Tanduran Tamba, Jeruk Pecel Kecap Kanggo Watuk Ngekel
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 26 Mei 2026 07:02 WIB)
- Resensi
Jeruk pecel kecap! Iki salah sijine obat/jamu hang wis lawas dipercaya ambi wong Banyuwangi kanggone tamba penyakit watuk hang ngekel (batuk berdahak), serak sing enak awak merga gorokan uwah sing kaya biyasahe.
Jeruk pecel, gedigu wong Banyuwangi ngarani. Jeruk pecel kelebu tanduran ring keluwarga famili Rutaceae (suku jeruk-jerukan). Jeruk iki uga kasebut jeruk nipis naming ana uga hang ngarani beda jeruk nipis beda ambi jeruk pecel.
Jeruk iki aran latine yaiku Citrus × aurantiifolia. Sakat kuna makuna tanduran iki wis dikenal akeh kandungan vitamin C lan asam sitrat. Sakliyane akeh vitamin banyu peresan jeruk bisa ngilangaken sengir ana ring gorokan sakmarine mangan lenga-lengaan utawa gorengan utawa mari ngombe jamu. Sakteruse Paran bain hang bisa waras nganggo jeruk pecel ana pring ngisor iki:
Watuk Ngekel (Batuk Berdahak)
Jeruk pecel hang akeh pitamin C lan antioksidan kanggo nguwataken awak (daya tahan tubuh) makene sing gampang keserang bakteri lan racun hang teka njabane awak.. Kandungan asam sitrat ring njerone jeruk bisa ngenceraken riyak hang ana ring gorokan. Sipate hang anti-inflamasi dienggo ngenthengaken tatu (peradangan) hang ana ring gorokan hang kadhung digeningaken bisa dadi iritasi.
Kecap manis dadi campuran kanggone netralaken rasane jeruk hang kecut. Jeruk hang kecut iku mau kadhung kecampur kecap dadi gampang anggone melebu nong njero gorokan hang wis keneng peradangan iku mau. Iki penting kanggone wong-wong hang sensitip nyang rasa kecut.
.Carane nggawe
Jeruk pecel separo bain diiris aju diperes dijuwut banyune nong njero gelas cilik. Sakteruse kecap manis hang akehe 2 sendhok mangan dicampuraken nong njero gelas hang wis ana banyune jeruk. Sakteruse campuran iku mau dileboni banyu anget sak gelas cilik. Mari diguthek langsung diombe aja nganteni adem.
Kasiyate
Sipate jeruk hang anti-inflamasi dienggo ngenthengaken tatu (peradangan) hang ana ring gorokan hang kadhung digeningaken bisa dadi iritasi.
Kecap manis bisa dadi protein lan zat besi hang bisa njaga vitalitas awak. Kecap manis uga bisa netralaken rasane jeruk hang kecut. Cacaken bain iki obat/tamba kunane wong Using Banyuwangi sakat kuna-makuna.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Hani Z. Noor