Tanduran Tamba, Kunir Madu kanggo Kempung
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 27 Juni 2026 07:01 WIB)
- Resensi
Hang aran panganan anggone wong jaman saiki iki wis akeh-akehe panganan instan (panganan gelis-gelisan) saiki diolah saiki dipangan. Panganan hang gediki iki akeh nggawa penyakit kayadene lambung, kolesterol, alergi lan kangker. Mula iku kudu ati-ati kadhung nyang panganan instan iki, ulih mangan tapi aja digawe panganan saban dina.
Penyakit Kempung utawa lambung gampang kembung, nyulep-nyulep nong njero weteng lan mangkug-mangkug iki uga bisa merga panganan instan (cepat saji). Ring artikel iki ana tanduran tamba hang kadhung diombe ajeg bisa nambani penyakit kempung/lambung iku.
Kunir madu kadhung didadekaken tamba penyakit kempung/lambung seru apike nyang kesehatan merga sing duwe efek sampingan merga kelebu obat-obatan herbal. Ombenana wedang kunir madu hang ajeg, weteng dadi enak awak dadi sehat.
Carane:
- Kunir sak wuku dicom banyu panas (kaya wong gawe teh) bisa uga bubukan kunir utawa parutan kunir seger nong banyu panas
- Tambahana sak sendok madu asli kadhung banyu wis anget-anget kuku (makene nutrisi madu sing ilang).
- Diombe sak durunge mangan isuk-isuk tangi turu utawa arep mapan turu.
Kandhungan
- Gastritis, lan GERD, bisa ngenthengaken penyakit maag marasaken tatu nong lambung.
- Antioksidan ningkataken imunitas lan ngelawan radikal bebas
- Kunir madu bisa dadi antimikroba alami hang nggarai penyakit ana ring njero awak.
Kasiyate
Racikan kunir ambi madu duwe kasiyat kanggone weteng (kempung) merga ana kurkumin kandungan zat kesehatane awak. Kurkumin iku senyawa hang bisa ngedhem peradangan utawa tatu nong njero weteng hang rasane nyulep-nyulep nong njero weteng.
Sakliyane iku madu uga bisa dadi pelapisan mukosa lambung kanggo nyegah iritasi merga zat asam hang ana ring lambung.
Cacaken bain iki obat/tamba kuna wong Banyuwangi hang wis dipercaya sakat kuna-makuna lan wis kebukti kasiyate.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf