Seniman Aliyan Ulih Sembako

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 22 April 2020 08:35 WIB)
- Laporan



Pagebluk Covid-19 (Corona Virus Disease tahun 2019) nggawe kabeh usahane uwong dadi sing karu-karuwan. Pegaweyan dadi sing mugen asile lan sing keneng dipastekaken anane kaya bengen. Paran maning hang aran seniman Banyuwangi hang mesthine golet asile teka tanggapan. Tanggapan ring pengantenan, tanggapan ring sunatan uga tanggapan ring hajatan liyane kaya ring festival.

Ring mangsa penyebaran virus corona iki kabeh kerameyan sing diidini ambi pemerintah. Iku kabeh kanggo medhot penyebarane virus corona iki. Alihe penggaweyane seniman akeh-akehe teka kerameyan iku mau. Saiki wong golet asil lan golet pegaweyan utamane seniman dadi angel. Warung, kafe-kafe, lan hotel-hotel sing ulih nganakaken kerameyan paran maning nganakaken hiburan arupa kesenian. pegaweyane seniman kabeh wis cumpleng merga sing ana tanggapan. Sing ana tanggapan artine sing ana asil lan sing ana picis hang dienggo urip saban dinane.

Hang gediki iki arep sambatan nyang sapa, merga kabeh ya padha-padha ngalami lan ngelakoni .

Emane bain ring Desa Aliyan pemerintah desane gelem ngarteni nyang uripe para seniman iki. Kepala desane ngupayakaken bantuwan kanggo para seniman ring desane. Ana dhung 46 seniman hang diweni bantuwan paket sembako. Paket sembako iku isine antarane bain beras, lenga, mie instan, gula lan liya-liyane.

Anton Sujarwo, SE Kepala desa Aliyan nerangaken dhung kegiyatan iki murni dianakaken pemerintahane merga iyane peduli nyang nasibe para seniman ring mangsa Pagebluk Covid-19 (Corona Virus Disease tahun 2019) taun iki.

Anton Sujarwo hang bengen asale teka seniman iki bisa ngerasakaken kelendi bengen nyatane iyane urip sakdurunge dadi kepala desa. Perasaane iki pungkase hang ngerog atine ngupaya bisa nguweni nyang para seniman hang ana ring desa Aliyan.

Dina Jemuwah, 17 April 2020 manggon ana ring Balai Desa Aliyan pas jam papat soren, disakseni Babinsa lan Babinkamtibmas seniman desa Aliyan ulih bantuwan sembako teka kepala desane. Punky Hartono salah sijine seniman bisa ngucap sukur nyang Pengeran merga ring wayah laip kaya gediki magih ana hang gelem peduli nyang para seniman. Bantuwan sembako iki bisa nulung nyang para seniman ring mangsa pandemi corona iki.

Desa Aliyan hang kelebu desa adat iku nyatane uga sing bisa dilalekaken teka usahane para seniman. Umpamane bain adat Keboan lan Pasar Ien iku uga bisa kawujud teka urun tenagane warga masyarakat desa Aliyan lan para seniman ring desa kana.

Iku kabeh mestine ihtiar hang dilakoni pemerintahan desa Aliyan kanggo ngadhepi tanggap darurat penyebaran virus corona. Sing lali uga Anton Sujarwo, SE kepingin pagebluk iki gancang untas teka bumi iki. Makene urip iki balik maning kaya bengen. Golet sandang lan pangan sing angel. Penguripan ring desa bisa balek kaya bengen maning. Mari gedigu aju pasrah nyang Pengeran. Merga kabeh iki sing luput uga kuwasane Pengeran hang maha Agung. Amin.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Desa Aliyan

Editor: Antariksawan Jusuf