Semembur Penghargaan Kanggo Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 16 Desember 2021 08:53 WIB)
- Laporan
Pirangane dina sedurunge mengeti 250 taun dina dadine, kaya semembur penghargaan kanggo Banyuwangi.
Ring Jakarta dina Selasa sore Bupati Ipuk Fiestiandani nerima Penghargaan Program Smart Kampung teka Kementerian Komunikasi dan Informatika (Kemenkominfo).
Engkisuke dina Rebo, ring Surabaya, Banyuwangi ya nerima Penghargaan teka Komisi Informasi (KI) Provinsi Jatim, yaiku minangka Badan Publik Menuju Informatif tingkat kabupaten/kota se-Jatim hang setemene pemenange wis diumumaken tanggal 1 Desember kepungkur.
Hang ring Tangerang, Bupati Ipuk nerima ring iwuh hang nduweni aran Forum Indonesia Smart City Conference ring Tangerang.
"Program Smart Kampung hang digagas supaya nggampangaken pelayanan publik sampek ring tingkat desa, ditambah pemberdayaan. Asile yaiku ngunggahaken kesejahteraan sosial-ekonomi warga," jare Bupati Ipuk, nganggo basa Indonesia.
Smart Kampung iki minangka layanan desa nganggo cara rowat - njero kawat - (daring/online) hang seperene wis dianakaken ring 189 desa sak Banyuwangi. Kelawan program Smart Kampung, Banyuwangi wis nganggo cara rowat ring pirangane urusan dhaerah.
Pemerintah wis nggawe Rencana gedhi (masterplan) kanggo 100 kabupaten/kota hang dilaksanakaken sak suwine telung taun yaiku 25 dhaerah taun 2017, 50 dhaerah taun 2018 lan 25 dhaerah taun 2019. Dipilihe 100 kabupaten/kota iki dikarepaken dadi tuladha kanggo dhaerah-dhaerah liyane.
Jare Bupati Ipuk Smart Kampung iku minangka cara pemerintah dhaerah merujukaken pirangane sektor, hing mung pelayanan publik, naming uga ekonomi.
Ring Surabaya dina Rebo sore Banyuwangi diwani ring Komisi Informasi Propinsi Jawa Timur, Penghargaan minangka Badan Publik Menuju Informatif tingkat kabupaten/kota se-Jatim hang ana 38 kabupaten/kota.
Jare mbok Ermi Rosana hang makili bupati merga bupatine nong Jakarta nerima penghargaane, badan publik hang dievaluasi liyane yaiku KPU, Bawaslu, uga pemerintahan desa hang diajokaken ring saben kabupaten/kota.
Mbok Ermi, hang uga kepala Sekretariat Pejabat Pengelola Informasi Dan Dokumentasi (PPID), uga ngejak loro kepala desa hang milu omba kategori Desa, yaiku Ibu Eva Tristian Elti, kepala desa kelurahan Kalirejo, Kabat lan Ibu Mimin Budiati, kepala desa Glagahagung, Purworejo.
Ring taun 2021 iki Banyuwangi ya ulih pirangane penghargaan pariwisata Nasional liwat Desa Digital Tamansari lan uga ulih wolung penghargaan Kepariwisataan tingkat Jawa Timur, lan Terbaik pertama teka Jaringan Dokumentasi dan Informasi Hukum Nasional (JDIHN) 2021 Kementerian Hukum dan Hak Asasi Manusia (Kemenkumham).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







