Tanduran Tamba, Jeruk Pecel Kanggo Lare Sumeng

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 19 Mei 2026 08:09 WIB)
- Laporan



Jeruk pecel gediku wong Banyuwangi ngarani. Jeruk pecel kelebu tanduran ring keluwarga famili Rutaceae (suku jeruk-jerukan). Jeruk iki uga kasebut jeruk nipis naming ana uga hang ngarani gok jeruk nipis beda ambi jeruk pecel.

Jeruk iki aran latine yaiku  Citrus × aurantiifolia. Sakat kuna-makuna tanduran iki wis dikenal akeh kandungan  vitamin C lan asam sitrat. Sing salah kadhung jeruk iki mesthi dadi sandhingane wong ngombe jamu. Iku merga sakliyane akeh pitamin banyu peresan jeruk bisa ngilangaken sengir ana ring gorokan sakmarine ngombe jamu utawa dikeceraken nyang jamu iku mau. Paran bain hang bisa waras nganggo jeruk pecel sakteruse ana ring ngisor iki:

Sumeng (Ngedhunaken panas)

Lare cilik antarane telung taun sampek umur 12 taun biyasahe gampang keneng awak panas utawa sumeng. Lare cilik hang kakehan tingkah kadhang uga uwah awake iki ndadekaken lare mauka panas awake utawa peradangan ringan ana ring sakjerone awake.

Jeruk pecel (jeruk nipis) ambi lenga keletikan salah sijine tamba/jamu kanggo lare cilik hang panas awake dhuwur. Lare cilik hang awake panas utawa sumeng ana uga hang ngarani sumer banyune jeruk pecel iki bisa ngenthengaken lan nyegah panas tambah ndadi.

Carane nggawe

Jeruk pecel separo bain diiris aju diperes dijuwut banyune dicampur ambi lenga keletikan (minyak kelapa). Campuran hang wis diuled ramed iku mau aju dikelusur utawa diborehaken nyang sak awake lare cilik hang panas utawa sumeng, dikelusur rata mulai gulu sampek delamakan sikil.

Kasiyate

Kandungan asam laurat nong lenga keletikan (minyak kelapa) ana antioksidan lan (flavonoid/vitamin C). Jeruk pecel (jeruk nipis) dadi antipiretik alami hang sanggup ngurangi peradangan lan ngedhunaken panas (menurunkan suhu tubuh). Bisa uga dadi antibiotik, antiseptik, anti bakteri lan anti inflamasi. 

Cacaken bain iki obat/tamba kunane wong Using Banyuwangi sakat kuna-makuna

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf