Sumbangan Ikawangi Sumatera Kanggo Korban Lindhu

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 02 Maret 2022 09:05 WIB)
- Laporan



Ater-ater: Kelendi kabare wong-wong hang dadi korban lindhu gedhi ring Pasaman Barat, Sumatera? Reporter Ikawangi Sumatera hang milu nekani langsung ring panggonan lindhune, Hery Susanto, ngelaporaken kahanane.

Lindhu anter skala 6,2 Richter ngerusak pirang-pirangane bangunan lan umah ring Kabupaten Pasaman Barat, Sumatra Barat tanggal 25 Pebruari sore. Malah serang antere sampek lindhune kerasa ring kota Pekanbaru Riau.
   Kelawan rasa welas sak padha-padha, Ikawangi Sumatra gancang mangkat engkisuke kanggo ngelungaken bantuwan.
  Tim relawan hang ngoordinir kang Ade Riyanto dibantu ring kang Hery, mangkat teka Pekanbaru nggawa bantuwan logistik kebutuhan pangan kayata susu, mie instan, beras, gula lan liyane kanggo wong-wong hang dadi kurban.
   Tim iku merlokaken wektu sampek 12 jam teka Pekanbaru sampek nong panggonane, ngeliwati perengan Bukit Barisan, liwat dhaerah Talu sampek nggadug ring panggonan hang paling rusak ring Nagari Kajai, Nagari Pinagar lan Simpang Ampek.
    Mula kondhisine seru parahe akeh umah-umah pendhudhuk, pasilitas umum, panggonan ibadah hang rubuh merga lindhu tektonik iki. Kondhisine magih sesehan, selengkerahan durung bisa dibecikaken. Paran maning magih ana lindhu-lindhu susulan. Dadi wong-wonge ya magih jaga-jaga wedi ana lindhu hang gedhian maning.
   Wong-wonge iku magih manggon ring tendha-tendha hang diedegaken ring Badan Nasional Penanggulangan Bencana (BNPB) lan uga hang diedegaken dhewek ring masarakat hang ana ring pinggir-pinggir dalan.
   Dalanan kampung hang munggah mudhun kadhang nong perengan gunung merga ana ring sikile Gunung Talamau, ndadekaken sarane mbagi bantuwan. 
   Tim relawan Ikawangi hang nggawa bantuwan logistik wis mbagekaken ring 10 panggonan lan posko bencana hang ana ring Nagari Kajai. Aju diterusaken melakune ring limang panggonan ring Nagari Pinagat aju sampek Simpang Ampek.
   Kiriman bantuwan teka Ikawangi Sumatra iki buru dikawiti ring Trip 01. Seperene Ketua Umum ISG kang Nirhudayat magih terus ngelumpukaken bantuwan kanggo sumbangan korban. Rencanane arep ana Trip 02 hang mbagi bantuwan liyane.
   Sapa bain sak Indonesia hang gelem ngelungaken tangane kanggo ngewani bantuwan, bisa milu nyumbang kanggo "Ikawangi Peduli Korban Gempa Pasaman Barat" bisa nyumbang liwat rekening atas nama Ikawangi Sumatra Grup, Bank BRI Nomer: 70100-102-8365-539.




Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor