Tadabur Alam IPNU-IPPNU

NURHARIRI (dipublikasikan pada Selasa, 01 Februari 2022 10:06 WIB)
- Laporan



Sing kerasa adheme hawa hang nggeget untu, sing kerasa larane sikil keneng kerikil, lare-lare lanang lan wadon ceburan ring banyu hang dibebeng dadi panggon adus-adusan ring wisata Jopuro Dusun Rejopuro, Desa Kampunganyar, Kecamatan Glagah, Kabupaten Banyuwangi. Sing ketinggalan Thulik lan Jebeng IPNU-IPPNU Ranting Singotrunan kecamatan Banyuwangi uga padha geguyonan sak kancaan,  ciblungan lan siram-siraman banyu ngorahi jembung cingkire ngadhepi masalah-masalah hang ana ring umahe, pegaweyane, utawa ring sekolahe. Lare-lare hang sing gelem adus dieret ambi kancane aju diceburaken ring kolam, dadi adil, kelambine keblesan kabeh, ngerasaken adheme banyu sumber hang kening. Maksud lan tujuwane acara adus-adusan iki makene dadi rukun lan tambah parek kekancaan Thulik lan Jebeng IPNU-IPPNU Ranting Singotrunan.

Sak durunge acara adus-adusan, Thulik lan Jebeng IPNU IPPNU iku nganakaken kumpul-kumpul ring salah sijine warung hang ketepakan warunge tutup, dadi bisa bebas manggon ring pelatarane warung iku. Acara hang dianaken ring dina Minggu tanggal 30 Januari 2022 iku, jare Ketua IPNU ranting Singotrunan hang aran Ahmad Fauzi, "Acara kumpul-kumpul iki tujuwane yaiku Tadabur alam, mikir-mikir gawenane Pengeran, hususe sesawangan hang ana ring kene, sumber banyu kening hang semono gedhene, mili aju bisa nguripi wong-wong akeh ring desa iki. Sak marine dipikir-pikir aju ana kerenteg ati rasa sukur ring Pengeran hang wis ndadekaken alam, nambah rasa takwa lan rasa ngakoni kadhung menungsa iki sing ana paran-parane dibandhingaken Hang Maha Kuwasa. Kaping pindho ngukuhaken anggota, makene bisa melaku bareng sak jerone ngelakokaken program-program hang wis disepakati. Ring acara iki uga ana nguweni piyagam penghargaan kanggo anggota hang paling aktip. Ring acara iki uga disiyapaken Delegasi IPNU FEST yaiku futsal lan tenis meja, uga disiyapaken pisan program sekolah persidangan,”

Acara iki uga ditekani ambi Ketua Tanfidziah NU Ranting Singotrunan, Kang Nurhariri, Ketua Fatayat NU Ranting Singotrunan, Mbok Nurlaili, uga ana Ketua UPZIS Ranting Singotrunan, Kang Muhammad Nurbanni Yusuf.

Ketua NU Ranting Singotrunan, Kang Nurhariri nguweni arahan gok lare enom, Thulik lan Jebeng IPNU-IPPNU iki ibarate kaya banyu, kudu semangat melaku terus, banyu sakat teka sumber mili sampek ring panggon pungkasan (cita-cita) yaiku segara, masiya dibebeng, banyu sing bakal meneng, malah banyu saya munggah mendhuwur aju mili metu ndhuwure bebengan aju nerusaken lakon nggayuh kekarepan. Dadiya banyu kening hang bisa nggawe manpaat kanggo liyane, aja asat kadhung durung ngelegakena gorokane wong hang padha ngelak lan kepanasan. Muga-muga banyu mili hang ana ring kene iki bisa dadi inspirasi ring atine dhewek-dhewek, beda ati, beda pisan nguweni makna ring lakune banyu iki.

Acara iki ditutup donga ambi Kang Muhammad Nurbanni Yusuf, muga-muga diweni apik donya lan akherat, uga diselametaken teka geni neraka. Aamiin yaa Robbal’aalamiin.

 

Bumi sholawat badar

Banyuwangi; 30 Januari 2022

 

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor