Setaune Sekolah Adat Pesinauan Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 24 Januari 2022 15:00 WIB)
- Laporan
Sore iku tanggal 21 Januari, minangka dina kang istimewa kanggone kanca-kanca ring Pesinauan. Merga iku dina kawitan Pesinauan mengeti dina dadine Sekolah Adat Osing hang kaping sepisan.
Jare bagiyan Litbang Pesinauan mbok Wiwin Indiarti, nyeja mung nampilaken lalare Pesinauan, sing ngundang penampil teka jaban. Genjot hang disedhiyakaken ya mung husus kanggo lalare iku tampil.
Mesthi bain iku kabeh tujuwane kanggo nambah merujuke rasa kaju nyang lalare iku, masiyatah saben-saben lare nduweni kelebihan dhewek-dhewek. Kabeh lare istimewa, kabeh pantes ulih panggon ring genjot hang ana.
Pesinauan ring Sawah Art Space iki artine program sinau kanggo lalare kang arep sinau adat, tradhisi, kesenian, tani lan olah-olahan tradhisional.
Tujuwane nguri-uri lan ngelestarekaken adat lan tradhisi ring wilayah adat Using sak Banyuwangi.
Wadhah sinau budaya sedurunge wis dilakoni lalare enom kayata Macaan Lontar Yusup lan Latihan Gerak Dasar Tari Tradhisi.
Genjot hang ana ya mung genjot hang biyasah dideleng ring kampunge, kaya dene pertunjukan rakyat ring acara iwuh wong duwe hajat.
Para penonton sebagiyan para wong tuwek utawa beraya lan kanca-kancane lalare Pesinauan lan pendhudhuk sakubengane desa Kemiren lan desa Olehsari. Kabeh disurasa kaya pesta cilik masarakat desa. Perayaan hang dirasakaken nggawe bungahe kabeh warga.
Mula hang dadi murid ring Pesinauan iki lalare Kemiren lan Olehsari hang umure teka 9-17 ana kira-kira lare 30. Ana pisan hang sekala milu ring materi husus.
Kabeh padha muji sukur gok hajat sedherhana iki bisa kelaksan kelawan lancar. Akeh hang milu megiyet, milu ngelungaken tangan ndhukung kegiyatan iki. Ana hang nyumbang picis, beras, gula, kopi, panganan lan jajan maneka maceme. Kabeh milu ubed, kabeh gotong royong megiyet bareng.
Pesinauan iki diedegaken ring Pengurus Daerah Aliansi MasyarakatAdat Nusantara (PD AMAN Osing) Banyuwangi.
Uwong-uwong kang milu ngersaya ngedegaken yaiku kang Slamet Diharjo aliyas Samsul, Wiwin Indiarti, Anasrullah, Ilham Saifulloh, Venedio Nala Ardisa, Saskia Gandis, Dinda Anggun, Pudi Rahayuningsih lan Jorghirona Herdiawan.
Pesinauan iki artine panggonan sinau kanggo lalare hang arep sinau adat tradhisi, kesenian, tani, lan olah-olahan tradhisional.
Kegiyatane dibagi ring tema-tema hang ana yaiku:
Tema Budaya: bahasa, kesenian, tradisi, adat istiadat, makanan tradisional, permainan tradisional.
Tema Ekologi: pengetahuan jenis-jenis tanaman dan manfaatnya, kelestarian lingkungan, tataguna air.
Tema Kesehatan: pengetahuan tentang tanaman obat-obatan dan cara pengobatan tradisional.
Tema Ekonomi dan kewirausahaan: usaha ekonomi kreatif berbasis budaya dan tradisi.
Tema Hukum dan Advokasi: nilai-nilai toleransi, hukum adat, advokasi masyarakat Using.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







