Tan Tjin Djin, Arsitek Bangunan Keraton Macan Putih (4-pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 03 Maret 2026 08:26 WIB)
- Opini
Ditulis ring Kang Ujik
Sewijine dina, ana perahu Slup Betawi, ngangkut para budhak lanang-wadon, tuwek-enom, gedhi lan cilik kira-kira akehe 60 sampek 70 uwong.
Kabeh padha dirante wesi sakat teka sikil sampek gulune, dikuwatiraken para budhak iku ucul utawa ngamuk. Nalika gadug ring pareke gunung Sembulungan, perahu slup Betawi iku mandheg sing bisa maju ya sing bisa mundur. Taping pikire pegawe perahu iku kaya wis melaku sak ulan lawase.
Sampek hang aran bontotan uwis emeh entek. Para pegawe perahu kuwatir para budhak padha mati ring geladhag. Ring antarane para budhak iku ana salah siji budhak hang penganggone sing kaya liyane. Potongane kaya kesatriya.
Rombongan perahu Slup teka Betawi hing bisa maju lan mundur. Ana salah siji budak hang dirante sikil sampek gulune. Mara-mara bain, rante wesi hang nyingset teka gulu sampek sikile iku coplok lan gemboke magih wutuh. Kesatriya iku aju njuged-njuged ambi ngoceh cara Cina aju celuk-celuk juragan perahune: “He…. juragan perahu slup, weruhana Isun Kongca hang aran Tan Tjin Djin. Panggonanisun ana ring pucuk gunung Sembulungan. Gawanen Isun nyang negari Belambangan, supaya Isun bisa urip selawase ring kana”.
Mari ngomong gedigu iku, Kongca Tan Tjin Djin melencat teka perahu slup aju melaku ring ndhuwure segara, dietutaken perahu slup mau. Tan Tjin Djin mentas ring pesisir aju menek ring pucuk gunung Sembulungan.
Ring kono ana patung telu. Siji patung hang ukurane gedhi, hang loro cilik-cilik. Sing suwi patung-patung iku digotong mudhun teka pucuk gunung Sembulungan lan digawa munggah ring perahu aju layar maning nyang pelabuhan Banyualit. Gadug pelabuhan Banyualit, juragan perahu slup mudhun teka perahune aju ngumpulaken wong-wong Cina ring kono. Serta wis padha kumpul, Tan Tjin Djin cerita asal muasale sampek iyane arep dipateni wong-wong Mengwi lan pungkasane uwong hang diperentah mateni sing wani, aju milu dadi kawulane Tan Tjin Djin sampek gadug pucuk gunung Sembulungan. Mula, Tan Tjin Djin cerita kadhung iyane kepingin lungguh ring pucuk gunung watu (Watudodol) selawas-lawase, ambi niteni kedadeyan paran hang arep diterima keraton Mengwi lan Macan Putih negari Belambangan.
Mari cerita gedigu iku, Kongca Tan Tjin Djin diterima ambi wong-wong China hang ana ring panggonan kono kelawan seneng ati, lan sepakat nggawekaken umah gedhi lan latar hang wera ring Lateng.
Nalikane Adipati Belambangan, Mas Alit ngajak kabeh warga ngalih teka Kutha Lateng nyang istana anyar ring Tirtaganda utawa Banyuwangi tanggal 24 Oktober 1774, uwong-wong Cina hang ana ring Kutha Lateng katut diajak ngalih nyang Banyuwangi lan dipanggonaken ring kampung pinggir kalen gedhi hang aran Kampung Pecinan.
Tulisan iki dijuwut sebagiyan teka tulisan anak putune Tan Tjin Djin ring Buleleng (Singaraja) tanggal 2 Juni 1880. Arane sing ketulis jelas. Kanggo ngerujuk bener lan singe cerita iku, isun uga mbukak-bukak buku hang ana kaitane ambi tahun 1667-an sampek tahun 1774.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.