Sepuluh Cerita Anak Basa Using 'dikenceti' Balai Bahasa Jatim
Nur Holipah (dipublikasikan pada Selasa, 10 Maret 2026 08:13 WIB)
- Laporan
Sakat 2021 sampek seperene, wis Enem taun lawase Basa Using milu urun ring iwuhe Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur. Taun iki, ana sepuluh naskah Cerita Anak Basa Using – Indonesia hang arep diuwot BBPJT kelawan digital. Rolas dina (21 Januari – 1 Pebruari 2026), panitiya nguweni wektu kanggo penulis sak Jawa Timur ngelumpukaken naskahe. Asile wis diumumaken Kemis, 26 Pebruari 2026 sabane. Sakliyane 10 naskah teka Basa Using, ana 46 naskah Bahasa Jawa lan 9 naskah Bahasa Madura. Kabeh naskah iki arepe dikenceti liwat Penelaahan Substansi (Isi Cerita). Serehne Penyuntingan Bahasa Daerah lan Bahasa Indonesia ana wayahe dhewek liya dina.
Kelawan ngundang Dian Kristiani, Barbara Eni, lan Watiek Ideo, penelaahan dijadwalaken rong dina (Senin lan Selasa 9-10 Maret 2026) liwat Zoom Meeting. Awaludin Rusiandi, M.A. hang dadi Ketua wayah kawitan nyampekaken gok kabehe ana 320 naskah hang melebu. Kadhung ring taun 2023 lan 2024 BBPJT magih nganggo jenjang B, tahun iki padha kaya taun 2025 sore. Naskah hang dikarepaken BBPJT tahun iki ya magih Pembaca Semenjana (jenjang C). Kadhung nurut aturan teka Pedoman Perjenjangan Buku nomer 030/P/2022, buku cerita jenjang C diantarakaken perkiraan kesetaraan (approximate grade) kanggo lare umur 10–13 taun. Aturan hang katon kanggo naskah jenjang C yaiku: paling akeh 12 kata sak kalimat. Paling akeh 4 paragrap sak halaman. Lan paling akeh 5 kalimat sak paragrap.
Heni Kurniawati wong Kemiren hang mulang ring SDN 1 Tamansuruh, dadi salah siji hang ketiban sampur naskahe lolos. Iyane ngakoni gok nulis cerita anak jenjang C iki angel merga durung kulina nggambuhaken antarane sains, teknologi, alam, seni, matematika, lan unsur teradhisional. Jare Heni, semasa wis duwe ide cerita kang apik bab karakter kang apik, during cukup. Merga kudu nambahi unsur STEAM iku mau. Dadi magih kudu mikiraken kelendi carane STEAM iku melebu nong jero cerita. Semasa weruh aluwane, seru dhemene. Ceritane dadi lebih anteb. Cocog diwaca lare saiki kanggo mbangun karakter kang cerdas.
“Isun magih durung yakin polane yara durung rungu komentare penelaah kelendi. Aja-aja ceritanisun kang wis lolos sayembara iku magih akeh lupute. Sing wani ngomong akeh, nganteni mari belajar ambi penelaah sulung…” abane Heni mamang.
Dr. Puji Retno Herdiningtyas, S,S., M.Hum. ngarepaken penulis gancang-gancang mbecikaken naskahe hang wis dikenceti ambi para narasumber penelahaan. “Silakan penulis segera mengubah, mengurangi atau menambah, swasunting sesegera mungkin supaya semua agenda terlaksana sesuai jadwal…” gedigu penjaluke Bu Retno Kepala Balai Bahasa Jawa Timur wayah nguweni sambutan.
Sepuluh naskah Basa Using hang arep ditelaah yaiku:
- Diah Budiarti – Rahasia Warna nang Kawah Ijen
- Elisa Dwi Susanti – Kukuk Seloputo
- Fais Zathur Rosida – Ha! Bapak Rika Kebo?
- Heni Kurniawati – Ngerumat Si Naga Abang
- Gara-gara Langu – Irdani Priyanka Ashari
- Lailatul Badriyah – Keajaiban Adonane Pia Glenmore
- Lailatul Chomisah – Ngangsu
- Lutfi Syarfiyah – Memengane Telu Kanca
- Nur Holipah – Tilikana Tah Sulung!
- Roro Syariati Sani – Mburu Geni Birau
"Lolos durung karuwan lulus, magih kudu telikas mbecikaken..." gedigu pungkase Heni ngomong, nyang reportere belambangan.com
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Nur Holipah
Editor: Antariksawan Jusuf