Sembayang Ied Nana Ancak-ancakan ring Rogojampi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 25 Mei 2020 09:13 WIB)
- Laporan



Ajakane pemerintah kanggo ngelakoni Ulan Puwasa lan Lebaran tahun iki nganggo PSBB (Pembatasan Sosial Berskala Besar) ring dhaerah-dhaerah sak Banyuwangi nyatane dilakoni temenan ambi warga masyarakat.

Masyarakat magih ngelakoni kegiyatan ring ulan puwasa kayata solat terawih, maderusan lan nyekar ring makam nganggo cara penanganan penyebaran covid-19. Akeh langgar hang sing bukak lan milih ngelakoni sembayang terawih ana ring umah bain. Naming ana uga masjid hang magih ngelakoni terawih lan tadarus naming mung nerima warga masyarakat sak kelipekan masjid bain. Ana uga masjid hang nganggo semprotan sak awak hang wujude kaya kothakan isine semprotan sanitizer.

Sakat hang aran pagebluk Covid-19 nggawe tatanan masyarakat ring Banyuwangi hususe mobat-mabit merga kuwatir penyakite semebar. Wong desa milu bingung. Masyarakat desa utamane hang wis weruh berita teka medsos lan tipi  milu bingung seru. Paran maning update saban dina hang aran positif ketularan corona tambah suwe tambah akeh. Kahanan iki hang nambahi kabeh uwong hang ana ring desa milu ajakane pemerintah kanggo ngedohi penyebarane virus hang mateni ring Lebaran tahun iki.

Sing beda uga sholat ied hang ana ring desa-desa Rogojampi lan sak ubengane. Magih akeh masjid hang mbukak naming nganggo cara penanganan penyebaran covid-19. Jamaah wajib nganggo topong (masker), wesuh nganggo sabun, sing salaman, lan nganggo jarak ring solat Iedul Fitri taun 1441 H. Kelawan setandar penanganan penyebaran covid-19 iki dikarepakaken kabeh jamaah bisa selamet hing kesemplok ring penyakit corona iki.

Nurut M. Ikwan salah sijine takmir masjid hang ana ring Banje desa Bubuk Rogojampi, iki kabeh dilakoni kanggo ngedohi penyakit hang mateni iki. Sembayang Lebaran magih ana ring kene, naming masyarakat sing ulih kumpul-kumpul lan kudu njaga jarak. Iki kabeh uga kanggo nuruti aturan pemerintah kanggo ngelawan covid-19 iki, gediku Ikwan nguweni keterangan.

Ring Masjid Baiturrohim Satriyan desa Lemahbangdewo uga gediku kabeh reka daya dilakoni kanggo ngengetaken masyarakate makene waspada nyang penyakit iki. Solat Iedul Fitri tahun 1441 H nganggo aturan hang kaya dianjuraken pemerintah. Jamaah wajib nganggo topong, diperiksa sulung panase awake, wesuh nganggo sabun, sing salaman, lan nganggo jarak sakjerone solat jamaah. Lan maning masyarakat kudu langsung mulih mari solat Ied ring masjid. Sing ana selametan lan ancak-acakan kaya biyasahe ring tahun-tahun sakdurunge.

Nurut Karsono salah sijine anggota panitia PHBI (Peringatan Hari Besar Islam) Masjid Baiturrohim Satriyan kabeh iki wis disepakati Takmir Masjid Baiturrohim lan masyarakat dusun Satriyan. Dadine masyarakat wis paham nyang kahanan ring Lebaran mangsa covid-19 iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Antariksawan Jusuf