silat, bulutangkis, karate, lan renang. Pesertane rata-rata wis milu ring klub-klub olahraga. Kadhung cabang olahraga Kids Atletik, pesertane wis cukup diateraken gurune merga sing perlu milu klub, cukup dilatih nong sekolahan  taping kadhung cabang olahraga pencak silat, bulutangkis, karate, lan renang, sakliyane peserta lan gurune kang hadir, wong tuweke lan pelatihe ya milu pisan. Arane bain lare SD, perlengkapan bulutangkis kaya tas kang isi raket belaka, magih digawakaken wong tuwek utawa pelatihe. Paran maning ring cabang olahraga karate, mulai teka sepatu, dheker, pelindhung sikil ngarep, pelindhung dhadha, sampek pelindhung endhase kabeh perlengkapan mau digawakaken pelatih lan wong tuweke.

Ring cabang olahraga karate, sakdurunge tandhing siji lawan siji, lare-lare padha meragakaken gerakan karate. Penampilane hebat-hebat. Taping serta tandhing siji lawan siji, ciri hase lare cilik sing bisa ditinggalaken. Mari tandhing, buru bain metu teka kalangan, serta rumangsa awake kalah, langsung wis.. ngerangkul wong tuweke utawa pelatihe… membit- membit. Ngengetaken penulis tepak magih cilik bengen.

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor